1 Sukwise iku Yesus munggah prahu banjur nyebrang Yesus banjur tekan kotane dewe. 2 Banjur ara wong lumpuh ing paturon di gawa menyang Yesu. Nalika Yesus ndeleng imane kae kabeh Yesus banjur ngomong maring wong lumpuh kui; he anak Inyong percaya bae dosane wis diampuni. 3 Ahli-ahli taured banjur ngomong sok jroning atine; "wong iku ngina Allah". 4 Nanging Yesus ngerteni pikirane wong kabeh, kanjur ngomong; ngapa kowe-padha duwe pikiran sing elek? 5 Luih gampang endi ngomong dosa kawe wis diampuni, apa ngomong ngadeg mlakua? 6 Nanging supya kowe ngerti, ana ing ndonya iki arak manungsa duwe kuasa ngampuni dosa. Wong iku banjur ngomong maring wong lumpuh menyat, angkat paturon kowe lan balia menyang umah kowe! 7 Lan wong iku menyat banjur mulih. 8 Wong akeh padha ndeleng bab iku padha wedilan muliana Allah sing menehi kuasa mangkene gedhene tumrap manungso. 9 Sak wise Yesus saka kana, wong iku ndeleng Mateus dewe an njagong meng umah tukang tarik bea. Wong iku banjur ngomong maring deweke; "ayu melu Inyong", Mateus banjur ngadeg melu wong iku lan murid-muride. 10 Nalika Yesus mangan meng umah Mateus. Wong tukang tarik bea lan wong-wong dosa padha teka mangan bareng-bareng wong iku lan murid-muride. 11 Bareng wong Farisi weruh bab iku, padha ngomong maring murid-murid Yesus. "ngapa Guru kowe mangan bareng kore wong tukang tarik bea lan wong dosa? 12 Yesus krungu banjur ngomong, "wong waras ora butuh dukun sing butuh wong mriang". 13 Dadai sumingkira lan sinau mak nane firman iku. Sing Inyong karepake yaiku welas asih lan dudu paweh, awit Inyong teka dudu kanggo manggil wong bener nanging wong dosa. 14 murid-murid yokanan teka maring Yesus. "ngapa panginyongan lan wong farisi puasa, nanging murid-murid kowe ora? 15 Wongsulane Yesus maring wong kabeh, "apa bisa batir kenthel iku bebarengan: Nanging ana waktune batir kenthel iku bakal kajiot seka kowe kabeh, lan wektu iku kowe kabeh bakal puasa. 16 Langka wong siji-sijia nambalna gombal sing anyar maring klambi sing wis tua. Amarga yen kaya kuwe tambalan mau bakal nyuwekna klambi mau, suweke tambah amba. 17 Kaya kuwe uga anggur sing anyar ora di isekna maring kantong sing tua, yen kaya kuwe kantong iku bakal suwek banjur anggur kabuang lan kantong iku dadi remuk. Nanging anggur sing anyar kasimpen wong meng kantong sing anyar uga. Dadi lorone kangga gawe kabeh. 18 sajrongning Yesus ngomong mangkene maring kowe kabeh, pimpinan umah ibadat teka, banjur nyembah deweke lan ngomong, "Anak Inyong wadon entes bae mati, nanging tekaa tumpungna tangan Rika meng anak inyong, mengko anak inyong urip maring. 19 Yesus banjur ngadeg lan melu wong iku bareng-bareng karo murid-muride. 20 Malika iku wong sing rolas tahun nggrajak getih maju mereki Yesus lan nolemok gombyoking jubahe, 21 merga batine, asal inyong ndemok bae jubahe, inyong mesti waras. 22 Nanging Yesus nylingak lan ndeleng deweke karo ngomong, "kuatna ati kuwe he anak Inyong, iman kowe nylametana kowe, wong madon iku banjur waras. 23 Nalika Yesus teka meng umah pimpinan pangibadah iku lan ndeleng tukang ndamu suling lan wong-wong padha kemrungsung. 24 Deweke banjur ngomong mangkata awit anak iku ora mati, nanging turu, nanging wongkabeh padha geguyu deweke. 25 Sak wise wong akeh iku padha di usir, Yesus mlebu lan ndemek tangane bocah iku, bocah iku banjur urip maning. 26 Dadi kabar iku kasebar meng endi bae. 27 nalika Yesus nerusna lakune seka kono, wong pisek melu deweke karo mbengok-mbengok lan ngomong, "tersnanana inyong kabeh, he Anak Daud" 28 banjur Yesus mlebu meng umah, wong-wong picek padha teka maring deweke, banjur Yesus ngomong maring wong kabeh, "apa kowe percaya yen Inyong teyeng nulung? Wong mau padha mangsuli, "ya Gusti inyong kabeh percaya" 29 banjur Yesus ndemek matane wong picek kabeh karo ngomong, "dadia maring kowe nurut iman kowe" 30 dadi matane wong-wong mau padha melek, banjur Yesus pesen maring wong kabeh, padha jaganen supaya aja ana wong siji-sijia ngerti bab iku. 31 Nanging wong-wong iku padha melu lan muliana deweke karo ngabarna meng endi bae. 32 nalika wong looro sing picek iku metu, digawa maring Yesus wong sing ketempelan setan. 33 Sabubare setan iku diurak, banjur wong bisu iku teles ngomong, mulane wong-wong padha gumun, wang sulane sing kaya kiye urung pernah tak deleng ana ing Israel. 34 Nanging wong Farisi ngomong, "nganggo penguasa setan deweke ngurak setan. 35 Kaya kiye Yesus ngiteri kota-kota lan desa-desa deweke mulang meng umah-umah ibadat lan martakna injil kerajaan surga lan marekna sakehing lelara lan kelemahane. 36 Deleng wong akeh iku, atine Yesus terusik karo welas asih maring wong akeh, merga wong-wong kesel lan sengsara kaya wedus gembel sing langka pangone. 37 Ngomonge marang murid-muride, "panenan panen akeh, nanging sing nyambut gawe setitik 38 dadi njluka maring majikan sing duweni panenan supaya deweke ngirim sing nyambut gawe kanggo panenan iku.