1 Terus Isa Almasih ngomong karo wong akeh lan karo pengikut-Te, 2 “Guru-guru agama lan wong-wong Farisi ulih kekuatan nggo napsirna ukum Musa. 3 Sebabe kae naati lan turuti bae kabean sing kae prentahna. Tapi aja ngelakukna apa sing kae lakukna, sebab kae ora njalanna apa sing kae ajarna. 4 Kae nurut perkara-perkara sing angel lan diwei aturan-aturan sing abot ,tapi setitik bae koe pada ora nulung wong agi njalanna. 5 kabeh sing kae lakukna kur nggo dideleng wong tok. Kae kabeh sengaja nganggo tali sembayang sing amba-amba lan ndawakna rumbai-rumbai jubah kae kabeh! 6 Kae kabeh seneng nggon sing apik nang pesta-pesata, lan kursi istimewa nang umah-umah ibadat. 7 Kae kabeh seneng diormati wong nang pasar-pasar, lan di celuk’ Bapak Guru’. 8 Tapi koe kabeh, aja lah gelem diceluk’ Bapak Guru’, sebab Gurumu mung ana siji lan koe-koe kabeh seduluran. 9 Lan ajangantek koe kabeh nyeluk sijine wong nang dunia kie’ Bapak’, sebab Bapakmu mung siji, yakue Bapak sing nang surga. 10 Lan ajangantek koe kabeh gelem diceluk’ pemimpin’, sebab pemimpin mu mung ana siji, yakue Raja Penyelamat sing di janjikna nang Allah. 11 Wong sing paling gede nang antara koe kabeh, kudune dadi pembantumu. 12 Wong sing sombong arep di asorna, lan wong sing andap asor deweke arep dimulyakna.” 13 “Cilakalah koe kabeh guru-guru agama lan wong-wong Farisi! Koe kabeh tukang etok-etok. Koe kabeh ngalangi wong nggo dadi anggota umat Allah. Koe kabeh dewek ora gelem dadi anggota umat Allah, lan wong liane sing gelem, koe kabeh ngalangi. 14 Cilakalah koe kabeh guru agama lan wong-wong Farisi: Koe kabeh tukang etok-etok. Koe kabeh ngelemboni randa-randa lan ngerebut umaeh lan nggo nutupi kejahatan kue koe kabeh donga dawa-dawa. Kue sebabe ukuman koe kabeh engko abot! } 15 Cilakalah koe kabeh guru-guru agama lan wong-wong Farisi! Koe kabeh tukang etok-etok! Koe kabeh lunga adoh-adoh nyebrang segara, lan njlajahi daratan mung go dadekna sewong mlebu agamamu. Lan seuise wong kue mlebu agamamu, koe kabeh dadekna kae calon neraka sing rong lipete lewih jahat sekang koe kabeh dewek! 16 Cilakalah koe kabeh pemimpin-pemimpin sing picek! Koe kabeh ngajarna kie’, Nek wong sumpah nggo umah Gusti, wong kue ora kejiret maring sumpahe; Tapine yen dewekne bersumpah demi emas nang jero umah Gusti, dewekne kejiret nang sumpahe kue’. 17 Koe kabeh wong-wong bodo sing picek! Endi sing lewih penting: Emase, utawa umah Gusti sing dadekna emas kae suci? 18 Koe kabeh ngajarna kie uga,’ yen wong sumpah demi mezbah, wong kue ora kejiret dening sumpahe; tapi yen dewekne sumpah demi persembahan nang nduwur mezbah kue, dewekne kejiret nang sumpahe kue.’ 19 Kayangapa piceke koe kabeh! Endi sing lewih penting? Persembahane utawa mezbah sing dadekna persembahan kue suci? 20 Sebab kue, yen wong bersumpah demi mezbah, kue berarti dewekne bersumpah demi mezbah, lan demi kabeh persembahan sing ana nang nduwure. 