1 Terus malaikat sing kelima damu sangkakalane, karo weruh kewan sing tiba kang langit meng duwur bumi, karo kae di wei anak kunci jurang patih. 2 Mulane dibukakna jurang patih kae, terus munggah kukus kang bolongan kae kaya kukus tanur gede, karo srengenge karo bumi dadi peteng nang kukus kue. 3 Kar kukus pada metu walang-walang meng duwur bumi karo aring deweke diwei kuasa sing pada kaya kalajengking sing nang bumi. 4 Karo deweke diprentah, men deweke aja ngrusak suket-suket nang bumi karo wit-witan, seliane menungsa sing ora nganggo segel Allah nang jenggute. 5 Karo deweke diprentah udu nggo mateni menungsa, tapi kur nggo nyiksa deweke limang wulon suene, karo nyiksa kae kaya kalajengking, men kae ngentup menungsa. 6 Karo pada wektu kae wong-wong arep ngolet pati, tapi deweke arep ora nemukna,karo deweke arep kepengin mati, tapi pati mlayu kang deweke. 7 Karo rupane walang-walang kae pada kaya jaran sing di siapna nggo perang, karo nang duwur siraeh deweke ana sing kaya mahkota emas, karo rupane deweke pada kaya rupa menungsa. 8 Kaya rambut deweke pada kaya rambute wong wedon karo untune pada kaya untu macam, 9 Karo dadane deweke pada kaya klambi zirah, karo moni sayape deweke kaya monine sepur sing ditarik nang jaran, sing agi mlayu meng medan perang 10 Karo buntute pada kaya kalajengking karo ana entupe, karo nang njero buntute ana daya deweke nggo nyiksa menungsa, limang wulan suene. 11 Karo raja sing mrentah deweke ya kue malaikat jurang patih: jenenge nang njero nang jero basa Ibrani ya kue abadan karo nang njero basa Yunani ya ue Apolion. 12 Celaka sing pertama uwis liwat, siki arep nyusul loro cilaka maning. 13 Terus malaikat sing ke enem ndamu sangkakalane, karo aku krungu suara metu kang ke papat sungu mezbah emnas sing nang ngarepe Allah. 14 Karo ngomong aring malaikat sing ke enem karo njekel sangkakalane kae: "losna kepapat malaikat sing kejiret perek kali gede Efrat. 15 Terus dilosna kepapat malaikat sing uwis di siapna kanggojam karo dina, wulan karo taun ngo mateni seprapat kang umat menungsa. 16 Karo cacah tentara kae ya kue rong puluh ewu laksa prajurit sing ngonggo jarani aku krungu cacaeh deweke. 17 Mulane aku weruh nang njero seweruhku kie juran karo wong-wng sing nunggangi; deweke nganggo klambi zirah, abang geni karo biru karo kuning blereng warnane: ndase jaran-jaran kae pada kaya endas macan, karo kang cangkeme metu geni, karo kukus kang belerang. 18 Karo kukus karo belerang, sing metu kang cangkeme. 19 Merga dayane jaran-jaran kae ana nang njero cangkeme karo nang njero buntute pada kaya ula: deweke ndase deweke gue nekakna kerusakan. 20 Tapi menungsalia, sing ora mati nang mala petaka kae, ora tobat kang kelakuane tangane deweke: deweke ora mandeg nyembah roh-roh jahat karo patung kang emas karo perak, kang tembaga watu karo kaya sing ora bisa deleng apa ngrungokna apa mlaku. 21 Karo deweke ora tobat kang pada mateni, sihir, mecuti karo colongan.