Pasal 4

1 Sawise kue aku weruh: lawang kebukak nang swarga lan swara sing aku tau krungu biyen, ngangani aku kaya moni sangkakala, ngomonge: ngeneh munggah Aku arep nidoki kowe apa sing bakal kedadian bare kiye. 2 Banjur aku dikuasani Roh lan delengen: sawijine singg ana ngadeg nang swarga di lenggaih siji wong. 3 Lan piyambake sing ngelenggaih singgasana kue rupane kaya permata Yaspis lan permata Sardis: ana kuwung ngubengi singgasana kue meling-meling kaya jamrud rupane. 4 Nang saubengane singgasana kue ana patlikur singgasana, lan singgasana-singgasana mau pada di lenggaik para sepuh sing padha nganggo sandhangan putih lan padha nganggo makutha mas. 5 Sekang singgasana kuwe methu kelap-kelep bledek lan guntur, pitung obor kae padha murup nang sengarep singgasana mau: yakue Roh Allah. 6 Lan nang ngarepe singgasana kue ana kaca segara rupane kaya kristal: nang sa tengaeh singgasana kue diubeng pathang makhluk sing duwe akeh kebeh mata nang sebelah raine lan nang sebelah burine. 7 Anadene makhluk kang disit rupane kaya singa, lan makhluk sing ke loro kaya anak sapi, lan makhluk sing ke telu rupane kaya manungsa, lan makhluk sing ke papat rupane kaya manuk nazar sing lagi mabur. 8 Kepapat makhluk kue siji-sijine padha duwe sewiwi enem seubengane lan sebelah jerone kebek karo mata, lan pada ora leren awan lan wengi ngucap: "Suci, suci, suci Gusti Allah, kang Mahakwasa, sing wis ana lan sing bakal rawuh." 9 Lan saben wektu makhluk-makhluk kue pada ngunjukna puji-pujian lan hormat lan sukur aring panjenengane sing lenggah nang singgasana kae lan sing urip langgeng selawas-lawase. 10 Mula pada sungkem patlikur para sepuh nang ngarsane panjenengane sing lenggah nang singgasana kaē, lan siji-sijine kabeh deweke pada nyembah panjenengane sing urip langgeng selawa-lawase. Lan karo padha geletakna makutane nang ngarep singgasana kae, jerene padha: 11 "Dhuh Gusti lan sesembahan kito, paduka layak nampa puji-pujian lan hormat lan kwasa: Merga paduko ingkang nitahna sekabehane lan merga kersane paduko sekabehane dadi ana lan diciptakna.