Pasal 2

Nduring lan Keagunganne Kristus 1 Rika kabeh kuat, merga rika kabeh uwis nyawiji sajrone Isa Almasih. Lan rika kabeh bunga mergane Isa tresnani rika. Rika kabeh di tuntun Roh Allah, karo rika kabeh pada tresnani siji lan sijine. 2 Jajalen rika kabeh bener-bener nyenengna atine iyong karo perkara-perkara kie; urip sing rukun pada tresnani lan dueni pikiran, karep sing pada. 3 Aja nglakokna samu barang sing kanggo kepentingan awake dewek, apa maning kanggo ngunggulaken awake dewek. Sebalike rika kabeh kudu andap asor, nganggep wong lia luwih utama tinim bang awake dewek. 4 Gatekna keperluane wong lia, aja mung keperluane dewek. 5 Kudune rika kabeh nyonto kaya Isa Almasih; 6 Pada dasarne Isa Almasih pada karo Gusti Allah, nanging deweke ora rumangsa nek kahanan didayane ora kudu di ganduli. 7 Sebalike, deweke ngeculna sakabehe dadi gantur pada karo abdi. Deweke dadi manungsa. 8 Deweke lembah manah, karo urip manut karo Allah tekan patine, yakue mati di salib. 9 Mulane Allah njunjung Isa Almasih seduwur-duwure, karo aweh dig daya kang linuwih ketimbang liane. 10 Mulane kanggo ngormat Isa, kabeh gaweane sing nang surga, lan sing nang bumi, sing nang ngisor bumi arep nyembah Isa. 11 Koe kabah arepngakoni yen Isa Almasih kue Gusti Allah; laya kue Gusti Allah di muliakan. Mencorong kaya sinar sing madangi dunia 12 Sedulur sedulur sing tak tresnani, rika kabeh urip kanthi manut karo inyong pada wektu inyong satengahe rika kabeh, apa maning siki wektu, inyong karo rika adoh, kudune rika kabeh manut karo inyong. Rika kabeh uwis di slametake maning Allah, dadi diupayanen ben ayem tentrem. Lakokna kue karo ngajeni lan bekti marang Allah, 13 mergane Allah dewek sing ngupaya nang jero awakmu kangga dadekna rika kabeh gelem karo bisa nyenengaken atine Gusti Allah. 14 Lakokna gawean apa bae aja karo jengkel, dersula, gelutan. 15 Karo kaya kue rika kabeh ngetonena nek rika kabeh dadi anak-anak Gusti Allah sing apik, kanthi tulus, bener, nang tengahe wong-wong sing ora bener lan dosa. 16 Wektu rika kabeh nyritakna karo koe werta sing aweh urip kudune rika kabeh dadi pepadang sing madangi dunya. Nek rika kabeh urip kaya kue, engko ana alasan kanggo inyong rumansa seneng wektu Isa Almasih teka maning. 17 Mbok inyong arep dipateni lan getihku dadi kaya tumbal, nang dhuwur apa sing rika kabeh wenah ena karo Gusti Allah, kanggo bukti rika kabeh peracaya marang Allah. Nek kue kudu kedadean, inyong matur nuwun karo perkara itu lan melu seneng. 18 Semana uga rika kabeh melu bunga kaya inyong. Timotius lan Epafroditus 19 Inyong ngandel yen karo pitulunge Isa Almasih, inyong gagean bisa akon Timotius meng rika, ben inyong bisa kalipur karo werta ngenani rika kabeh. 20 Mung Timotius siji siji ne wong sing bareng karo inyong, lan bener-bener mikirna keperluanku. 21 Kabeh sing liane mung mikirna keperluane dewek, udu keperluane Isa Almasih. 22 Rika kabeh wis weruh dewek ayatane yen Timotius ana guna ne. Deweke bekti setya tuhu karo inyong wertakna Kabar Apik, kaya anak nulung bapake. 23 Mulane kue, gagean sawise inyong ngerti keprie masalahe inyong akhire engko inyong arep akon Timotius. 24 Inyong ngandel karo pitunge Gusti Allah, inyong ora sue maning arep atik koe. 25 Ngenani Epafroditus sing rika kabeh akon kanggo nulung inyong, yakue sedulurku, kanca kerjaku, lan kanca seperjuangku, sing kowe utus kanggo ngrewangi inyong. 26 Deweke kepingin banget ketemu kowe kabeh, lan deweke susah atine merga kowe kabeh uwis krungu nek dewe lara. 27 Ancen bener deweke lara meng arep mati. Nanging Gusti Allah melas karo deweke, lan ora mung karo deweke, nanging karo garang, men inyong ora lewih susah maning. 28 Kue nergane inyong gagean ngirim deweke, meng nek koew mandeng deweke, kowe bisa seneng ngurangi susahe. 29 Dadi layani deweke dkaro seneng ati, dadi kaya sedulure, karo ngajeni. 30 Amargo layani Gusti Isa Almasih, deweke arep mati lan deweke ngerahna kekuatane kangga nyukupi apa sing tesih kurang sajroning pelayannmu kanggo inyong.