1 sauise Yesus dilairna nang Betlehem tanah Yudea, nang jamane raja Herodes, wong-wong majus tekak maring Yerusalem. 2 Lan takon-takon nang ngendi deweke, raja wong Yahudi song nembe dilairna inyong kabe wis weruh lintangne nang wetan lan kowe takak sing nembe dirayakan inyong wis weruh lintangnge nang wetan lan inyong tekak arep nyembah maring deweke. 3 wektu raja Herodes krungu bab kuwe kaget karo sekabehe wong Yerusalem. 4 Terus di kumpulna kabe pimpinan imam lan ahli toret, bangsa Yahudi di jaluki keterangan sekang wong-wong kuwe nang di Mesias bakal dilahirna. 5 Wong-wong ngomong maring deweke : “nang Betlehem nang tanah Yudea, jalaran wis ditulis kitab Nabi. 6 Hei Betlehem, tanah Yehua, koe sepisan-pisan duduk sing paling cilik nang antarane deweke sing nyekel pemerintahan Yehuda, sebab sekang kowe lah arep tekak calon pemimpin sing arap mimpin umat-Ku Israel. 7 Terus karo menang-menang Herodes ngundang wong-wong majus kowe lan teliti lan takon maring deweke, iyen angger lintang kuwe keton. 8 Terus deweke pretah wong-wong kuwe maring Betlehem omonge lunga lan selidi nganti teliti bocah kowe lan sewise nang koe nemok na deweke wertane maring inyong ugah tekak nyembah deweke. 9 Sewise krungu omonganne raja deweke mangkat delengna lintang sing nang wong-wong kowe nang wetan kuwe ndisiti wong-wong kowe nganti tekan lan mandeg nang duwure panggonan bocah kuwe. 10 Wektu deweke weru lintang mau, wong-wong kuwe pada seneng banget. 11 Terus wong-wong kuwe mlebu maring umah kuwe lan weruh bocah kuwe karo Maria, biunge, terus sujut nyembah deweke. Wong-wong duka tempat bandane lan ngomenahna sesembahanne maring deweke wujude mas, menyan lan mur. 12 Lan sebab diingatna nang sajerone mimpi, ben aya balik maring Herodes terus wong-wong kuwe balik maring negarane lewat dalan lia. 13 sauise wong-wong majus mangkat, malaikate Gusti Allah ngeton maring Yusuf nang sajeroning mimpi ngomong : “tangio jioten bocah kue karo biunge, mlayua maring Mesir lan manggon mangkana nganti Inyong awe sabda maring kawe, merga Herodes bakal goleti bocah mau karep dipateni. 14 Terus Yusuf uga tangi, bocahkuwe dijiot karo biunge wongi kiye terus maring Mesir. 15 Terus manggon mangkana nganti Herodes mati. Bab mau kedadean ben genep sing di sabdane Gusti Allah lewat nabi : “soko Mesir tak undang anak inyong. 16 wektu Herodes ngerti nek deweke di lomboni nang-nang wong-wong majus mau deweke, deweke jengkel banget. Terus deweke perenta kon mateni sekabeh bocah bayi nang Betlehem lan sekitare ya bocah-bacah sing umurre rong tahun mengisor pas karo wektu sing di ngerteni nang wong-wong majus kuwe. 17 Mulane siki sabdane wis digenapi sing di usulna orang omongna nang nabi Yeremia. 18 Nang Rama, krungu suara wong pada nangis sing nelangsa banget, Rahel nangisi anak-anake lan deweke ora gelem dilupur, merga anak-anakku oranana maning. 19 sauise Herodes mati malaikatte Gusti Allah ngeton maring Yusuf nang sejeroning mimpi nang Mesir. 20 Tangio jioten anakmu karo biunge lan mangkata maring Israel sebab wong-wong kuwe sing garep mateni bocah-bocah mau wis mati. 21 Terus Yusuf tangi, anakke karo buyunge di jiot lan digawalunga maring tanah Israel. 22 Tapine sawise krungu, yen Arkhelaus dadi Raja nang Yudea gantikna Herodes, ramane, deweke wedi maring ngana. Sebab dielinga nang sejerone ngimpi, lunga Yusuf maring wilayah Galilea. 23 Sauise tekan kana deweke manggon neng kota sing jenenge Nasaret bab mau kedadean supayane sabdane terus digenapi sing omongnake nang nabi-nabi, yen deweke bakal kasebut: wong Nasaret.