1 Tulisna aring malaikat jemaat nang Efesus: Kie Firman sekang Kae, sing nyekek ke pitu lintang kuwe nang tangan tengene lan mlaku nang antarane kepitu sikil dian emas kuwe. 2 Aku ngerti sekabenan pegaweanmu Apik susah payahmu utawane ketekunanmu. Aku ngerti, nek kowe ora isa sabar aring wong-wong jahat, Nek kowe wis nguji deweke sing nyebut Rasul, tapi sing sebenere ora kaya kuwe, nek kowe wis ngerti deweke tukang goroh 3 Lan kowe tetep sabar lan sengsara merga jenengku, lan kowe ora kenal kesel. 4 Tapi seteruse kudu eling. Saking jerone kowe wis keblinger mareni bae lan ngiakoni maning apa sing maune kowe nglakoni nek ora kaya kuwe, 5 Aku arep teka ring kowe lan aku arep njikot sikil dianmu sekang tempate seumpamane kowe ora mareni. 6 Tapi yakuesing ana nang kowe, ya kuwe sengit sekabenan kelakuan para wong-wong sing melu Nikolaus, sing aku sengit. 7 Sapa sing nduwe kuping, kudune kae ringokna apa sing di omongna roh aring jemaat-jemaat: sapa wong sing menang, kae arep tuk wei panganan sekang wit penguripan sing ana nang Taman Firdaus Gusti." 8 Lan tulisna aring malaikat jemaat nang Smirna: yakiye Firman sekang sing pertama lan sing akhir, sing wis mati lan urip maning: 9 Aku ngerti susahmu lan kekereanmu, tapine kowe sugih lan fitnah deweke, sing nyebut awake dewek, wong Yahudi tapine sing sebenere ora kaya kuwe sebalike deweke ya kuwe jemaah iblis. 10 Aja wedi aeing apa sing kudu kowe derita sebenere iblis arep mbalangna pirang wong sekang antaramu meny njero penjara supayane kowe di uji lan kowe arep olih susah sesuwe sepuluh dina. Kudune kowe setia nganti mati, lan aku arep ngaruniani kowe mahkota penguripan. 11 Sapa nduweni kuping, kudune kae ringokna apa sing di omongna Roh aring jemaat-jemaat: sapa bae sing menang, kae ora arep sengsara apa-apa nang pati ke loro. 12 Lan tulisna aring malaikat jemaat nang Pergamus. Iya kie firman kae, sing nganggo pedang sing landep lan nduweni mata loro. 13 Aku ngerti nang ngi kowe meneng: ya kuwe nang kana, nang tempat tahta belis, lan kowe ngakoni aring jenengku, lan kowe ora ngangel iman mu maring aku, ora pada jaman antipar saksiku, sing setia maring aku sing di pateni nang ngarepe kowe, nang panggonane belis. 14 Tapine aku nduweni pirang ke abotan aring kowe: Nang antaramu ana pirang wong sing nganut ajaran Bileam, sing ngewei saran aring balak nggo nyesatna wong Israel, supayane deweke mangan persembahan berhala lan gawe jinah. 15 Ya kaya kuwe nang kowe wong-wong sing ngakoni aring ajaran pengikut Nikolaus. 16 Sebab kuwe mareni! nek ora kaya kuwe aku arep secepete teka aring kowe lan aku arep madangi deweke karo pedang sing nang lambeku kiye. 17 Sapa nduwei kuping, kudune kae ringokna apa sing di omong Roh aring jemaat-jemaat: sapa bae sing menang, maring kowe arep tak wei sekang ndi sing di umpetna. Watu putih, sing nang duwure tertulis jeneng anyar, sing ora di ngerteni nang sapa bae. selaine nang sing nrima. 18 Lan tulisna aring malaikat jemaat nang Tiatira: ya kie firman Anak Allah sing mripate kaya geni murub lan sikile kaya tembaga. 19 Aku ngerti sekabenane pengaweanmu apik welas asihmu utawane imanmu, apik pelayananmu utawane ketekunanmu, Aku ngerti sekabenan pengaweanmu sing terahir lewin aken ketimbang sing ndisit. 20 Tapine Aku ngelek-ngelek kowe, sebabe kowe ngejorno wadon Izabel sing nyebut awake dewek nabiah ngajari lan nyesatna hamba-hamba ku supayane gawe jinah lan mangan persembahan-persembahan berhala. 21 Lan Aku wis ngewei kae wektu nggo mareni, tapine kae ora gelem mareni sekang jinaeh. 22 Delengna, aku arep mbalangna kae meng nduwur ranjang wong lara lan deweke sing gawe jinah karo kae arep takbalangna meng njero kesusahan sing gede, nek deweke ora mareni sekang kelakuan-kelakuane ne wadon kuwe. 23 Lan anak-anake arep tak pateni lan kabehan jemaat arep ngerti, sebenere aku sing nguji batin lan atine menungsa, lan sebenere aku arep mbales aring kowe samben wong menurut kelakuane. 24 Tapi aring kowe, ya kuwe wong-wong liya nang tiatira, sing ora melu ajaran kuwe lan sing ora nylidiki apa sing deweke sebut seluk beluke belis, aring kowe aku ngomong: Aku ora gelem mikul tanggungan liya sing koe. 25 Tapine apa sing ana nang kowe, jekel kuwe nganti aku teka. 26 Lan sapa sing bae menang nglakokna pengawenku nganti serampunge aring kowe arep tak karuniakna kuasa atas bangsa-bangsa. 27 Lan kae arep mrentah deweke karo tongkat wesi, deweke arep di remukna kaya tembikar tukang periuk pada kaya sing tak terima sekang ramaku. 28 Lan maring kae arep dikaruniani lintang wetan. 29 Sapa sing nduwe kuping, kudune kae ngringokna apa sing diamongna Roh maring jemaat-jemaat.