1 Aja ngakimi bén kowé ora de akimi 2 merga pengakiman sing dienggo nang kowé nggo ngakimi, arep dienggo nga nggo ngakimi kowé nganggo ukuran sing padha. 3 Kepriwé kowé téyéng waruh tatal nang meipaté seduluré ko, padhahal ana kayu gedhé nang mripaté ko dhéwék? 4 Kepriwé kowé téyéng ngomong maring seduluré ko kaya kiyé, “Hé sedulur ngénéh tatal sing ana nang nyero mripaté ko tek tokna. Padhahal ana kayu gedhé nang nyero mripaté ko dhéwék. 5 Hē wong lamis tokna dhisit kayu gedhé sing ana nang njero mripaté ko kowé. Tembé kowé téyéng ngetokna tatal sing ana nang mripaté seduluré ko ganti genah. 6 kowé aja awéh bab sing suci maring asu lan aja mbalangna bab sing ana regané mating babi bén babi kuné ora ngidek-idek nganggo sikile banjur mbalik nyerang kowé 7 njaluka mulané ko bakal dewéi, goléta mulané ko bakal ulih.dhodhoga mulané lawang bakal dibukakna nggo ko. 8 Merga saben wong sing njaluk bakal nampa, lan saben wong sing nggolét bakal ulih lan saben wong sing ndhodhog. Lawang bakal dibukakna. 9 Apa ana wong nang antarané kowé sing awéh watu maring anaké nék dhéwéké njaluk roti 10 utamané awéh ula nék dhéwéké njaluk iwak? 11 Dadi angger ko sing jahat bé ngerti perwénéh sing apik maring anak-anaké ko, apa maning Ramané ko sing nang swerga. Kiyambeké bakal awéh sing apik maring ko padha sing njaluk maring kiyambeké. 12 apa baé sing ko kepengini bén wong liya lakokna maring kowé, lakokna uga sing kaya kowé maring wong kuwé. Merga kuwé isiné kobéh angger-anggeré Gusti Allah lan kitabé para nabi. 13 Mlebua liwat lawang sing ayut kuwé, merga lawang sing amba lan jembar dalané maring pati. Lan akéh wong sing mlebu liwat kono. 14 Merga lawang sing aijut lan sesek kuwé dalan maring urip langgeng lan kur sethithik thok wong sing téyéng. 15 sing ati-ati maring nabi-nabi palsu sing teka maring kowé nganggo rupa wedhus gembél, ningén sebeneré wong-wong kuwé anu asu ajag sing galak 16 sekang wohé kuwé ko arep ngerti wong-wong kuwé. Apa bisa wong ngemét woh anggur sekang gombal ri utamané who ara sekang suket ri? 17 Kaya kuwé uga aben wit sing apik ngasilna who sing apik, lan wah sing ala ngasilna who sing ala. 18 Mokal nékk wit sing apik kuwé ngasilna uahwah sing ora apik, utamané wit sing ora apik ngasilna who sing apik. 19 Lan aben wit sing oro ngasilna who sing apik bakal di tegar lan de bunang meng geni. 20 Dadi sekang wohé ko arep ngenal wong-wong kuwé. 21 Udu saben wong sing ngomong karo suara seru maring inyong: Gusti, Gusti sing arep mlebu maring krajaan Allah. Ningen wong sing nglakokna kekarepuné Ramané Inyong sing nang swerga. 22 Nang dina sing kéri dhéwék akéh wong arep ngamang nganggo suara seru maring Inyong, Gusti, Gusti, inyong padha uwis awéh wangait nganggo asmané penjenengan, lan gurak sétan nganggo asmané penjenengan, lan ngarakna mujijat nganggo asmané njenengan uga? 23 Ningén pas wektu kuwé Inyong arep ngomong maring wong-wong kuwé apa anané kaya kiyé, “Inyong ora tau ngenal kowé nganah lunga ko kabéh sing seneng gawé jahat. 24 Saben wong sing krungu omongane inyong kiyé lan nglokokna, dhéwéké padha baé kaya wong sing nduwé wibawa sing ngedegna umahé nang ndhuwur watu. 25 Banyur ana udan lan teka banjir, banjur angin nerajang umah kuwé, ningen umah kuwé ora rubuh merga didegna nang ndhuwur watu. 26 Ningén oben wong sing krungu omongane Inyong kiyé lan ora nglakokna dhéwéké padha baé nang sing bodho, sing ngedegna umah nang ndhumur pasir. 27 Banjur ana udan lan banjir teka, njur angin nrajang mulane umah kuwé rubuh lan bobrok banget. 28 Banjur seuwisé Yesus ngrampungi wulangané kuwé, wong-wong akeh dadi padha gumun menga wulangan é 29 merga dhéwéké mulang wong kuwé kabeh dadi kaya wong sing nduwé kwasa, ora kaya ahli kitabé nabi Musa.