1 Seuwis Yesus rampung karo kabeh pengajarane kue, ngomong kae aring murid-murid: 2 "Koe ngerti, merga rong dina maring arep di rayakna sesuguan, mulane Anak Manusia arep di serahna nggo di salibna." 3 Pas dina kae kumpul imam-imam gede karo tua-tua bangsa Yahudi nang istana imam gede sing jenenge Kayafas, 4 Karo deweke rembungan salah siji rencana nggo ndekep Yesus karo nglembo muslihat karo nggo mateni kae. 5 Tapi deweke ngomong: "aja pada wektu perayaane, men aja pada ribut nang antara masyarakat." 6 Wektu Yesus ana nang betania, nang umah Simon si kusta, 7 teka wong wedon aring kae ngawa buli-buli pualam isi lenga wangi sing larang. Lenga kae disiramna meng duwur siraeh Yesus, sing agi jagong madang. 8 Weruh gue murid-murid kesuh karo ngomong: "nggo ngapa pemborosan gue? 9 Merga lenga gue isa didol larang karo duite bisa nggo wong-wong kere." 10 Tapi Yesus ngerti pikirane deweke terus ngomong: "nangapa koe nyusahna wong wadon kie? merga kae uwis nglakukna kelakukan sing apik aring Aku. 11 Merga wong-wong kere slalu ana nggo koe, tapi aku ora arep bareng koe. 12 Merga karo nyiramna lenga kue meng awaKu, kue nggawe salah siji persiapan nggo nguburna Aku. 13 Aku ngomong aring koe: sebenere nang endi-endi Inji kue dibritakna nang kabeh dunya, apa sing dilakukna kie arep di sebut mbireng nggo ngingetna kae." 14 Terus lunga wong kang kerolas murid kae, sing jenenge Yudas Iskariot, aring imam-imam gede. 15 Kae ngomong: "apa sing arep koe wei aring aku, men aku ngewei kae aring koe? "Deweke mbayar telung puluh perak aring kae. 16 Karo mulai siki kae nggdet kesempatan sing maen nggo nyerahna Yesus. 17 Pada dina pertama kang dina raya roti ora aweh, teka muride Yesus aring kae karo ngomong: "nang ndi koe masrahna dewek nyiapna panganan sesuguan nggo Koe?" 18 Jawab Yesus: "lungalah meng kota aring si Anu karo ra ngomongna aring kae: jere pak guru: wektuku arep teka; nang njero umahmu aku arep ngrayakna sesuguan bareng karo muridKu." 19 Terus murid-murid nglakukna kaya sing di tugasna Yesus aring deweke karo nyiapna sesuguan. 20 Seuwise dina wengi, Yesus njagong madang bareng-bareng karo kerolas murid kae. 21 Karo wektu deweke lagi madang, Kae ngomong: "Aku ngomong aring koe, sebenere wong nang antara arep nyerahna Aku." 22 Karo ati sing banget nlangsane ngomong wong demi wong Kae: "udu aku ya Gusti?" 23 Kae njawab: "Kae sing bareng-bareng karo Aku ngedupna tangane meng njero mangkok kae, kaelah sing arep masrahna Aku. 24 Anak Menungsa emang arep lunga pas karo sing tertulis tentang Kae, tapi arep celaka wong sing nyerahna Anak Menungsa kae sing diserahna. Anu lewih maen bagi wong kae kirane ora dilahirna." 25 Yudas, sing arep nyerahna kae kue njawab serene: "udu aku, guru?" jere Yesus ating kue: "Koe uwis ngomongna." 26 Karo wektu deweke lagi madang, Yesus njukut roti, ngucap syukur, mecah-mecahna terus ngewekna aring murid-murid karo ngomong: "jukutlah, pangan gie awakKu." 