Pasal 6

1 mulané kuwé inyong weruh Anak Domba kuwé mbukak matrai sing pertama sekang matrai pitu kuwé, lan inyong krungu mahluk sing pertama sekang mekluk papat kuwé ngomong nganggo swara kaya bledég “mayuh”! 2 Lan inyong nga weruh: sebeneré ana wong sing nyekel panah lan wong kuwé di wéi mahkota, nunggang jaran putih. Banjur dhéwéké maju dadi sing menang nggo ngrebut kemenangan. 3 Lan sewektu matrai sing keloro dibukak nang Anak Domba kuwé, inyong krungu makluk sing keloro ngomong: “mayuh”! 4 Banjur maju jaran liyané. Jaran warna abang ditunggangi nang wong sing diwéi kuasa nggo njiot ayem tentrem sekan donya kiyé, mulané wong-wong kuwé padha patén-paténan lan wong kuwé di wéi pedhang sing gedhé. 5 Lan sewektu matrai sing ketelu dibukak nang Anak Domba kuwé, inyong krungu makluk sing ketelu ngomong: “mayuh”! Banjur ana wong sing nyekel timbangan nang tangané sing nunggang jaran ireng. 6 Lan inyong krungu swara sekang tengah-tengahé makluk kuwé kaya kiyé: “seliter gandum sedinar, lan telung liter jelai sedinar. Ningén lenga lan anggur kuwé aja dirusak. 7 Lan sewektu matrai kepapat dibukak nang Anak Domba kuwé, inyong krungu makluk sing kepapat ngomong: “mayuh”! 8 Lan inyong weruh: Ana jaran ijo kuning ditunggangi wong sing jenengé pati lan krajaan pati ngetutna dhéwéké. Wong-wong kuwé diwéi kwasa seprapaté ndonya nggo mapaténi karo pedhang, nganggo penyakit sampar lan kencotén, lan uga kéwan-kéwan galak sing ana nang ndonya. 9 Lan wektu matrai sing kelima dibukak nang Anak Domba kuwé, inyong weruh jiwa-jiwané wong-wong sing uwis dipaténi merga sabdané Gusti Allah lan merga dadi sekai nang ngisor méja pedupan. 10 Wong-wong kuwé ngorong-orong nganggo swara sing seru kaya kiyé: “Arep tekan kapan Hé penguasa sing suci lan bener, penjenengan ora ngakimi lan ora mbales getihé inyong padha maring wong-wong kaé sing ana nang donya? 11 Lan maring wong-wong kuwé unggal wong diwéi jubah putih siji lan diwei ngerti, nék wong-wong kuwé kudu sabar nganték genep jumlaéh peladén-peladén lan sedulur-seduluré wong kuwé sing arep dipaténi padha kaya wong-wong kuwé. 12 Pas wektu matré sing keenem dibukak nang Anak Domba kuwé, inyong weruh ana gempa sing ngédab-édabi nang ndonya. Srengéngéné dadi irang kaya kudhung rambut lan wilané dadi abang kabéh kaya getih. 13 Lan lintang-lintang nang awang-awang padha tiba maring ndonya kaya wit ora sing agi ngambrolna wah-wahé ning enih mentah kaya pas wit kuwé di orang nang angin sing banter. 14 Banjur awang-awangé dadi ciyut kaya gulungan kitab sing digulung, gunung-gunung lan nuca padha geser sekang nanggonané. 15 Raja-raja, penggedhé-penggedhé, perwira-perwira, wong-wong angih sing nduwe kwasa, kabéh batur lan wong merdéka sing ana nan ndong a kabéh padha umpetan nang gowa-gowa lan perek watu-watu gunung. 16 Lan wong-wong kuwé ngomong maring gunung-gunung lan watu kuwé: “Ambruga maring inyong padha lan umpetna inyong padha sekang dhéwéké sing njagong nang ndhuwur tahta, lan sekang murkané Anak Domba kuwé” 17 merga uwis gutul dina murkané lan sapa sing kuwat ngadhepi kuwe.