1 Terus Yesus digawa nang Roh maring padang gurun arep di goda nang belis. 2 Lan sauwise puasa patang puluh dina patang puluh wengi, terus Yesus krasa kencot. 3 Terus si penggoda kuwe teka karo ngomong maring deweke : Yen kowe anake Allah, prentahna supayane watu-watu kuwe dadi roti. 4 Ningen Yesus semaur : wis ketulis : wong urip ora sekang roti tok, ningen sekang saben sabda sing metu sekang Gusti Allah. 5 Terus belis nggawa Yesus maring kota suci lan ngesogna deweke nang puncrite umah Allah. 6 Terus ngomong maring deweke “yen kowe anake Allah, tibakna awakmu mengisor, merga wis ketulis : Ngeno ni kowe deweke arep mrentahna malaikat-malaikate lan malaikat-malaikat kawe arep nampani kowe nang nduwur tangane, ben sikile ora katenggor watu. 7 Yesus ngomong maring deweke “wis ketulis” kowe aja nyjajal Gusti Allahe kowe. 8 Lan belis usa nggawa Yesus maring gunung sing duwur banget lan nidokna maring deweke, sakabehe kratone ndunya lan kemewahane. 9 Lan ngomong maring deweke “kabeh kuwe areptek wekna kowe, yen kowe gelem sujud nyembahku. 10 Terus Yesus nogmong maring deweke “Lunga’a, belis. Merga wis katulis : kowe kudu nyembah Gusti Allah mu, lan mukur maring deweke bae kowe sing kudu nyembah. 11 Terus belis ninggalna deweke, lan delengen malaikat-malaikat teka nglayani Yesus. 12 tapine wektu Yesus krungu, yen Yohanes wis ditangkep, deweke nyingkir maring Galilea. 13 Deweke ninggalna Nazaret lan manggon nang Kapernaum, nang pinggire danau, nang wilayah Zebulon lan Naftali. 14 Ben sabdane Allah diggenapi sing disampakna nang Nabi Yesaya. 15 Wilayah Zebulon lan wilayah Naftali, dalam nuju meng segara, wilayah sebrang kali Yordan, Galilea, daerah bangsa-bangsa Liyane. 16 Bangsa sing meneng nang sajrone peteng, wis weruh padang singcerah, lan tumrap deweke sing meneng nang daerah sing angker, wis ketonpadang. 17 Pada wektu kuwe Yesus mbritakna “Tobata marga kerajaan surga wis edek. 18 wektu Yesus agi mlaku ngliwati danau Galilea, deweke weruk wong loro cacahe, yakuwe Simon sing kasebut Petrus, lan Andreas, sedulure. Deweke agi ngontalna jalane nang danau, marga deweke tukang njala iwak. 19 Yesus ngomong maring deweke “Ayuh melu inyong, lan kowe bakal tak dadekna tukang nyjala wong. 20 Bajur deweke ninggalna jalane lan ngetutna deweke. 21 Sawise Yesus lunga kang kana, weruh wong loro babahe yakuwe Yakubos anake Zebedeus lan Yohanes sedulure, bateng karo tamane deweke, Zebedeus lan Yohanes sedulure, bareng karo ramane deweke, Zebedeus agi mberesi jalane nang jero prau. 22 Lan deseke terus ninggalna prau karo ramane, terus ngetutna deweke. 23 Yesus uga keliling maring sakebehe Galilea, lan mulang nang nyjero umah-umah ibadah lan mbritakan Injil kratone Gusti Allah. Lan mbuang prenyakit apa bae lan nglemahna antarane bangsa kuwe. 24 Bajur kabere tersiar mengani deweke nganti sekabehe Siria, lan sakabehe wong sing kahanane elek digawa meng deweke, sing agi kena lelara apa bae lan kaseng saran, sing keranjingan, sing sawan celeng lan sing lumpuh, terus Yesus merekna wong-wong. 25 Mulane wong akeh pating gemrudug pada melu deweke. Wong-wong pada teka sekang Galilea lan sekang Dekapoli, sekang Yerusalem lan sekang Yudea lan sekang sebrang Yordan.