21 Lan yen wong bersumpah demi umah Gusti, kue berarti dewekne bersumpah demi umah Gusti kue, lan demi Allah sing manggon nang kono. 22 Lan yen wong bersumpah demi surga, kue berarti dewekne bersumpah demi tahta Gusti, lan demi Allah sing njagong nang tahta kue. 23 Cilakalah koe kabeh guru-guru agama lan wong-wong Farisi! Koe kabeh tukang etok-etok. Rempah-rempah kaya selasih, adas pulasari, lan jintan, koe kabeh wei persepuluane meng Gusti. Padahal perkara-perkara sing paling penting njero ukum-ukum agama , kaya kie misale: Keadilan, welas asih, lan kesetiaan, ora koe kabeh pedulikna. Padahal kaelah sing kudune koe kabeh lakoni, kejaba sing lia-liane uga. 24 Koe kabeh pemimpin-pemimpin sing picek! Laler nang jero inumane koe kabeh disaring, padahal unta nang koe kabeh dieleg? 25 Cilakalah koe kabeh guru-guru agama lan wong-wong Farisi! Koe kabeh tukang etok-etok ! Mangkok-mangkok lan piring-piringe koe kabeh kumbah resik-resik bagian jabane, padahal bagian jerone kotor banget karo perkara-perkara sing koe kabeh ulih karo paksaan lan kesrakaan. 26 Hei wong Farisi sing picek, resik nalah disit njerone cawan kue, mula sebelah njabane uga arep resik . 27 Cilakalah koe, he ahli-ahli Taurat lan wong-wong Farisi, hai koe wong-wong munafik, sebab koe pada kaya kuburan sing di labur putih, sing sebelah jabane pancen bersih ketone, tapine sing sebelah njerone akeh balung-balung lan pirang-pirang jenis kotorane. 28 Kaya kuelah koe, nang sebelah njabamu katon bener nang pendelengane wong, tapi nang sebelah njerone koe akeh kemunafikan lan keserakahan. 29 Cilakalah koe, he ahli-ahli Taurat lan wong-wong Farisi, he koe wong-wong munafik, sebab koe, mbangun kuburane para nabi, lan ngapiki tenger wong-wong soleh 30 lan ngomong: yen inyong kabeh urip nang jaman mbah-buyute dewek, mulane inyong kabeh ora melu karo kae kabeh sing melu mateni para nabi kue. 31 Tapi yen kayakue koe nekseni maring awakmu dewek, nek koe kue turunane sing mateni para nabi kue. 32 Dadi turuti bae takerane mbah- buyutmu! 33 He koe jahat, he koe keturunane wong jahat! Ora mungkin koe bisa ngluputna awakmu sekang ukuman neraka. 34 Sebab kue, delengna, Aku ngutus maring koe para nabi, wong-wong wicaksana lan ahli-ahli Taurat: separo nang antarane kae kabeh arep koe pateni lan koe salibna, sing liane arep koe siksa nang umah-umah ibadatmu, lan koe aniaya kang kota meng kota, 35 supaya koe nanggung akibate tumpleke getih wong sing ora salah mulai sekang Habel, wong bener kue, ngantek gutul maring Zakaria anak Berekhya, sing koe pateni nang antara panggonan kudus lan mezbah. 36 Aku ngomong maring koe: Sebenere kabehan kie arep ditanggung nag pewnerus kie!” 37 ”Yerusalem-yerusalem, koe sing mateni para nabi, lan nyerampangi karo watu wong-wong sing di utus meng koe! Bola-bali Aku kepengin ngumpulna anak-anakmu, pada bae kaya babon ayam ngumpulna anak-anake nang ngingsor cewiwine, tapi koe ora gelem. 38 Delengna umahmu kie arep ditinggalna lan dadi sepi . 39 Lan Aku ngomong meng koe: Mulai siki koe ora arep ndeleng Aku maning, ngantek koe ngomong Diberkailah Kae sing teka nganggo jenenge Gusti!: