Pasal 3

Sabda Sing Sejati 1 Akhire, sedulur-sedulur, pada sing seneng amargo koe kabeh uwis nang ngawiji karo Isa Almasih. Inyong ora krasa abot kanggo baleni apa sing uwis tok tulis kanggo rika saurunge merga kue apik kanggo kewarasanmu. 2 Ngati-ati karo wong-wong sing lakune sembrono, wong-wong sing lakune ora pantes "kaya anjing". Wong-wong kue meksa karo wong-wong percaya kudu sunat secara lahiria. 3 Padahal inyong karo rika kue sing wis nampa sunat sing sejati, dudu wong-wong kue. Inyong karo rika sing nyembah Allah kanthi tuntunan Roh Allah, inyong karo rika caos syukur, amargo inyong karo rika wis nyawiji sajroning Isa Almasih. Inyong karo rika ora nganggo patokan perkara-perkara. 4 Sabenere inyong bisa ngandel maring upacara-upacara kuwe. Merga yen ana dijinewong sing ngrada deweke duwe alasan nggo nganel maring upacara sing lahir, niyong lewih maning. 5 Inyong disepiti malika umure wolung dina. Inyong lahir dadi wong Israel, sekang suku bangsa Benyamin; inyong wong Ibrani asli. Jroneng bab ketaatan maring hukum agama Yahudi, inyong kuwe anggok golongan Farisi 6 Inyong analah kaya semangat banget mulane inyong nganiaya jema'at. Yen dimile kang cara hukum agama Yahudi, inyong wong sing apik sing ana cacad. 7 Nanging apa sing bien inyong anggep barthi siki, siki inyong anggep tuna amargo siki inyong uwis kenal karo Isa Almasih. 8 Ora mung perkara-perkara pien: nanging kabeh kue inyong anggep tuna. Sing tek dueni siki lowih pengaji yakue kenal karo Isa Almasih, dadi inyong ngeculna sekabeane. Inyong anggep kaya uwuh, men inyong bisa ulih Isa Almasih. Lan bener-bener nyawiji karo Isa Almasih. 9 Uripnya wiji karo Gusti Allah kue ora di upayanen karo nglakokna aturan agama, nanging inyong siki uripnya wiji karo Gusti Allah merga ngandel karo Isa Almasih dadi uripnya wiji karo Isa Almasih dasare ngandel. 10 Siji-sijine kepenginan inyong yakue kenal karo Isa Almasih lan nampak kasek tenek sing nguripna Isa sekamatine. Inyong kepengen melu urip sengsara karo Isa Almasih lan dadi pada kaya Isa Almasih nan sajrone matine. 11 Ben inyong akhire diurip amaring sekamatine. Mlayu tekan tujuan 12 Ora berarti seolah-olah inyong ulih uwis kaya kue, nanging tek oyok, mbok mboke aku bisa nyekel, merga inyong dewek uwis di cekel karo Gusti Isa Almasih. 13 Sedulur-sedulur, inyong dewek ora nganggep, nek inyong uwis nyekel, nanging sing tek lakoni, inyong nglaleake sing nang buri inyong karo ngupaya deleng mengarep, 14 merga kue inyong mlayu-mlayu meng tujuan men ulih hadiah yakue undangan surgawi liwat Allah Isa Almasih. 15 Merga kue ayu pada sempurna pikire, amargo apa sing dipikirna karo awake dewek kue bakal diwehna anak ing Gusti Allah semana uga karo rika. 16 Dadi tingkat pangerten sing inyong karo rika uwis tampak kue diterusna mitorut dalan sing dilewati. 17 Sedulur-sedulur, nyontoh uripku karo gatekna wong-wong sing urip pada kaya awake dewek. 18 Amargo kaya sing uwis kerep tek omongna karo rika, karo sing siki uwis tek ketona karo nangis, akeh wong urip ora gelem sengsara karo Isa Almasih. 19 Uripe wong-wong kaya kuwe arep diahiri karo kerusakan, merga sesembahane dewek kuwe kekarepane awale dewek. Bab-bab sing ngisini, malah kuwe sing deweke gedeaken; merga deweke mikirna bab-bab sing diulihna karo dunya kiye. 20 Nanging inyong kabeh kuwi warga surga. Sekang karo uga Juru Selamat inyong kabeh, Tuhan Yesus Kristus arep teka. Peyambake sing inyong kabeh ngenteni karo seneng. 21 Awak inyong kabeh sing lemah lan bisa remuk iki, arep diubah nang Kristus dadi kaya awake peyambake dewek sing mulya. Peyambake bisa nglakokna kuwe merga Peyambake nduweni kuasa nggo menaklukan sekabehane.