Pasal 10

1 Lan aku weruh malaekat liya sing rosa muduh sekang sujarga, gerumbulan mega, lan kuwung ana nang duwur sirane lan raine padha karo srengenge, lan sikile pada karo saka geni. 2 Sajero genggemane deweke nyekeli saluntungan kitab cilik seng mbukak. Deweke ideki-sekil tengen nang duwur segara lan sikill kiwene nang duwur bumi, 3 Lan deweke ngomong karo melung-melung padha karo macan sing ngaung. Lan sawise deweke bengok-bengok, kepitu guruh kuwe ngrongokna swarane. 4 Lan sakwise kepitu guruh kuwe rampuh ngendike aku nulisna, nanging aku krungu ana swara sekang suargo ngomong: "Tengerna bae apa sing di omongna nang kepitu guruh kuwe lan aja kowe nulisna!" 5 Lan malaikat sing aku weruh ngadek nang duwur segara lan nang duwur bumi, njunjung tangan tengene ring langit. 6 Lan deweke nyumpah demi kowe seng ulip gutul selawas, sing wis nyiptakna langit lan sekabeh isine, lan bumi lan sekabeh isine, lan segara lan sekabeh isine, jarene: "ora arep ana tundaan maning! 7 Nanging pada wektu moni sangkakala sekang malaikat sing ketelu, yakuwē menawane deweke damu sangkakalane, uga arep mutusna rahasia Gusti Allah, kaya sing wis deweke sebarna maring hamba-hambane, yakuwe para nabi." 8 Lan suarane sing wis rungokna sekang langit kuwi, ngomong bireng maring aku jarene: "Lunga, lunga gluntungan kitab sing mbukak meng tangan malaikat, sing ngadek nang duwur segara lan nang duwur bumi kuwe." 9 Terus aku lunga maring malaikat kuwi lan njaluk maring kae supayane deweke ngewei luntungan kitab kae maring aku. Jerene maring aku: "Jiotna lan panganan kae, deweke arep gawe wetengmu krasa pait, angger nang jero cangkemu ya arep kerasa legi kaya madu!" 10 Terus aku jikot kitab kuwe sekang tangan malaikat kuwi, lan mangane: nang jero cangkemku ya kerasa legi kaya madu, banjur sawise aku mangan, wetungku dadi pait rasane. 11 Mulane kuwe ngomong maring aku: "kowe kabeh kudu gawe maning maring kabeh bangsa lan umat basa lan raja."