Pasal 17

1 Terus teka wong kang kepitu maaikat, sing gawa gelas kae karo ngomong aring aku. Ayuh aring ngeneh, aku arep nidokna aring koe keputusane kang pelacur gede, sing njagong nang nggon sing akeh banyune. 2 Karo kae raja-raja nang dunya sing ngawe cabul, karo sing tunggo dunya kie uwis mabok nang anggur percabulane. 3 Nang roh aku digawa meng padang gurun. Karo aku weruh wong wadon njagong nang duwur kewan sing abang ungu, sing kebek tulisan karo jeneng-jeneng sing elek. Kewan sing due pitu endas karo sepuluh sungu. 4 Karo wedon karo nganggo klambi ungu karo klambi kirmizi sing di hias karo emas, permata karo mutiara, karo nang tangane ana kaya gelas emas kebek karo segala kekejian karo najis percabulan. 5 Karo nang janggute ana tulisan jeneng, kaya rahasia: "babel gede, biung karo gadis-gadis pelacur sing kang kekejian dunya." 6 Karo aku weruh wong wadon kae mabok nang getien wong-wong suci karo getih seksi-seksi Yesus. Karo aku delengna, aku gumun banget. 7 Terus jere malaikat kae aring aku: "nangapa koe gumun? aku arep ngomong aring koe rahasia wong wedon kae karo rahasia kewan sing manggulna, kewan sing ndase pitu karo sungune sepuluh kae. 8 Ana kewan sing uwis koe weruh kae, uwis ana, tapi ora ana, kae arep metu kang jurang maut, yague deweke sing ora tertulis nang njero kitab keuripan wektu dunya didadekna, arep gumun, apa maning deweke weruh, merga kewan kae uwis ana, tapi ora nana, karo arep teka maning. 9 Sing penting nang kene yague utek sing ngandung hikmat: kepitu sirah kae yakue pitu gunung, sing nang nduwure wong wedon agi njagong, 10 Kepitu yakue pitu raja mbireng: lima nang antarane uwis tiba, sing siji ana karo sing lia urung teka, karo nek kae teka, kae arep nang kene nggo sementara tok. 11 Karo kewan sing tau ana karo sing siki ora ana kae, kae dewek anu raja ke wilu karo tapi siji kang kepitu kae karo kae nuju aring kematen. 12 Karo kesepuluh sungone sing uwis aku weruh kae yakue sepuluh raja, sing urung mulai mrentah, tapi sejam sue deweke arep nrima warisan dadi raja, bareng karo kewan koe. 13 Deweke setia seomong, kekuatan karo kekuasaane deweke aweh aring kewan kae. 14 Deweke arep perang nglawan anak wedus. Tapi anak wedus arep ngalahna deweke, merga kue anu tuan nang duwur segala tuan karo raja nang duwur segala raja. Deweke sing di celuk, sing uwis dipilih karo sing setia." 15 Terus kae ngomong aring aku: "kabeh banyu sing uwis koe weruh, nang ndi gadis pelacur kae njagong, anu bangsa-bangsa karo rakyat akeh karo kaum karo basa. 16 Karo kesepuluh sungu sing uwis koe weruh kae karo kewan kae arep sengit pelacur kae karo deweke arep mangan daginge karo mbakarna karo geni. 17 Merga Allah uwis nerangi arine deweke nggo nglakukna kesenengane karo setia seomong karo nggo ngewekna pemerintahane deweke aring kewan kae, nganti kabeh firman Allah uwis digenapi. 18 Sing wong wedon sing uwis koe wweruh kae, kota gede sing mrentah nggo raja-raja nang dunya.