1 ya kiye silsilahe Yesus Kristus, anak keturunane Daud, anak keturunane Abraham. 2 Abraham nduwene anak Ishak, Ishak manak Yakub, Yakub maak Yehuda lan sedulur-sedulur Liyane. 3 Yehuda nduweni anak Perees lan zerah sakang Tama, Peres manak Hezron, Hezron manak Ram. 4 Ram manak Aminadab, Aminadab manak Nahason, Nahason manak Salmon. 5 Salmon manak Boas sakang Rahab, Boas manak Obed saka Rut. Obet manak Isai. 6 Isai manak raja Daud, Daud manak Salomo sakang bojo Uria. 7 Salomo manak Rehabiam, Rehabiam manak Abia, Abia manak Uzia. 8 Asa manak Yosafat, Yosafat manak Yoram, Yoram manak Uzia. 9 Uzia manak Yotam, Yotam manak Ahas, Ahas manak Hizkia, 10 Hizkia manak Manasye, Manasye manak Amon, Amon manak Yosia. 11 Yosia manak Yekhonya lan sedulur-sedulur e wektu ana pembuangan maring Babel. 12 Sauwise ana pembuangan maring Babel, Yekhonya manak Sealtiel, Sealtiel manak Zerubabel. 13 Zerubabel manak Abihud, Abihud manak Elyakim, Elyakim manak Azor. 14 Azor manak Zadok, Zadok manak Akhim, Akhim manak Eliud. 15 Eliud manak Eleazar, Eleazar manak Matan, Matan manak Yakub. 16 Yakub manak Yusuf bojone Maria, sing ngLairaken Yesus, sing kasebut Kristus. 17 Dadine sekabehane ana pat belas keturunan sakang Abraham, nganti Daud, pat Belas keturunan sakang daud nagnti pembuangane maring Babel, lan pat belas keturunane sakang pembuangane maring Babel nganti Kristus. 18 Laire Yesus Kristus kuwe kaya kiye. Wektu Maria, beyunge Yesus tunangan karo Yusuf, deweke wis meteng sakang Roh Kudus, sedurunge deweke dadi manten. 19 Yusuf bojone, wong sing atine tulus lan ora gelem daweeirang jenenge bojone nang ngarepe wong akeh, deweke nduweni niat arep megat nganggo cara meneng-menengan. 20 Ningen deweke nimbang-nimbang maksude kuwe, malaikate Gusti Allah ngeton maring deweke nang sajrone ngimpilan ngomong “Yusus anak Daud, aja wedi yen kowe ngarah Maria dadi bojomu, jalaran sing nang sajrone werenge mau, sakang Roh Kudus. 21 Deweke bakal nglairna bayi lanang lan kowe kadu aweh jeneng Yesus, sebab deweke sing arep nylamet aken sakabehe umat sakang dosa-dosane wong kuwe. 22 Bab kuwe kedaden ben apa sing disabdakna Gusti Allah digenapi lewat Nabi. 23 ”Sebenere, bocah prawan mau bakal meteng lan bakal nglairna’ bayi lanang, lan deweke arep aweh jeneng “Imanuel” artine : Allah bareng-bareng karo aku kabeh. 24 Sawise tangi turu, Yusuf nuruti prentahe malaikate Gusti Allah marang deweke. Deweke ngarah Maria dadi bojone, 25 tapine ora nganti saresmi karo deweke nganti nglairna bayi lanang lan Yusuf aweh jeneng Yesus.