Pasal 4

Pituduh-pituduh 1 Mulane kue sedulur-sedulur sing tak tresnani, kudune rika kabeh urip sing temenan ngandel karo Isa Almasih. Inyong kangen karo kowe, rika kabeh kesenengane inyong dadi bungah. 2 Sedulur Euodia karo Sedulur Sintike! Aku jaluk sing kanthi temenan koe sing rukun karo wong percaya. 3 Kanggo kanca-kancaku sing setyo tuku, inyong jaluk beng rika bantu karo wang wadon loro. Wong-wong kue uwis nyambut gawe kanthi temenan karo inyong kanggo na kabar apik sekang Gusti Allah pado karo Klemen karo kabeh wong-wong sing yabut gawe karo inyong. Kauripan kue pada uwis mlebu nang buku. 4 Moga-moga inyong kabeh seneng amargo koe uwis nang jroning Isa Almasih. Sepisan maning aku ngomong: pada sing seneng! 5 Kudune rika kabeh deleng lakune sing apik, merga sedela maning Gusti iso arep teka. 6 Aja kuatir karo samu barang apa bae. Kabeh perkara kue, ndoakano karo jaluko marang Gusti Allah. Apa jika koe butuhna ngomong karo Gusti Allah lan matur nuwun. 7 Ayem tentrem soko Gusti Allah sing nglewihi pikiran menungsa, arep jaga ati karo pikiranmu sing uwis nyawiji lan Isa Almasih. 8 Pungkasone, sedulur-sedulur, isi pikiranmu karo perkara perkara sing apik yakue perkara-perkara sing bener, sing pengaji, sing adil, murni, legi lan apik. 9 Lakokna apa sing koe kabeh uwis di sinaom sekang inyong, seka omongan utawa seka kelakuane inyong. Allah sembaring ayem tentrem arep ngetuk na rika kabeh matur nuwun. Omongan Matur Nuwun 10 Sejrone uripku sing nyawiji karo Gusti Allah, aku kroso seneng banget merga uwis sue saiki rika kabeh banjur kabeh pikirna inyong. Maksudku aku ora ngira nek rika kabeh uwis nglaleake aku kesempetan kanggo nglakokaken. 11 Tak omongna kie dudu merga inyong lagi ngalami kurang, nanging inyong uwis sinau nrima apa anane. 12 Inying ngerti apa kue kurang lan inyong ngerti urip makmur, kabeh perkara-perkara kue ora ana sing rahasia menurutku, apa inyong agi warek apa inyong agi kencotan apa kue makmur apa kue ora due. 13 Karo kuasane sing di wehna karo Isa kanggo aku, aku due kekuaatan kanggo ngedepi perkara apa bae. 14 Nanging koe kabeh uwis nulung aku sajronong susah ku, apa sing ko lakokna kae apik. 15 Sedulur-sedulur wong Filipi! Kowe kabeh dewek ngerti bener, yen naliko inyong ninggalna Makedonia beyen, nang wektu Warta apikk iku inyong sebarna nggo sing ndisit dewe, kowe kabeh siji-sijine jema'at sing mbantu inyong; kowe kabeh siji-sijine sing melu ngrasakna bati rugine bareng-bareng inyong kabeh. 16 Waktu inyong nang Tesalonika, lan butuhne bantuan, uwis lebih kong sepisan rika kabeh ngirim bantuan meng inyong. 17 Kue ora mung kepengin nampa bantuan bae sing tek jaluk yakue ben inyong entuk batine deleng kasile tambah maju. 18 Inyong tampak sekabeane -- malah lewih! Kabeh kue rika kabeh sing aweh meng inyong, uwis tektampa seka Epafrodiktus. Siki inyong dueni kabeh sing te butuhna. Wewean kang rika kaya mambuangi kanggo tumbal maring Allah lan Allah nampak khanti ati seneng. 19 Allah sing tek sembah, sing maringi pesugian ana ing sajrone Isa Almasih, sing arep nyukupna kebutuane rika. 20 Gusti Allah apik selamane. Amin. Salam 21 Weh na salamku kanggo kabeh umat Allah, sing sajrone Isa Almasih. Karo tampani salam kang sedulur-sedulur sing ana bareng-bareng inyong nang kene. 22 Kabeh umat Allah nang kutha iki sing utama wong-wong soko istana Kaisar, aweh salam kanggo rika kabeh. 23 Moga-moga Gusti Isa Almasih mberkahi sadulur kabeh. Hormat inyong koe, Paulus lan Timotius.