27 Seuwis gue kae njukut gelas, ngucap syukur terus ngewekna aring deweke karo ngomong: "nginum, koe kabeh, kang gelas gie. 28 Merga gie getihKu, getih perjanjian, sing di wutahna nggo akeh wong nggo pengampunan dosa. 29 Tapi Aku arep ngomong meng koe: mulai kang siki Aku ora arep nginum maning kasil pokok anggur gie nganti pada dina Aku nginume, ya gue sing anyar, bareng-bareng karo koe nang njero kraton BapaKu." 30 Seuwise nembang kidung pujian, lunga Yesus karo murid-murid meng bukit Zaitun. 31 Terus ngomong Yesus aring deweke: "mbengi gie koe kabeh arep boyar imanmu merga aku. Merga ana sing wis di tulis: Aku arep mateni wong angon karo wilayah wedus kae arep bubar. 32 Tapi arep seuwise Aku arep disiti koe meng Galilea." 33 Petrus njawabe: "walaupun kae kabeh bubar imame merga jenengan, Aku sekali-kali ora." 34 Yesus ngomong aring kae: "Aku ngomong meng koe, sebenere mbengi gie, sedurung pitik kluruk koe ewis nglemboni Aku ping telu." 35 Jere Petrus aring kae: "apa enggane aku kudu mati bareng Koe, aku arep ora nglemboni jenengan." Kabeh murid sing lia bengomong kaya gue mbireng. 36 Mulane Yesus teka bareng murid-murid mengsuatu tempat sing jenenge Getsemani. Terus kae ngomong aring muride: "Jagong nang kene, nko Aku lunga meng nganah nggo donga." 37 Karo Kae ngawa Petrus karo ke loro anak Zebedeus karo mulai ngrasa nlangsa karo dledeg. 38 Terus jerene aring deweke: "atiKu nlangsa banget, kaya arep mati rasane turu nang kene karo jaga-jaga karo Aku." 39 Mulane Kae maju setitik, terus sujud karo donga, jerene: "ya Bapa-Ku, mbok kirane mungkin jorna gelas gie terus dari pada Aku, tapi aja kaya sing Aku kepengin, mending kaya sing Jenengan kepengin." 40 Seuwise gue Kae mbalek aring muride Kae karo nidokna deweke agi turu, karo Kae ngomong aring Petrus: "ora mungkin koe sanggup jaga-jaga sejam karo Aku? 41 Jaga-jaga karo ndong, men koe aja tiba meng jero cobaan: roh emang penurut, tapi daginge lemah. 42 Terus Kae lunga nggo kelorone kero donga, Jerene: "ya, Bapaku nek cawan gie ara mungkin terus, kecuali nek Aku nginuma, jadi kesenenganMu!" 43 Wektu Kae mbalek, Kae ngomongi deweke agi turu, merg mata deweke wis abot. 44 Kae ngejorna deweke nang kana terus unga karo donga nggo ping ketelune karo ngucapna donga sing kae mbireng. 45 Seuwisw Kae teka aring murid-muride karo ngomong aring deweke: "turu siki karo ngaso melek, sate wis teka, merga Anak Menungsa di serahkan meng tangan wong-wong dosa. 46 Tangi, ayoh dewek lunga. Kae sing nerahna Aku uwis perek." 47 Wektu Yesus esih ngomong Yudas teka, salah siji wong kang kerolas murid kae, karo bareng-bareng kae kumpulan gede wong sing gawa pedang karo pentung, di prentah nang imam-imam gede karo tua-tua bangsa Yahudi. 48 Wong sing nyerahna Kae uwis britakna tanda gie aring deweke: "wong sing arep aku ambung, guelah Kae, dekeplah Kae." 49 Karo cepet kae maju nngulihna Yesus karo ngomong: "Salam Robi," terus ngambung Kae. 50 Tapi Yesus ngomong aring kae: "Hai batir, nggo kaekah koe teka?" terus maju deweke njekel Yesus karo dekepna. 51 Tapi wong kang deweke sing kaya Yesus ngewekna tangane, nodong pedange karo ngletakna aring hamba imam gede nganti tugel kupinge. 