1 Banjur sekang iku inyong deleng papat malekat njanggleng ananeng papat pojok bumi lan kae padha nahan papat angin bumi, supayane aja ana angin ngibit neng darat, utawa neng segara utawa wit-witan. 2 Inyong weruh sijining wong malekat lia metu sekang panggunan sing srengenge meletek. Dewekke nggawa metere Allah sing urip; lan dewekke nyuara karo suara seru maring papat malekat sing diprentahna kanggo ngerusakna bumi lan segara. 3 Omonge: “Ajaha ngrusakna bumi utawa segara utawa wit-witan seurunge inyong padha meterekna rayat-rayat Allah inyong padha ana bathuk kae padha.!” 4 lan akku krungu jumlah kae padha sing dimeterekna kue satus patang puluh papat ewuk sing uwis dimeterekna sekang sekabehe suku turunan Israel. 5 Sekang suku Yehuda rolas ewu, sing dimeterekna, sekang suku Ruben rolas ewu, sekang suku Gad rolas ewu. 6 Sekang suku Asyer rolas ewu, sekang suku Naftali rolas ewu, sekang suku Manasye rolas ewu. 7 Sekang suku Simeon rolas ewu, sekang suku Lewi rolas ewu, sekang suku Isyakar rolas ewu. 8 Sekang Sebulon rolas ewu, sekang suku Yusuf rolas ewu, sekang suku Benyamin rolas ewu. 9 banjur iku inyong weruh: “setemene, kumpulan gede wong akeh sing ora keetung akehe, sekang segala bangsa lan suku lan kaum lan basa ngadek neng ngarepe takhta Allah neng ngarepe Anak Domba nganggo jubah putih lan nyekel godong-godong palem neng tan kae padha. 10 Lan karo suara aos kae padha berseru, keslametan bagi Allah inyong padha sing njagong neng duwur tahta bagi Anak Domba!”. 11 Lan kabeh malaekat ngadek ngubengi takhta lan tua-tua lan papat mahluk kue kae padha tersungkur neng ngarepe takhta kue lan nyembah Allah. 12 Karo ngomong “Amin! Puji-pujian lan kemulyan lan hikmat lan sukur; lan ormat lan kekuasaan lan kekuatan kanggo Allah kie padha butul sesuwe-suwene, amin!” 13 Lan sijining wong sekang antarane tua-tua iku ngomong maring inyong; sapa kae padha sing nganggu jubah putih iku lan sekang ngendi kae padha teka?” 14 Dadi omongku maring kae: “Majikanku, Majikanku, uwis ngerti. Banjur dewekke ngomong maring inyong: “kae padha kiye wong-wong sing metu sekang kesusahane sing gede; lan kae padha wis ngumbah jubaeh kae padha lan gawene putih sejeroneng getih Anak Domba. 15 Jalaran kae padha ngatek neng ngarepe tahta Allah lan nglayani dewekke ngawan beni neng bait sucine. Lan dewekke sing njagong neng duwur tahta kue arep bentangena kemaeh neng nduwur kae padha. 16 Kae-padha ora arep rekasa kecot lan ngonggor maning lan serngenge utawa panas terik ara arep ngenani kae padha maning. 17 Sebab Anak Domba sing neng tengah-tengah tahta kue arep angon kae padha lan arep nuntun kae-padha maring tuk penguripan. Lan Allah arep mbusek sekabehe luhe sekang kae-padha.