Pasal 16

1 Lan inyong krungu suara sing merdu sekang njero Bait Suci ngmong meng kepitu malaekat kue: “ lunga lan suntekna kepitu cangkire murka Allah kue maring nduwur alam dunya.” 2 Mula lunga malaekat sing kesiji lan deweke nyuntekna cangkire nang nduwur alam dunya; mula dadi muncul bisul (wudun) sing jahat lan sing bahaya nang kabeh wong sing nganggo tenger sekang kewan kue lan sing nyembah meng patunge. 3 Lan malaekat sing keloro nyuntekna cangkire maring nduwur laut; mula banyune dadi getih,kaya getih wong mati lan dadi mati kabeh sing ana nyawane,sing urip nang njero laut. 4 malaekat sing ketelu nyuntekna cangkire maring nduwur kali-kali lan titik banyu(mata air),lan sekabeane dadi getih. 5 Lan inyong krungu malaekat sing nguasani nang laut kue ngmong: “Adil Koe,Koe sing ana lan sing wis ana,Koe sing suci,sing wis nibakena ukuman kie. 6 Merga kae kabeh wis nyunteknka getih wong-wong suci lan para nabi,Koe uga wis ngaweh kae kabeh minum getih; masalah kue patut nggo kae kabeh!’’ 7 Lan nyong krungu mezbah kue ngomong: “ Ya Gusti,Allah,Sing Mahakwasa,bener lan adil kabeh pengakiman-Mu.’’ 8 Lan malaekat sing kepapat nyuntekna cangkir meng nduwur srengenge,lan meng deweke diwei kwasa nggo nggesengna menungsa sekang geni. 9 Lan menungsa digesengna sekang panase geni sing dahsyat,lan kae kabeh nghina jeneng Allah sing nduwe kwasa sekang bencana-bencana kue lan kae kabeh tetep ora tobat nggo mulyakana Kae (Gusti Allah). 10 Lan malaekat sing kelima nyuntekna cangkire meng nduwur takhta kewan kue lan kerajaane dadi peteng,lan kae kabeh nyokot ilate dewekke merga kelara-an, 11 lan kae kabeh nghina Allah sing nang swarga merga kelara-an lan merga bisule kae kabeh,tapine kae kabeh tetep ora tobat sekang kelakuane-kelakuane dewekke. 12 Lan malaekat sing keenem nyuntekna cangkire meng nduwur kali sing gede,kali Efrat,terus dadi garing (sat) banyune,ben wis siap dalan nggo raja-raja sing teka sekang sebelah wetan. 13 Lan inyong weruh sekang cangkem naga lan sekang cangkem kewan lan sekang cangkem nabi palsu kue metu telu roh najis sing mirip kodok. 14 Yakue roh-roh setan sing nganakena kelakuan-kelakuan ajaib,lan kae kabeh lunga meng raja-raja nang sekabeane alam dunya,nggo ngumpulna kae kabeh kon perang nang dina gede,yakue dina Allah sing mahakwasa. 15 “Deleng,Nyong teka kaya maling,ngrasa senenglah kae,sing ngati-ati lan sing nggatekna anggon-anggone,ben deweke aja mlaku ora karo wuda aja ngantek keton aurate(kemaluane).” 16 Terus deweke ngumpulna kae kabeh nang panggonan,sing kaya nang bahasa Ibrani kesebut Harmagedon. 17 Lan malaekat sing kepitu nyuntekna cangkire meng awang-awang langit. Lan sekang njero Bait Suci krungu ana swara sing merdu sekang takhta kue,jerene: “Wis kelakon.” 18 Mula nyorotl kilat lan gemuruh munine gludug, lan dadi lindu sing dahsyat kaya sing urung pernah kedadeyan kawit menungsa ana nang nduwur alam dunya.Saking gedene lindu kue. 19 Terus keparo kota gede kue dadi telu bagian lan ambruk kota-kota bangsa-bangsa sing ngenal Allah.Mula dadi kemutan Allah karo Babel gede kue nggo ngawehkena cangkir sing penuh karo anggur kekesuhane murka-Ne. 20 Lan kabeh pulau ilang lenyap,lan ora ditemukna maning gunung-gunung. 21 Lan udan es gede,seabot 100 ton,tiba sekang langit nibani menungsa,lan menungsa ngelekena Allah merga bencana udan es kue,merga bencana kue gede banget.