1 Lan inyong weruh sawjine tanda liya nang langit, gede lan elok : pitu malaikan karo pitu bebendu kang keri, mergo kanggo iku wis rampung bebendune Allah 2 Lan inyong weruh sawijining koyodene segera kaca iku ngadeg wong-wong sing wis ngalahna kewan iku lan rencanane lan itungan jenenge. Sarto deweke ana kecapine Allah. 3 Lan deweke ngidungna Musa, abdine Allah, lan kidunge anak Domba, onine :” gede lan pakaryan paduka, duh Tuhan, Allah, kang maha kuasa!. 4 Sapa sing orak wedi, duh Tuhan , lan sing orak ngluhurken asma paduko ? Mergo panjengan sing suci, amargo kabeh bangsa arep teka lan sungkep nyembah panjenangan, merga wis ketingal kelesing kabeh pengadilan paduka.” 5 Sawise kaya kwe inyong weruh wong ngengap aken Bait suci tarup paksesen – ing swarga. 6 Lan kepitu malaikat karo kepitu bebendu kwe, metu sekang bait suci, nganggo lawan sing putih resik lan gemilat-gemilat lan dadane kajiret pinggul sekang emas. 7 Lan siji sekang papat mahluk iku ngulungna maring kepitu malaikat iku, pitu mangkok sekang ewas sing kebek isi bebendane Allah, ya iku Allah sing urip sekang selawas-lawase. 8 Lan Bait suci iku dikebeki kukus merga keluhurane Allah lan merga panguasae Allah , lan sijine wong men orak bisa mlebu Bait suci iku sadurunge wawelak kepitu bebendune sekang pitu m alaikat iku.