Pasal 24

1 Seuise kue Isa metu sekang Bait Allah,terus lunga. Mula pada teka murid-murid-E lan nidokna meng bangunan-bangunane Bait Allah. 2 Dewekne Ngomong meng kae kabeh: ”Koe ndeleng sekabehane kue? Aku ngomong meng koe, sebenere ora sijia watu acan nang kene arep dijorna nggeletak nang nduwur watu sing liane; Sekabehane arep di ajurna.” 3 Nalika Isa agi njagong nang Bukit Zaitun,pada teka murid-murid-E meng dewek-Ne nggo omong-omongan dewekan karo Dewek-Ne. Jere kae kabeh:”Omongna bae meng inyong kabeh, kepriwe perkara kie arep kedadeyan lan apasih tengere teka-Mu lan tengere rampunge dunia?” 4 Jawabe Isa meng kae kabeh: ”Ngati-ati men aja ana wong sing nyengsarana koe! 5 Merga akeh wong arep teka karo nganggo jeneng-Ku lan ngomong: Akulah Mesias, lan kae kabeh arep nyesatna wong akeh. 6 Koe arep ngringokna Gendang perang utawa kabar-kabare soal perang. Nanging kudu ngati-ati aja nganti koe kewatir; merga sekabehane kue kudu kedadeyan,tapi kue urung rampung kabeh. 7 Merga bangsa arep bangkit ngelawan bangsa, lan kerajaan ngelawan kerajaan.Arep ana kekurangan pangan lan lindu nang pirang-pirang nggon. 8 Tapine kabeh kue mbene awale kesengsaran meng jaman anyar. 9 Nang wektu kue koe arep diwekna kon disiksa, lan koe arep dipateni lan arep disengit kabeh bangsa dening sebab jeneng-Ku, 10 lan akeh wong arep murtad lan kae kabeh pada-pada ngawehna lan pada-pada sengit. 11 Akeh nabi palsu arep teka lan nyengsarana wong akeh. 12 Lan karna saking akehe angkara murka, mula kasih akeh-akehe wong arep dadi ngurangi. 13 Tapi wong sing kuat nganti maring akhire arep slamet. 14 Lan Injil Kerajaan kie arep di beritakna nang sekabehe dunya men dadi keseksian kabeh bangsa,sewise kue tembene teka akhire.” 15 “Dadi yen koe ndeleng pembunuh kejem ngadeg nang panggonan suci, jere firman sing disampekna nang nabi Daniel_para pemaca kudune nggatekna_ 16 mula wong-wong sing nang Yudea kudu lunga meng pegunungan. 17 Wong sing agi nang payon nduwur umah aja ngantek deweke mudun nggo jiot bekakase sekang umaeh, 18 lan wong sing agi nang kebon aja ngantek deweke mbalek nggo jiot sandangane. 19 Cilakane wong wadon sing agi meteng utawa sing agi nusoni bayine nang wektu kue. 20 Ndonga’a ben nang wektu koe lunga kue aja sampe nang musim adem lan aja ngantek nang dina sabat(sabtu). 21 Merga nang masa kue arep ana siksaan sing dahsyat kaya sing urung pernah kedadeyan nang kawit awale dunya nganti saiki lan sing ora arep kedadeyan maning. 22 Lan sekirane wektune ora dicepetna,mula sekang sekabehane sing urip ora arep ana sing selamet ; Tetapine karna wong-wong pilihan wektu kue arep dicepetna. 23 Nang wektu kue umpama ana wong ngomong meng koe: Deleng, Mesias ana nang kene,utawa Mesias ana nang kana, aja koe percaya. 24 Merga Mesias-mesias palsu lan nabi-nabi palsu arep teka lan kae kabeh arep nganakna tanda-tandane sing dahsyat lan mujizat-mujizat, nganti kirane bae bisa,kae kabeh nyengsarana wong-wong pilihane uga. 25 Gatekna, Aku wis ngomongi disit meng koe. 26 Dadi,nek wong ngomong meng koe: Deleng, Kae ana nang padang gurun,aja nganti koe lunga meng nganah; utawa: Deleng,Kae ana nang jero kamar, aja nganti koe percaya. 