Pasal 6

1 kowé aja pamér nang ngarepé wong akéh, merga angger kaya kuwé, ko ora olih upah sekang Ramané kowé sing nang sewerga. 2 Kowé aja nglarna kaya kuwé kaya sing dila kokna wong-wong munafik nang umah Allah, utama nang lurung-lurung, bén dipuji wong akéh. Inyong ngomong meng kowé-padha jang kuwé uwis olih upaeh. 3 Ningen angger awéh sedekah tangan kiwéné aja kewenangan tangan tengen. 4 Kuduné sedhekaéh kowé goci ngewéhna karo umpetan. 5 Lan angger kowé ndonga aja kaya wong munafik senengé ndonga nang umah ibadah nang péngkolan dalan bén, dideleng wong akéh jané wong-wong kuwé uwis olih upaéh. 6 Ningén angger kowé ndonga mlebu senthong tutup lawangé lan ndongaa meng Ramané kowé sing agi umpetan arep males meng kowé. 7 Kowé goli ndonga aja malur-malur kaya wong sing ora ngenal Allah. Wong-wong kaé ngira angger akeh omongan-omongan, dongané bakal dijawab. 8 Dadi ko aja kaya wong-wog kaé, merga Ramané kowé ngerti apa sing diperlokna, sedurungé kowé njaluk. 9 Mulané angger ndonga kaya kiyé; rama inyong-padha, sing nang sewerga, disucekna arané-kowé 10 tekaa Krajané-Kowe dadi karepé-kowe nang donya kaya nang sewerga. 11 Awéha meng inyong-padha dina kiyé panganan sing secukupé. 12 Apurani uputé inyong-padha kaya inyong uwis ngpurani wong sing luput meng inyong. 13 Aja nyobani inyong ningén culna inyong sekang sing jahat. (merga kowé sing duwé krajan lan kewasa lan kemul yan nganti selawas-lawasé). 14 Merga angger kowé, ngapurani keluputané wong, Ramané kowé sing nang sewerga uga arep ngapurani kowé. 15 Ningén angger kowé ora gelen ngapurani wong, Ramané kowé uga ora bakal ngapurani keluputané kowé. 16 angger kowé puasa rainé kowé aja surem, kaya wong munafik wong-wong kuwé ngubah rainé, bén wong-wong padha ndelengna agi puasa: Inyong ngondong meng kowé-padha, jané wong-wong kuwé uwis olih upahé. 17 Ningén angger kowé puasa, lengani sirahé kowé lan raupi raine. 18 Bén aja dideleng nang wong nék kowé lagi puasa mung Ramané kowé thok sing nang sewerga sing ngerti Ramané kowé sing sewerga sing arep males, 19 kowé aja ngumpulna dunya nang ndonya, nang ndonya ngenget karo teiyéng ngrosak lan maling mbongkar terus nyolong 20 ningén kumpulna dunyané kowé nang sewerga nang sewerga ngenget karo teiyeng ora ngrusak lan maling ora bakal mbongkar lan nyolong. 21 Merga nangndi ana dunyané kowé, nang kono uga ana atiné kowé 22 mata kuwé senthire awak, angger matané kowé api, awaké kowé padhang kabéh. 23 Angger matané kowé jahat, peteng kabéh awak kowé, dadi angger padhang sing ana nang kowé peteng, petengé kuwé peteng dhe-dhet. 24 Oranana wong sing téyéng ngabdi majikan loro merga angger kaya kuwé, dhéwére arep sengit maring majikan sing siji lan seneng maring majikan liyané, kowé ora teyeng ngewula maring Allah lan ngewula meng dunya. 25 Inyong ngomong meng kowé, aja ketar-ketir maring uripé kow, apa sing arep dipangan utawa di inum, aja ketar-ketir maring awaké kowé apa sing arep dinggo. Mbokan urip kuwé lewih penting ketimbang panganan lan awak lewih penting ketimbang klambi? 26 Deleng : manuk nang awang-awang, sing ora nandur ora panén ora ngumpulna nang lumbung ningén diwei pangan nang Ramané kowé sing nang sewérga mbokan kowé nglewihi manuk-manuk kuwé. 27 Sapa nang antarané kowé sing merga ketar-ketir arep nambah uripé kowé sekilan? 28 Lan kenangapa kowe ketar-ketir klambine? Gatékna kembang bakung nang kebon, sing thukul ora nyambut gawé ora mintal. 29 Inyong ngomong meng-kowé: Salomo nang gene byaré bé ora nganggo klambi apiké kaya kembang kuwé. 30 Dadi angger Allah ndandani suket nang kebon, sing dinakiyé ana ngésuk dibuwang meng geni, mbok kiyanbeke arep lewih ndandani kowé he wong sing ora percaya. 31 Merga kuwé kowé aja ketar-ketir lan ngomong apa sing arep tak pangan? Apa singarep inum? Apa sing arep tak enggo? 32 Kabéh kuwé digolét nang bangsa-bangsa sing ora ngenal Allah, ninggén Ramané kowé sing nang sewerga ngerti nék kowé merlokna sekabéhe. 33 Ningén goléta krajané Allah lan beneré, mengko kabéh arep ditambahna maring kowé. 34 Merga kuwé kowé aja ketar-ketir nang dina ngesuk, merga dina ngesuk duwé susahé dhéwék, susah sedina cukup nggo sedina.