1 Merga nang wektu kue inyong krungu kaya swara seru lan alus sekang kumpulan akeh wong nang swarga,jerene: “Haleluya! Keslametan lan kamulyan lan kwasa ya kue nang Allah-e dewek kabeh, 2 merga bener lan adil kabeh penghakiman-Ne,merga Gusti Allah sing ngakimi pelacur gede kue,sing ngrusak alam dunya karo ke-elekane; lan Gusti Allah sing wis mbalesna getihe kawula-kawula-Ne sekang pelacur kue.” 3 Lan nggo ping pindone kae kabeh ngmong:”Haleluya! Ya,kukuse munggah nganti selawas-lawase.” 4 Lan kepatlikur tua-tua lan kepapat makhluk kue ambruk sungkem lan nyembah Allah sing njeggong nang nduwur takhta,lan kae kabeh ngmong” Amin,Haleluya.” 5 Terus krungu kaya swara kang takhta kue: ”Pujilah Allah-e dewek kabeh,he koe kabeh kawula-Ne,koe sing wedi meng Kae (Isa Almasih),arep cilik utawa gede!” 6 Terus nyong krungu kaya swara kumpulan wong akeh,kaya gemurueh ombak lan kaya gludug sing dahsyat,jerene: “Haleluya! Merga Gusti,Allah-e dewek kang Mahakwasa,wis dadi raja. 7 Ayuh dewek kabeh pada seneng lan bungah,lan mulyakna Kae! Merga dina kawinane Anak Domba wis teka,lan penganten-Ne wis siap. 8 Lan sekang kae di nei kon nganggo bahan lenan alus sing kemerlip-kelip lan sing putih lan resik!” (Lenan alus kue ibarat kaya kelakuan-kelakuan sing bener sekang wong-wong suci.) 9 Terus kae ngmong meng inyong: “Tulisna: Ngrasa senenglah kae kabeh sing wis diundang meng perjamuan kawinan Anak Domba.” Jerene maning maring inyong: “Omongan kie kue bener,omongan-omongan sekang Allah.” 10 Mula inyong ambruk sungkem nang ngarep sikile nggo nyembah kae,tapi dewekne ngmong meng nyong: “Mbok aja nglakoni sing kaya kue! Nyong kue kawula,pada karo koe lan sedulur-sedulurmu,sing duwe keseksen Isa. Sembahlah Allah! Merga keseksen Isa kue roh nubuat.” 11 Terus inyong weruh swarga mbukak: sebenere,ana siji kuda putih; lan dewekne sing nunggangi jenenge: “Sing Setia lan Sing Bener,” Deweke(Gusti Allah) mengakimi lan perang nganggo adil. 12 mata-Ne umpama murube geni nang nduwur ndas-E ana akeh mahkota lan nang deweke ana tulisan kaya jeneng sing ora di ngerteni wong siji acan,kecuali Kae dewek. 13 Lan Deweke nganggo jubah sing wis dicelupna njero getih lan jeneng-E ya kue: “Firman Allah.” Lan kabeh pasukane sing nang swarga ngetutna Kae (Gusti Isa Almasih); kae kabeh nunggang kuda putih lan nganggo lenan alus sing putih lan resik. 14 Lan kabeh pasukane sing nang swarga ngetutna Kae (Gusti Isa Almasih); kae kabeh nunggang kuda putih lan nganggo lenan alus sing putih lan resik. 15 Lan sekang cangkem-E metu pedang landep sing arep nggo ngantem kabeh bangsa. Lan Deweke arep nggembalakena kae kabeh karo gada wesi lan Deweke arep meres anggur nang njero penggilingan anggur,yakue kekesuhane murka Allah,sing Mahakwasa. 16 Nang jubah-Eh lan pupu-Ne ana tulisan jeneng yakue: Raja sekabehe raja lan Tuan nang nduwur sekabehe Tuan.” 17 Terus inyong weruh siji wong malaikat ngadeg nang njero srengenge lan deweke ngmong nganggo swara seru lan alus aring kabeh manuk sing mabur nang tengah langit,jerene: “Ayuh aring ngeneh lan pada ngumpul nggo melu aring perjamuan Allah, perjamuan sing gede, 18 Ben koe mangan daginge kabeh raja lan daginge kabeh wakil raja lan daginge kabeh penunggange lan daginge kabeh wong,arep sing merdeka utawa kawula,arep sing cilik utawa sing gede.” 19 Lan inyong weruh kewan kue lan raja-raja nang alam dunya sarta prajurit-prajurite kae kabeh wis ngumpul nggo nglakukna perang nglawan penunggang kuda kue lan prajurit-E. 20 Mula ketangkep kewan kue lan bareng-bareng karo kae nabi palsu,sing wis ngadakna tenger-tenger nang ngarep matane,lan karo kue deweke nyengsaraakna kae kabeh sing wis nrima tenger sekang kewan kue lan sing wis nyembah patunge. Lorone dibalangna urip-urip meng njero segara geni sing nyala-nyala sekan belarang. 21 lan kabeh wong liane dipateni karo pedang,sing metu sekang cangkeme penunggang kuda kue; lan kabeh manuk wareg sekang daginge kae kabeh.