1 Inyong weruh nang tangan tengené dhéwéké sing njagong nang tahta kuwé, sewijiné gulungan kitab, sing ditulisi sisih njero lan sisih njabané lan diwéi meteré pitu. 2 Lan inyong weruh malékat sing gagah, sing ngomong suara seru: “sapa sing patut mbukak gulungan kitab kuwé lan mbukak materé kuwé?” 3 ningén oranana siji-sijia wong sing nang sewerga utawa sing nang ngisor ndonya, sing téyéng mbukak gulungan kitab kuwé utawa sing téyéng ndeleng njeroné. 4 Banjur inyong nangis nlangsa pisan, merga oranana siji-sijia wong sing dianggep patut mbukak gulungan kitab kuwé utawa ndeleng njeroné. 5 Banjur salahsijiné wong ngomong sekang tua-tua kuwé, maring inyong: “kowé aja nangis! Sebeneré, Singa sekang Yehuda, yakuwé thukulané dhawud, uwis menang. Dhéwéké téyéng mbukak kitab kuwé lan mbukak pitu meteréné”, 6 dadiné inyong weruh nang tengah-tengah tahta, lan makluk papat kuwé nang tengah-tengah kani tua kuwé Anak Domba ngadeg kaya tes disembeléh, sunguné pitu lan matané pitu; kuwé mau Roh Allah pitu sing diutus meng kabeh ndonya. 7 Banjur Anak Domba kuwé teka lan nampani gulungan kitab kuwé sekang tangané dhéwéké sing njagong nang ndhuwur tahta kuwé. 8 Wektu dhéwéké njikot gulungan kitab kuwé, njur sujud makluk papat lan patcikur kamitua, kuwé nang ngarepé Anak Domba kuwé, nyekel kecapi siji-siji lan cangkir emas siji-siji, kebek menyan: kuwé mau dongané wong-wong suci. 9 Lan wong-wong nembang lagu anyar omongé; “kowé patut nampa gulungan kitab kuwé lan mbukak meteré-meteréné; merga kowé uwis nampa gulungan kitab kuwé lan mbukak meteré-meteréné merga kowé uwis disembeléh lan karo getihé kowé, kowé uwis mbayar wong-wong nggo Allah sekang unggal suku lan basa lan kaum lan bangsa”. 10 Lan kowé uwis ndadékna wong-wong dadi krajan siji, lan dadi imam-imam nggo Allahé dhéwék, lan wong-wong arep mréntah nggo dadi raja nang ndonya. 11 Banjur nyong weruh lan krungu swara malékat akéh ngubengi, tahta, makluk-makluk lan kamitua-kamitua kuwé; jumlahé wong-wong kuwé jutaan lan milyaran. 12 Ngomongé karo swara seru: “Anak Domba sing disembeléh kuwé patut nama kewasa lan kesugihan lan hikmat lan kuwat lan hormat lan kemulyan lan puji-pujian”. 13 Lan inyong krungu kabéh makluk sing nang sewerga lan sing nang donya lan sing nang segara lan kabéh sing ana nang njeroné, ngomong: “kanggo dhéwéké sing njagong nang ndhuwur tahta lan nggo Anak Domba, kuwépadha puji-pujian lan hormat lan kemulyan lan kewasa gutul selawas-lawasé”. 14 Lan makluk papat kuwé ngomong: “Amin” lan kamitua-kamitua kuwé tiba sujud lan nyembah.