27 Merga pada bae kaya bledeg nyamber sekang sebelah wetan lan ngelepna cahyane tekan kulon, ya kaya kue ngemben tekane Anak Menungsa. 28 Nang endi ana batang, nang kono manuk alap-alap ngumpul.” 29 “Bar wis mangsa siksaan kue, srengenge arep dadi peteng lan wulan ora nyala lan lintang-lintang arep pada tiba sekang langit lan kewasa-kewasa langit arep oyag. 30 Nang wektu kue arep keton tengere Anak Menungsa nang langit lan kabeh bangsa nang alam dunya arep keweden lan kae kabeh arep weruh Anak Menungsa kue teka nang nduwur lamuk langit karo sekabehe kwasa lan kamulyaane. 31 Lan Deweke arep prentah metu malaekat-malaekate karo ndamuh sangkakala sing dahsyat monine lan kae kabeh arep ngumpulna wong-wong pilihane kang patang penjuru bumi,sekang tuntung langit sing siji meng tuntung langit sing liyane. 32 Jiot ajaran sekang pengumpamaan soal wit ara: Seumpamane pang-pange nyiliki lan mulai tukul,koe ngerti,yen mangsan panas wis perek. 33 Kaya kue bae, nek koe ndeleng sekabehane kie, ngerti ora yen wektune wis perek,wis nang ngarep lawang. 34 Aku ngomong meng koe: Sebenere penerus kie ora arep ilang, seurunge sekabehan kie kedadeyan. 35 Langit lan alam dunya arep ilang tapi omongan-Ku ora arep ilang. 36 Tapi soal dina lan wektu kue langka siji acan wong sing ngerti,malaekat-malaekat nang suarga ora,lan Anak uga ora,cuman Bapak dewek sing ngerti.” 37 ”Merga kaya hale nang jamane Nuh,kaya kuelah hale ngemben nang tekane Anak Menungsa. 38 Merga pada kaya kae kabeh nang jaman seurunge air bah (tsunami) kue mangan lan nginum,kawin lan ngawinna, tekan wektune Nuh mlebu meng jero Kapal, 39 lan kae kabeh ora ngerti arep ana apa-apa, seurunge air bah (tsunami) kue teka lan ngilangna kae kabeh,kaya kue uga hale ngemben nang tekane Anak Menungsa. 40 Nang wektu kue nek ana wong loro nang kebon, sing siji arep digawa lan sing liane arep ditinggalna; 41 nek ana wong wedon loro agi ngubengna watu penggilingan,sing siji arep digawa lan sing liane arep ditinggalna. 42 Merga kue pada ngati-ati sebab koe ora ngerti nang dina apa Gusti Allahmu teka. 43 Tapi gatekna kie: Nek sing due umah ngerti nang wektu apa nang wayah mbengi maling arep teka,wis mesti deweke ngati-ati lan ora arep ngejorna umaeh di leboni maling. 44 Merga kue, kudune koe uga siap-siap,merga Anak Menungsa teka nang wektu sing ora dinyana-nyana.” 45 “Sapa sih pelayan sing setia lan sing wicaksana,sing dipercaya nang majikane meng anak buaeh nggo ngewekna kae kabeh panganan nang wektune? 46 Ngerasa seneng pelayan,sing kewenangan majikane agi ngelaksanakna tugase kue,nalika pas majikane teka. 47 Inyong ngomong meng koe: Sebenere majikane kue arep ngunggahna pangkate kae dadi mandor sekabehane dueke. 48 Tapi nek seumpamane pelayan kue jahat lan karo ngmong nang njero atine : 49 Majikanku ora teka-teka, terus dewekne mulai ngantemi pelayan-pelayan liane, lan mangan nginum bareng-bareng tukang mabok, 50 mula majikane pelayan kue arep teka nang dina sing ora dinyana-nyana, lan nang dina sing ora dingerteni, 51 lan arep mateni kae lan ndadekna kae pada bae karo wong-wong munafik. Nang kana kang arep ana keweden lan gatike untu.”