1 Sakwise Yesus mudun seka gunung, wong akeh bareng-bareng melu Deweke. 2 Banjur teka wong meriang lapra maring Deweke, banjur sujud nyembah Deweke karo ngomong: “Majikan, yen Majikan gelem, Majikan teles marekna inyong”. 3 Banjur tangane Yesus mulung, ndemek wong iku karo ngomong: “ Inyong gelem, dadia kowe mari. Saknalika wong iku banjur padha mari saka liprane. 4 Yesus banjur ngomong karo deweke: “Aja di omong-omongna karo sapa bae babagan iki, nanging tunjukna awak kowe maring imam lan persembahna persembahan sing diperintahna Musa, kanggo bukti kowe kabeh. 5 Nalika Yesus mlebu meng Kapernum, ana sijining perwira teka maring Deweke karo njaluk maring Deweke: 6 “Majikan, batur inyong nggletha meng umah marga lumpuh karo deweke sangsara banget. 7 “Yesus ngomong maring deweke : “ Inyong arep teka marekna. 8 nanging perwira iku mangsuli marang Deweke, Majikan inyong ora pantes nampa majikan meng umah inyong, nomong bae mengko kuli inyong iku mesti mari. 9 merga inyong iku kuli sak ngisore Inyong ana kuli maning. Yen Inyong ngomong maring kuli iku : Lunga, mesti deweke lunga, lan maring liyane maning: Teka, mesti deweke teka, utawa maring kuli Inyong: Kerjakna iki deweke mesti ngerti ngerjakna. 10 banjur Yesus krungu krungu bab iku, Deweke gumun bangat lan ngomong maring kabeh wong sing melu Deweke: “ Inyong ngomong maring kowe, sak temene iman sing kaya kiye urung pernah Inyong weruh siji-sijine wong Israel. 11 Inyong ngomong maring kowe: Akeh wong teka saka Wetan lan Kulon lan njagong mangan bareng-bareng karo Abraham, Ishak lan Yakub ning Krajaan Suwerga, 12 Nanging anak-anak krajaan iku bakal diuncalna meng panggonan sing peteng dedet. Ning kana nampa kasengsaran nganti untune nggeget-nggeget. 13 Banjur Yesus ngomong maring Perwira iku: “Mulih kana lan dadia maring kowe kaya sing kowe percaya. Ing wektu iku uga kuli iku dadi mari. 14 Sak wise tekan meng umah Petrus, Yesus banjur ndeleng biyung mertuane Petrus turon merga meriang rumep. 15 Banjur Deweke nyekel tangane wong wadon iku, dadi ilang meriang rumepe. Wong wadon iku tangi banjur nglayani Deweke. 16 Wis arep wengi ana wong akeh sing ketempelan setan digawa maring Yesus, karo setitik omongane Yesus ngurak setan-setan iku lan marekna wong-wong sing mirang iku. 17 Babakan iku kedadean kanggo netepi firman sing diopmongna karo nabi Yesaya: Deweke sing mikul kelemahane dewe lan nanggung meriange dewe kabeh. 18 Nalika Yesus ndeleng wong akeh ngiteri Deweke, Deweke ngakon mbalik nyeberang. 19 banjur teka ahli taured, lan ngomong maring Deweke, guru inyong arep melu Rika, mengendi bae Rika lunga. 20 Yesus ngomong maring deweke, “Srigala duwe leng manuk duwe susuh, nanging Anak Manungsa ora duwe panggonan kanggo ndeleh endase. 21 Wong liyane, saka antarane muride, ngomong karo Deweke, Gusti ijina inyong nguburna rama inyong disit. 22 Nanging Yesus ngomong maring deweke, melu Inyong lan mene wong mati nguburna wong-wong mati kae kabeh. 23 Banjur Yesus munggah meng njeru prahu lan murid-muride uga melu Deweke. 24 Ujuk-ujuk angin lisus ngamuk danau, dadi prahu iku ditabrak ombak, nanging Yesus turu. 25 Dadi murid-muride padha teka nangekna Deweke, ngomonge: Gusti, tolong, inyong kabeh binasa. 26 Deweke ngomong maring kae kabeh, ngapa kowe wedi, kowe sing kurang percaya ? Banjur Yesus tangi ngendekna lisus, lan ombake danau iku dadi anteng banget. 27 wong-wong iku padha gumun ngomonge, “ Wong apa kiye Deweke iki, kok lisus karo danau taat uga maring Deweke? 28 Sak tekane sebrang, yaiku daerahe wong Gadara, teka wong loro saka kuburan sing ketempelan setan nemoni Yesus. Deweke kabeh mbebayani banget, dadi langka wong sing wani lewat dalan iku. 29 Lan kae kabeh padha njerit, jerene: “ Apa urusan Rika maring inyong kabeh, he Anak Allah ? 30 Ora adoh seka kono ana celeng sing akeh cacahe agi golet mangan. 31 Banjur setan-setan iku padha njaluk maring Deweke, ngomonge: Yen Rika ngurak inyong, konen inyong ngalih meng celeng-celeng iku”. 32 Yesus ngomong maring kae kabeh: “ Kana kowe kabeh lunga, banjur kae kabeh mlebu meng celeng-celeng iku, banjur celeng-celeng iku saka pinggiran jurang nyemplung meng ndanau lan ngelem banjur mati kabeh. 33 Banjur tukang jaga celeng padha mlayu, banjur sak tekane meng kutha, diomongna babagan iku apa bae sing kedadean, uga wong-wong sing padha ketempelan setan iku. 34 Banjur wong-wong kutha iku padha metu nemoni Yesus, banjur kae kabeh wis temu karo Deweke, wong-wong iku ndesek supaya ninggalna daerahe wong kae kabeh iku.