52 Mulane jere Yesus aring kae: "lebokna pedang kae maning meng jero sarunge, merga barange sapa di enggo pedange, arep mati nang pedang. 53 Apa koe nyangka, merga aku ora ulih seneng aring BapaKu men kae cepet ngirim lewih kang rolas pasukan malaikat ngrewagi Aku? 54 Nek kaya gue, kepriwe arep digenepi sing tertulis nang jero kitab suci, sing ngomongna, merga kudu dadi kaya gue?" 55 Pada wektu gue Yesus ngomong aring wong akeh: "nyangkane koe Aku gie penyamun, mulane koe teka lengkap karo pedang karo pentung nggo dekep Aku? padahal tiap dina Aku njagong maraih Bait Allah, karo koe ora ndekep Aku. 56 Arep tapi kabeh gie dadi men genep sing ana tertulis nang jero kitab nabi-nabi." terus kabeh kae ninggalna Kae karo kabur. 57 Seuwise deweke dekep Yesus, deweke nggawa mengarepe Kayafas, imam gede. Nang kana uwis kumpul ahli-ahli taurat karo tua-tua. 58 Karo Petrus ngetutna Kae kang adoan nganti tempat imam gede, karo seuwise mlebu meng njero, kae njagong nang antara pengawal-pengawal nggo delengna kepriwe perkarane kae. 59 Imam-imam kepala, malah kabeh mahkamah agama mencari keseksian palsu termasuke Yesus, men Kae bisa di ukum mati, 60 tapi kae ora bisa, mesti akeh banget seksi dusta. Tapi ahire tampi wong loro, 61 Sing ngomongna: "wong gie ngomong: Aku bisa ngrubuhna bait Allah karo mbangun maning dalam telung dina." 62 Terus imam gede kae ngadeg karo ngomong aring Kae: "ora Koe aweh jawaban atas tuduhane seksi-seksi gie termasuke Koe?" 63 Tapi Yesus meneng. Terus jere imam gede kae aring Kae: "Demi Allah sing urip, omongna aring deweke, apa Koe Mesias Anak Allah, apa udu." 64 Yesus njawab: "Koe uwis ngomongna, arep tapi Aku ngomong aring Koe, mullai siki koe arep weruh Anak Menungsa jagong nang sebelah tengen sing Mahakuasa karo teka nang dowor lamuk nang langit. 65 Terus imam gede kae goyangna klambine karo ngomong: "Kae nyenyek Allah nggo ngapa deweke butuh seksi maning? Siki koe wis krungu nyatane. 66 pendapate koe? "kae njawab karongomong:Kae kudu di ukum mari!" 67 Terus deweke ngidoih raine karo nempiling: wong-wong lia gebugi Kae, 68 karo ngomong: "Jajal ngomong aring dewek, hai Mesias, sapa sing gebugi Koe?" 69 Wektu gue Petrus njagong nang ngarep umah ijig-ijig teka wong wedon aring kae, jerene: "Koe mbireng sering bareng Yesus, wong Galilea kae." 70 Tapi kae nglemboni nang ngarep akeh wong, jerene: "Aku ora ngerti, apa sing koe magsud." 71 Wektu kae lunga meng pintu gerbang, wong lia weruh kae karo ngomong aring wong-wong sing ana nang kono: "wong gie bareng karo Yesus, wong Nazaret kae:." 72 Karo kae nglembani mbireng karo sompah: "Aku ora kenal wong kae." 73 Ora sue maning wong-wong sing ana nang kono teka aring deweke Petrus karo ngomong: "mesti koe mbireng salah wong kang kae, kae nyata kang basamu." 74 Terus mulai Petrus ngutuk karo sumpah: "Aku or kenal wong kae." karo pada wektu kae pitik kluruk. 75 Terus kemutan Petrus arep ara sing di omongna Yesus aring kae: "sedurung pitik kluruk, Koe uwis nglemboni Aku ping telu." terus kae lunga meng jaba karo nangis.