Pasal 8

1 Lan nalika Anak Domba iku mbuka materai sing kaping-kaping pitu, swarga sepi banget kira-kira suwene setengah jam. 2 Banjur inyong weruh malaekat pitu, sing ngadeg ning ngarepe Allah, lan maring kabeh dinei srompet pitu. 3 Banjur teka malaekat liyane. Sing ngadeg cedhak mesbah karo gawa padupan emas. Maring deweke dinei menyan kanggo pedupan bareng-bareng wong suci ning duwur mesbah emas ning ngarepe tahtane iku. 4 Banjur kukusing menyan munggah bareng-bareng karo dongane wong-wong bener iku saka tangan malaekat meng ngarepe. 5 Banjur malaekat iku njiot pedupan iku, di iseni nganggo geni seka mesbah, banjur di tibakna meng jagat, banjur njebluk kaya gludhuk di barengi bledhek karo lindu. 6 Malaekat pitu nyekel trompet pitu iku tata-tata arep diunekna. 7 Banjur malaekat kang kapisan ngunekna trompete banjur dadi udan es lan geni kecapur getih, lan kabeh mau dibalangna meng bumi, banjur sapeertelone buni lan sapertelon wiwitan kubong lan suket-suket ijo padha geseng. 8 Banjumengr malaekat kapindo ngnekna trumpete lan ara gunung gedhe sing mubyar-mubyar genine di balangna meng segara. Sapertelone segara iku dadi getih. 9 Sapertelone titah sak njroning segara padha mati lan sapertelone kabeh prahu ancur. 10 Banjur malaekat kaping telu ngunekna trompete banjur ana lingtang gedhe tiba seka langit, mubyar-mubyar kaya obor, banjur nibani sak pertelone kali-kali karo tuk-tuk. 11 Jenenge lintang iku apsintus, banjur sapertelone kabeh banyu dadi apsintus, banjur akeh wong padha mati amerga banyu iku, merga banyune wis dadi pait. 12 Banjur malaekat kang apat ngunekna trompete, banjur sapertelone srengenge lan wulan kena banjur sapertelone saka lintang-lintang kena pentunngan banjur sapertelone dina awan dadi peteng mengkona uga bengine. 13 Banjur inyong deleng: inyong krungu manuk nasar mabur meng tengah langit banjur omonge “cilaka, cilaka, cilaka kowe kabeh sing manggon sak nduwure bumi merga unine trompet katelu malaekat liyane, sing isih ngunekna trompete.