Pasal 3

1 Nang wektu kuwé ana sewijené wong jenengé Yohanes jurubaptis nang padang gurun Yudea lan mertakna : 2 ”Mertobata, merga kerajaan” swerga wis pérel ! 3 Sebeneré dhéweke sing demangsud nang nabi Yesaya wektu dhéwéké ngomong : Ana swara sing ngorong-ngorong nang padang gurun : siapna dalan nggo Gusti, lurusna dalan nggo kiyambeke.” 4 Yohanes ngonggo jubah wulu unta karo ban-banan kulit lan panganané walang karo madu alas. 5 Banjur wong-wong Yerusalem, sekang kabéh Yudea lan sekang kabéh latah sekubenge Yordan teka maring dhéwéké. 6 terus kambi ngaku dosané wong-wong kuwé dibaptis nang Yohanes nang kali Yordan. 7 Ningén wektu dhéwéké ndeleng akéh wong Farisi lan wong Saduki teka njaluk di baptis, dhéwéké ngomong maring wong-wong kuwé : “Hey kowé turunané ula mandi. Sopa sing ngomong maring kowé, nek kowé téyéng sekang ukumané Gusti sing arep teka? 8 Dad kasilna who sing padha karo tobaté. 9 Lan aja ngira, nék kowe bisa mbatin : Abraham kowé ramané nyong padha! Merga inyong ngomong maring ko : Gusti Allah téyéng ndadékna anak-anak nggo Abraham sekang watu-watu kiyé ! 10 Bél uwis disediyakna anang oyod wit lan saben wit sing ora ngasilna who sing apik, mesthi di tegor lan dibuwang meng gine. 11 Inyong mbaptis kowé karo banyu nggo tenger tobaté ko ningén kiyambeké sing teka mengkoné sekang Inyong lewih kuasa lan inyong ora patut nyopot sandalé dhéwéké arep mbaptis kowé karo Roh Suci lan geni. 12 Tampah wis ana nang tangan né kiyambeke arep mbersihna irigané lan ngumpina gandum é meng lumbung, ningén daméné kuwé arep dibakar kiyambeke nang geni sing mulab-mulab. 13 banjur Yesus teka sekang Galilea meng Yordan njaluk dibaptis nang Yohanes. 14 Ningén Yohanes ora ngolinna kiyambeké, Yohanes ngomong : “Inyong sing perlu dibaptis nang penjenengan, lan penjenengan sing teka maring inyong? 15 Banjur Yesus mangsil : “jorna bab kuwé kedadén, merga kaya kuwé patuté dhewek nggerupi kabéh kersané Gusti Allah”. Lan Yohanes manut. 16 Sewisé dibaptis, Yesus gageyan matu sekang banyo lan wektu kuasé uga langit kewiyak lan kiyabeké weruh Roh suci kaya manuk dara mencrok maring kiyambeké. 17 Banjur krungu suara sekang suarga monine : “lha kiyé lah anaké sing tak tresnani. Mung dhéwéké baé sing tak ideni.