1 Banjur diwenehna inyong glagah, rupane kaya tongkat ukuran, karo omongane kaya kiye: “Tangiya lan ukuren umah suci Allah lan Mesbah lan kae kabeh sajroning ibadah, 2 Nanging latare Bait suci meng njaba aja diukur, mergane deweke wis diwenei bangsa-bangsa liyane lan kae kabeh arep ngidek-idek kota suci patang puluh loro sasi lawase. 3 Lan Inyong arep menei perintah maring saksi Inyong loro supaya kae kabeh padha nubuat karo perkabungan, sewu rangatus suwidak lawase. 4 Kae kabeh wit zaitun loro. Lan kaping pindo cagak sentir singadek meng ngarepe Gusti alam ndonya. 5 Yen ana wong sing nglarani kae kabeh, kae kabeh ngetokna geni saka cengkeme nggosongna musuhe kabeh. Lan yen ana wong sing arep nglarani kae kabeh, dadi wong iku kudu mati kaya iku. 6 Deweke nduweni kuasa nutupi langit, supaya aja ana udan sajroning kae kabeh ngomong wasiat. Lan kae kabeh nguasani banyu kanggo ngrubah supaya dadi getih, lan kanggo nggebuk bumi sawarnaning malapeta, miturut sakarepe kae kabeh. 7 Yen kae kabeh wis ngrapungna paseksene, dadi kewan sing muncul saka teleng, arep perang nglawan kae kabeh karo ngalahna lan mateni kae kabeh. 8 Lan bathange wong kae kabeh di deleh ana tengahe dalan kutha gede, yen secara karohanen dijenengi Sodom karo Mesir, mengendi bae Gustine deweke disalibna. 9 Banjur wong-wong seka bangsa endi bae lan suku lan bahasa lan kaum ndeleng bathange wong kae kabeh sepertelone dina suwene banjur wong-wong kuwi kabeh ora ngolehna bathange wong kae kabeh dikuburna. 10 Banjur kae kabeh sing manggon ana ndunya padha seneng lan seneng merga kae kabeh banjur pesta banjur ngirimna hadiah merga nabi loro iku wis didadekna kasengsaran kanggo kabeh wong sing manggon ana meng ndunya iki. 11 Telung dina setengah banjur roh kauripan seka Allah mlebu meng kae kabeh, banjur kae kabeh padha urip lan kabeh wong sing padha ndeleng kae kabeh padha dadi wedi banget. 12 Lan wong-wong iku krungu babagan suara seka suwarga sing seru mengkene maring kae kabeg: “Munggaha mengena” Banjur kae kabeh munggah meng langit, ditutupi mega, disaksekna karo musuh-musuhe kabeh. 13 Banjur ana lindu sing gede banget, lan sepersepuluh bgian seka kutha iku rubuh, lan pitung puluh ewu wong mati merga lindu iku, lan wong-wong liyane pada keweden banget, banjur muliana Allah meng Suwarga. 14 Kasengsaran sing kaping lorowis klewat, kasengsaran kaping telu ora suwe banjur teka. 15 Banjur malaekat sing kaping pitu ngunekna trompete, lan krungu ana suwara seru seka suwarga, mangkene: Pemerintahan meng ndonya dicekel karo Gestine dewe kabeh lan Deweke sing diurapi, lan Deweke memerintah dadi raja seturus-teruse. 16 Lan sing patlikur sesepuh, sing njagong ana ngareoe Allah ning nduwur tatahe kae kabeh, sumungkem lan nyembah Allah. 17 Kari omonge: inyong kabeh ngucap syukur maring Rika, ya Gusti, Allah, sing Mahakuasa, sing ana lan sing wis ana merga Rika wis ngaku kuasane Rika sing gede lan wis mulai memerintah dadi raja. 18 Lan kabeh bangsa wis pada kesuh, nanging kesuhe Rika wis tekan wektune, lan wektune kanggo wong-wong mati diadili lang kanggo menei upah maring playan-playan Rika, nabi-nabi lan wong-wong suci lan maring kae kabeh sing pada wedi karo jenenge Rika, maring wong-wong cilik lan wong-wong gede, lan kanggo mbinasana sing sapa mbinasana bumi”. 19 Banjur kabuka Bait Suci Allah meng Suwarga, lan keton banget Tabut Perjanjiane, meng njero Bait Suci iku lan dadi cleret lan bledhek banjur udan es sing deres.