Pasal 5

1 Wektu Yesus weruh wong akeh kuwe, deweke munggah maring nduwur bukit, lan sauwise deweke nyjagong murid-muride deweke teka maring deweke. 2 Banjur Yesus molai ngomong lan mulang wong-wong, ngomonge: 3 Pada senenga rasane wong sing mlarat nang ngarsane Gusti Allah merga deweke sing nduweni kratoning swarga. 4 Pada senenga rasane wong sing atine andap asor merga deweke bakal nduweni lemah. 5 Berbahagialah orang yang lemah lembut, karena mereka akan memiliki bumi. 6 Pada senenga rasane wong sing kencot lan ngelak merga kebeneran, merga deweke bakal dipuasken rasane. 7 Pada senenga rasane wong sing loman atine, merga deweke bakal ulih kanugrahan. 8 Pada senenga rasane wong sing suci atine, merga deweke bakal ulih weruh Gusti Allah. 9 Pada senenga rasane wong sing nggawa damai, merga deweke arep kasebut anak-anake Gusti Allah. 10 Pada senenga wong sing disiksa merga soko kebeneran, merga deweke sing nduweni kratoning swarga. 11 Pada senenga kowe fitnahan segalane sing jahat. 12 Sing pada sungah lan sing pada seneng, merga upahmu gede nang swarga, merga kaya kiye uga wis di siksa Nabi-Nabi sing sedurunge kowe ana. 13 Kowe sebenere uyah tumrape ndunya. Nek uyah kuwe bisa dadi anyeb, nganggo apa bisa dadi asin maning? Ora ana maring gunane kejabane diguang lan diidek wong. 14 Kowe sebenere padang tumrape ndunya. Kota sing nang nduwur gunung ora bakal sing ora katon. 15 Uga wong ningen nang nduwur damar terus ngletakna nang ngisor gantang, ningen nang nduwut sikil damat nganti madangi kabeh wong sing nang jero umah kuwe. 16 Mulane padangmu kudung bisa madangi nang ngarepe wong, supayane wong bisa weruh lelakonmu sing apik lan muliakna Gusti Allahmu sing nang swarga. 17 Kowe aja nyangka, nek aku teka arep mbuang ukum Taurat utama kitabe para Nabi. Aku teka ora arep mbuang, tapine arep nggenepi sabdane. 18 Merga aku ngomong marang kowe : sebenere nek langit lan bumi kiye durung lenyap, siji iota utawane siji titik bae ora bkal tak ilangna sekang ukum Taurat, sedurunge sekabehane kedadeyan. 19 Merga kuwe sapa sing mbuang salah sijine prentah ukum Taurat sanajang sing paling cilik, lan mulangna kaya kiye maring wong liya, deweke bakal manggon nang panggonan sing paling endep nang sajrone kratone prentah-prentah ukum Taurat, deweke bakal manggon nang panggonan sing paling duwur nang sjrone kratone swarga. 20 Mulane aku ngomong marang kowe : yen urip agamamu kurang pas sekang sing urip agamane para ahli-ahli Taurat lan wong-wong farisi, sebenere kowe ora bakal mlebu nang sjrone kratone swarga. 21 Kowe wis krungu sing sabdana maring nenek moyang dewek : aja mateni, sapa sing mateni kudu diukum. 22 Tapine aku ngomong marang kowe : saben wong sing ngomeih maring sedulure kudu ajukna maring mahkamah Agama lan sapa sing ngomong : jail ! Kudu di sogna maring nyjero nereka sing mulad-mulad. 23 Merga kuwe, yen kowe aweh persembahan nang nduwure mezbah lan kowe kelingan bab sesuatune sing ana nang nyjero atine sedulurmu maring kowe, 24 Tinggalna sesembahanmu nang ngarep mezbah kuwe lan mangkat damai disit karo sedulurmu, terus mbalik supayane mempersembahna persembahane kuwe. 25 Sepate damai karo mungsuhmu wektu kowe bareng-bareng karo deweke nang tengahe dalan, supayane mungsuhmu kuwe aja nyerahna kowe maring hakim lan hakim kuwe nyerahna kowe maring pembantune lan kowe dijeblosna maring penjara. 26 Aku ngomong maring kowe : Sebenare kowe ora ulih metu sekang kana, sedrurunge kowe nglunasi utangmu nganti lunas. 27 Kowe wis krungi sabdane Gusti Allah : aja zina. 28 Tapine aku ngomong maring kowe : saben wong sing nyawang wong wadon nganti nduweni rasa kepengin, termasuk wis zina karo deweke nang sajron atine. 29 Nek matamu sing tengen nyesatna kowe, cukil bae lan buangen, merga lewih apik nang kowe nek salah sajine sekang anggotane awakmu mati, ketimbang awakmu esih wutuh dibuang maring jerone neraka. 30 Dan jika tanganmu yang kanan menyesatkan engkau, penggallah dan buanglah itu, karena lebih baik bagimu jika satu dari anggota tubuhmu binasa dari pada tubuhmu dengan utuh masuk neraka. 31 Wis sabdakna uga : sapa sing megat bojone kudu aweh surat pegat maring deweke. 32 Tapine aku ngomong maring kowe : saben wong sing megat bojone nek nglakoni zina, deweke ndadekna bojone zina uga : lan sapa sing nikah karo wong wadon sing di pegat, deweke termasuke nglakoni zina. 33 Kowe wis krungu sing disabdakna maring nenek moyange dewek : aja nganakna sumpah palsu, tapine cekelen sumpahmu nang ngarepe Gusti Allah. 34 Tapine aku ngomong maring kowe : aja sepisan-pisan sumpah sekseni langit, mergane langit takhtane Gusti Allah. 35 Utawane demi bumi, merga Yerusalem kuwe kota Raja gede 36 aja nganti sumpah kowe demi ndasmu, merga kowe ora nduweni kuasa mutihna utawa ngirengna rambute sanajan mung siji. 37 Nek ya, kudune kowe ngomong : ya, nek ora, kudune kowe ngomong : ora apa sing lewih sekang apa bae asale sekang si jahat. 38 Kowe wis krungu sabdane : mripat diganti mripat lan untu di ganti untu. 39 Tapine aku ngomong maring kowe : kowe aja nglawan wong sing gawe ala maring kowe, mulane sapa bae sing nampar pipi tengenmu, wekna uga maring deweke pipi kiwemu. 40 Lan maring wong sing arep ngadu kowe merga pengin klambimu, wekena bae uga jubahmu. 41 Lan sapa bae sing maksa kowe mlaku sing adohe semil, mlaku bae karo deweke sing adohe rong mil. 42 Wekna bae maring wong sing nyjaluk maring kowe lan aja nolak wong sing arep utang maring kowe. 43 Kowe wos krungu sabdane Gusti : Tresnani wong sepadamu lan sengita maring mungsuhmu. 44 Tapine inyong ngomong maring kowe : Tresnani mungsuh mu lan ngonga’a maring wong sing nganiaya kowe. 45 Merga ya kaya kuwe kowe dadi anak-anak Gusti Allah, sing nang swarga, sing munculna srengenge kanggo wong sing jahat lan wong sing apik lan nurunna udan nggo wong sing bener lan wong sing ora bener. 46 Nek kowe nresnani wong sing nresnani kowe, upahmu kuwe apa ? Nek tukang mungut cukai uga nglakokna kaya kuwe ? 47 Lan nek kowe mukur aweh salam maring sedulur-sedulur mu tok, lewihe apa ketimbang wong Liya ? 48 Merga kuwe kowe kudune sampurna, pada karo ramamu sing nang swarga uga sempurna.