1 Yesus manggil rolas muride lan aweh kuasa maring kae-padha kanggo ngurak roh-roh jahat lan kanggo ngilangena sekabeh penyakit lan sekabehe kelemahan. 2 Kiye arane rolas rosul kue: sepisan Simon sing keceluk Petrus lan Andreas seludure lan Yakobus anak Sebedeus lan Yohanes sedulure. 3 Filipus lan Bartolomeus, Thomas lan Matius tukang tagi bea, Yakobus anak Alfeus lan Tadeus, 4 Simon wong Zelot lan Yudas Iskariot sing ngianati Dewekke. 5 rolas murid kue deprentah neng Yesus lan Dewekke pesen maring kae-padha: “ajaha koe nyimpang maring dalan bangsa lia utawa mlebuh maring kota wong Samaria. 6 Kudune lunga maring domba-domba sing ilang sekang umat Israel. 7 Lungaha lan beritakena: kerajaan sewerga uwis perek. 8 Marekena wong mriang; menyatena wong mati; marekna wong lepra; urakna setan-setan kae uwis olieh karo cuma-cuma sebab kue wenehna uga karo cuma-cuma. 9 Ajaha kae nggawa mas utawa perak utawa tembaga sejeroning bentingmu. 10 Ajaha kae nggawa sangu neng perjalanan, ajaha kae nggawa kelambi rong lembar, kasut utawane tongkat, sebabe sewijining wong nyamut gawe pantes olih upaeh. 11 Nek koe mlebu kota utawa desa; geletna neng kono sijining wong sing patut lan manggon maring kono butul koe mangkat. 12 Nek koe mlebu umah wong, wenehne salam maring kae padha. 13 Nek koe padha patut nampak, salammu kue mudun maring koe nduwure, nek ora, salam iku balik. 14 Lan nek sijining wong ora nampak owe lan ora ngrungokna omonganu metua lan tinggalna umaeh utawa kota itu lan kebasna lebueh sekang sikilmu. 15 Inyong ngomong karo koe: setemene padadina penghakiman lemah Sodom lan Gomora arep lewih enteng tanggungane sekang kota iku” 16 ”deleng, Inyong mrentah koe kaya domba neng tengah-tengah serigala sebabe koe kudune cerdik kaya ula lan tulus kaya dara. 17 Tapine wapadan maring kabeh wong jalaran ana sing arep nyerahna koe majelis agama lan koe padha arep nyiksa koe neng umah ibadah. 18 Lan sebabe inyong koe arep digiring maring ngarep penguasa lan raja-raja dadi kaseksen kanggone koe padha lan kanggo sing ora kenal Allah. 19 Nek kae padha nyerahena ajaha kae kewatir arep kepriwe lan arep apa sing kudu koe omongena. Jalaran kabeh iku arep dewenehake maring koe wektu kue uga. 20 Jalaran udu koe sing omong-omong jane roh Bapamu sing ngomong-ngomong sejeroning koe. 21 Wong nyerahna sedulure kanggo dipateni, uga sijining bapa maring anake lan anak-anak arep mbrontak maring wong tuane lan arep matening kae padha. 22 Lan koe arep dibenci sekabehe wong jalaran dene aran-Ku; nanging wong sing tahan butul rampung arep slamet. 23 Apa dene koe padha nganiaya koe neng kota sing siji, mlayua maring kota lia; jalaran Inyong ngomong maring koe: setemene sedurung koe rampung nekane kota-kota Israel anak menungsa uwis teka. 24 Wong murid ora luwih sekang gurune, utawa wong rayat sekang majikane. 25 Cukup kanggo wong murid nek dadi kaya gurune lan bagi wong rayat dadi kaya majikane. Nek sing due umah diarane Beelzebul, apamaning seisi umahe. 26 Dadi aja koe wetih maring kae padha jalaran ora ana sing ketutup, sing ora dibuka lan ora ana sing keumpet sing ora arep diketoni. 27 Apa sing Inyong omongena maring koe sejeroning peteng omongena bae jeroning padang. Lan apa sing dikrisikena maring kupingmu, beritakena kue sekang payon umah. 28 Lan ajaha koe wetih maring kae padha sing bisa mateni awak nanging ora kuasa mateni jiwa, wetiah maring kue sing kuasa mateni dene jiwa utawa awak sejeroning neraka. 29 Dudulah manuk emprit didol rong buntut seduit? Nanging sebuntut bae ora ana sing arep gigal maring kumi sejabaning kekar pane bapamu. 30 Lan koe, rambut siraehmu keetung kabehan. 31 Sebabe koe ajaha koe wedi, jalaran koe lewih anargane tenimbang akehe manuk emprit. 32 Saben wong sing ngakoni Inyong arep ngakoni neng arep Bapa-Ku neng sorga. 33 Tapine sapa wonge sing nyangkal Inyong neng arep menungsa Inyong uga arep nyangkal dewekke neng ngarep Bapa-Ku neng surga”. 34 ”ajaha koe nyangka, dene Inyong teka kanggo nggawa tentrem neng nduwur bumi; Inyong teka udu kanggo nggawa tentrem nanging sebenere pedang. 35 Jalaran Inyong teka kanggo misahna wong sekang bapane, anak wadon sekang biyunge lan mantu wadon sekang biyung mertuane, 36 lan musuh wong ya kuwe wong-wong seisi umaeh. 37 Sapa dene ngasihi bapa utawa biyunge lewih sekang Inyong dewekke ora pantes kanggo Inyong, lan dene ngasihi anake lanang utawa anake wadon lewih sekang Inyong dewekke ora pantes kanggo Inyong. 38 Sapadene ora mikul salibe lan melu Inyong dewekke ora pantes kanggo Inyong. 39 Sapadene nggondeli nyawane, deweke arep kikelangan nyawane lan sapa dene kelangan nyawane jalaran Inyong deweke arep olih nyawane. 40 Sapadene nyambut koe, deweke nyambut Inyong lan sapadene nyambut Inyong, dewekke nyambut kae sing prentah Inyong. 41 Lan sapadene nyambut sijining nabi, dadi nabi deweke arep nampa upah nabi, lan sapadene nyambut sijining wong bener dadi wong bener dewekke arep nampa upah wong bener. 42 Lan sapa dene aweh banyu adem secangkir bae maring salah sijining wong-wong sing cilik iki jalaran deweke murid-Ku Inyong ngomong karo koe sebenere deweke ora arep kelangan upaeh sekang deweke”.