Pasal 3

1 Lan tulis nana maring malaikat jemaat nan Sardis: kigeloh Firman deweke; seng duweni kepitu Roh Gusti lan kepitu lintang kuwe: Aku ngerti kabeh pegaweanmu kowe diunekna urip, sakjane kowe mathi. 2 Tangio, lan tabahna karo seng wis netep seng wis meh mati, mergane ora siji bae sekang pegaweanmu Aku temokna kemulyan nang Pengarep Gusti-Ku. 3 Mulane kuwe elinga kepriwe kowe wis namupalan ngerungokna; manuto kowe lan mertobat! sakjane mek kowe ora wis pada Aku arep teka koyo maleng lan kowe ora ngerti karo wektu ngendi Aku ujuk-ujuk teka maring kowe. 4 Sakjane nang Sardis ana pirang-pirang wong seng ora ngotori sandangan, kabeh kuwe arep mtaku karo Aku njengok lambi puteh, mulane deweke kabeh patut koyo kuwe. 5 Angger sapa bae menang, bakal di gokna sandangah puteh seng kaya kuwe; Aku ora arep ngapusi jenenge sokang kitab kauripan, sakjane Aku arep ngaku jenengan nang ngarepen Bapa Ku tan nang ngarepan poro malaikat-Te. 6 Sapa seng dewe kuping, sakjane deweke ngerungokna apa seng di omongna Roh maring jemaat-jemaat." 7 "Lan tulisna maring malaikat jemaat nang Filadelfia: kiyelo Firman sekang seng kudus, seng bener, seng nyekel kunei Daud; rek mgono yo bukakna, ora eneng seng olih mutup; angger deweke nutup, ora nana seng oleh embukak. 8 Aku ngerti kabeh pegaweanmu delengna, Aku wis embukak lawang kanggo kowe, seng ora olih ditutup karo wong sapa, Aku weruh jane cedik jaan ne kowe ora sepira, nangeng kowe manut Firman-Ku lan kowe ora waleh jeneng-Ku. 9 Delengan, pirang-pirang wong sekang jemaat iblis, yakuwe sekabeh seng deweke wong Yahudi, meng seng sebenere ora kaya kuwe, nanane ngelononi, arep tak pasrah na maring kowe. Tenane Aku arep ngongkon sekabehe teka lan sungkem mengngarep sikile lan waleh, merga Aku melas maring kowe. 10 Mulane kowe manuto Firman-Ku, kanggo leken ngenteni Aku, mula Aku be arep ngelindungi kowe seka dina pengujian seng meneng nang bumi. 11 Aku teka gasik. Cekelen kuwe sing ana nang kowe supaya ora sawong bae jikot mahkotamu 12 Angger sapa bae menang, ya arep tak dadekna soko guru nang jero Bait Suci Gusti-Ku, lan ya ora arep metu maning seka kono; lan karo kowe arep tak tulis na jeneng Gusti-Ku, jeneng kuto Gusti-Ku, ya kuwi Yerusalem anyar, seng muduh seka suwargo seka Gusti-Ku, lan jeneng-Ku seng anyar. 13 Sapa ku pinge, tena ne ya ngrungokna apa seng di omong Roh maring jemaat-jemaat." 14 "Lan tulisna maring malaikat jemaat nang Laodikia kieloh Firman seka Amin, seksen seng setiolan bener, pengarepe seka ciptana ne Gusti Allah. 15 Aku ngerti kabeh kuwe pengaweanmu: kowe ora adem lan ora panas. Luweh balikke angger kowe adem utawa panas! 16 Dadi angger kowe anget-anget kuku, lan ora adem utama panas, Aku arep muntah na kowe sekang cangkem-Ku. 17 Mulane kowe ngomong: Aku sugih lan aku wis nyagihaken awakku lan aku ora kurangen apa-apa, lan mulane kowe ngerti, angger kowe kere, lan ngelesa kere, ora weruh lan wudha, 18 Mjur Aku ngomongi kowe: ben kowe nuku emas sekang aku seng wis dimurnekna njero geni, angger kowe dadi sugih, lan uga klambi putih, ben kowe enggonen, angger ora keton wudane seng ngisinna, lan maning lenga kanggo ngolesi mripatmu, ben kowe bisa deleng. 19 Sapa wong kang kak welasi, ya tak omongian tak hajar merga kuwe paskana atimu lan tobatto! 20 Delengen, Aku ngadek ning ngarep lawan lan notok; umpamane ana wong seng krungu swaraku lan mbukak na cawang, Aku arep mlebu uli-ulie lan Aku mangan bareng-bareng karo deweke, lan deweke bareng-bareng karo AKu. 21 Sapa wonge seng menang, ya arep tak jagongna bareng-bareng karo Aku nang duwur tahta-Ku, menawane Aku be meh merang lan njagong bareng-bareng karo Bapa-Ku nang duwur tahta-Ne. 22 Sapa seng duwe kuping, kudune ya ngnungokna apa seng diomong na Roh mareng jemaat-jemaate."