Pasal 18

1 Merga nang wektu kue inyong weruh malaekat liane mudun sekang swarga.deweke nduweni kekuasaan gede nang alam dunya dadi padang sekang kamulyaane. 2 Lan deweke ngomong karo swara sing seru,jerene: “ wis rubuh,wis rubuh Babel,kota gede kae,lan deweke wis dadi panggonan roh-roh jahat lan panggonan ngumpete kabeh manuk sing najis lan sing disengit, 3 merga kabeh bangsa wis nginum sekang anggur hawa nafsu maksiate lan raja-raja nang alam dunya wis nglakoni maksiat karo kae,lan tukang dagang nang alam dunya wis dadi sugih sekang akehe hawa nafsune.” 4 Terus inyong krungu swara liane sekang swarga ngmong: “lunga’a koe,he umat-Ku,lunga’a sekang kae ben koe ora melu kegawa bencana-bencanane. 5 Merga dosa-dosane wis numpuk-numpuk ngantek meng langit,lan Allah wis ngemut kabeh kejahatane. 6 Balesna meng kae,pada bae kaya kae uga mbalesna,lan wekena meng kae pirang kali lipet sekang pekerjaane,campurna loro kali lipet nang njero cangkir pencampurane; 7 wekena meng kae siksaan lan kesengsaraan,sekang akehe kemulyaan lan kesugihane,sing wis kae nikmati.Merga kae ngmong nang njero atine: Inyong berkwasa kaya ratu,inyong udu randa,lan inyong ora arep sengsara. 8 Merga kue kabeh bencanane arep teka nang sedina,yakue sampar lan kesengsaraan lan kekurangan pangan; lan deweke arep dibakar karo geni,merga Gusti Allah,sing ngakimi kae,yakue kuat.” 9 Lan raja-raja nang alam dunya sing wis nglakoni maksiat lan urip sekang kesugihane karo kae,arep nangisi lan mbayangna,seumpamane kae kabeh weruh kukus geni sing mbakar deweke. 10 Kae kabeh arep ngadeg adoh-adoh merga wedi arep disiksa lan kae kabeh arep ngmong: “Cilaka,cilake koe,hei kota sing gede,Babel,hei kota sing kuat,merga cukup sejam bae wis langsung ngakimi koe!” 11 Lan bakul-bakul nang alam dunya nangis lan sengsara merga koe,merga ora ana wong maning sing tuku barang-barange kae kabeh, 12 yakue barang-barang dagangane sekang emas lan perak, permata lan mutiara, sekang lenan alus lan bahan ungu, sekang sutera lan bahan kirmizi, macam-macame jenis barang sing mambune wangi, macam-macame jenis barang sekang gading, macam-macame jenis barang sing larang, sekang tembaga, wesi lan pualam, 13 kulit manis lan rempah-rempah, wangi-wangian, mur, menyan, anggur, lenga, glepung alus lan gandum, sapi-sapi, domba, kuda lan sepur, jongos lan mungkin nyawane menungsa. 14 Lan kae kabeh arep ngmong: “Wis ilang woh-wohan sing dipengini atimu,lan macem-macem sing apik lan bagus wis ilang sekang koe,lan ora arep ditemukna maning.” 15 Kae kabeh sing ndagangna barang-barange kue,sing wis dadi sugih sekang kae,arep pada ngadeg adoh-adoh merga wedi karo siksaane kue,karo nangis Lan nlangsa, 16 kae kabeh ngmong: “Cilaka, cilaka, kota gede kue, sing nganggo lenan alus, lan bahan ungu, lan bahan kirmizi, lan sing dihiasi karo emas, permata lan mutiara, merga cuman sejam tok kesugiahan seakehe kue arep ilang”. 17 Lan setiap tekong lan pelaut lan anak buah kapal lan kabeh wong sing penggaweane nang laut,ngadeg adoh-adoh, 18 lan ngmong,nalika deweke ndeleng kukus geni sing mbakari,jerene: “Kota ndi sing pada bae kota kie?” 19 Lan kae kabeh ngawurna debu meng nduwur ndase kae kabeh lan ngmong,karo nangis lan nlangsa,jerene: “ Cilaka,cilaka,kota gede,sing sekange kabeh wong,sing nduwe kapal nang laut, wis dadi sugih sekang barange sing larang, merga cuman sejam bae deweke wis mati. 20 ngrasa senenglah nggo kae, hei swarga, lan koe,hei wong-wong suci, rasul-rasul lan nabi-nabi, merga Allah wis nibakna ukuman nggo kae demi koe.” 21 Lan malaekat sing kuat,njunjung watu segede watu penggilingan,terus mbalangna meng njero laut,jerene: “Ya kaya kuelah Babel,kota gede kue,arep dibalangna saking bantere meng ngisor,lan deweke ora arep ditemukna maning. 22 Lan pemain-pemain kecapi lan penyanyi-penyanyi, lan tukang damuh barang lan sangkakala,ora arep diringokna maning nang uripmu,lan wong sing ahli nang senjerone kesenian ora arep ditemukna maning nang uripmu,swara penggilingan ora arep diringokna maning nang uripmu. 23 Lan sinare lampu ora arep nyala maning nang uripmu,lan swara penganten lanang lan penganten wedon ora arep diringokna maning nang uripmu.Merga bakul-bakulmu kue pimpinan-pimpinan nang alam dunya,sekang ilmu santetmu kabeh bangsa disengsarakna.” 24 Lan nang njerone ana getih nabi nabi lan wong-wong suci lan getih kabeh wong,sing dipateni nang alam dunya.