1 alik maning Isa ngomong maring kaekabeh liwat ngibarat, 2 ”Kerajaan Surga kue bisa di ngibaratna karo raja sing nganakna suguhan kawinan kanggo anake. 3 Dewekne prentah kawula-kawulane metuk wong-wong sing uis diundange,tapine para undangan kue ora gelem teka. 4 Sang raja balik maning prentah kawula-kawula sing liane karo pesen,omomgna bae maring sing pada diundang kue:Delengen suduhan wis teksediakna,sapi-sapi lan kewan ingonan lia sing lemu-lemu ya wis di sembeleh, lan sekabeane wis kesedia. Dadi tekaa nang suguan kawinan kue. 5 Tapine tetep bae kae kabeh ora peduli.Anaa sing lunga meng kebon lan ana uga sing ngurusi usahane. 6 Nganti ana sing ndimek kawula-kawula kue terus nganiaya lan mateni kae kabeh. 7 Sang raja uga dadi kesuh banget, terus dewekne nggiakna bala tentarane nggo mbinasakna tukang mateni kue lan mbakar kotane kae kabeh. 8 Seteruse sabda raja maring kawula-kawulane,suguhan kawinan wis di siapna,tapine kae kabeh sing uis di undang kue pancen ora pantes di undang. 9 Sebab kue lungaa meng saben-saben simpang dalan lan sengi bae saben-saben wong sing koe temoni kon teka nang suguhan kawinan kie., 10 Terus kawula-kawula kue lunga meng dalan-dalan nggo metuk saben wong sing ditemoni nang kana,sing jahat lan uga sing apik.Akhire nganti kebek nggon suguhan kawinan kue karo tamu-tamu. 11 Terus raja kue mlebu nggo ndeleng tamu-tamune. Dewekne ndeleng sijine wong sing ora nganggo sandangan sing ora pantes di sandang nggo teka nang suguhan kawinan. 12 Terus raja ngomong maring wong kue,He sedulur, nangapa koe mlebu mengeneh karo ora nganggo sandangan suguhan? Tapine wong kue meneng bae. 13 Mula raja kue ngomong maring kawula-kawulane,Jireta tangan karo sikile,terus buanga dewekne mang meng panggonan sing paling peteng.Nang gon kue ana keweden lan katike untu. 14 Merga akeh wong sing diceluk,tapine mung setitik sing dipilih.” 15 Bar kue wong-wong sekang mazhab Farisi kue lunga lan mufakatan soal kepriwe carane nyobani Isa sekang omonga-Ne. 16 Seteruse kae kabeh perentah pengikut-pengikute kae kabeh sarta wong-wong Herodian pada takon maring Isa, ”Ya Guru,aku kabeh ngerti yen Koe wong sing jujur. Koe mulangna dalane Allah karo jujur,lan Koe ora dueni rasa wedi meng sapa bae merga Koe ora ndzeleng rupa. 17 Merga kue omongna maring inyong kabeh kepriwe pendapat-Mu.Apa ulih mbayarpajeg maring Kaisar utawa ora?” 18 Tapine Isa ngerteni atine jahate kae kabeh.Terus Sabdane maring kae kabeh,he wong-wong munafik, nangapa koe nyobani Inyong? 19 Tidokna meng Inyong duit sing di enggo nang koe nggo mbayar pajeg.”Kae kabeh uga nggawa sekeping duit dinar maring Deweke. 20 terus Sabdane maring kaekabeh,”Gambar lan cap sapasih kie?” 21 Jawabe kae kabeh,”Gambar lan cap Kaisar.”Seteruse sabdane Isa maring kae kabeh, ”Wekena maring Kaisar apa sing kudune diwekna maring Kaisar, lan wekena maring Allah apa sing kudune diwekena maring Allah.” 22 Krungu jawaban kue kae kabehuga krasa gumun, seteruse lunga ninggalna Isa. 23 Nang dina kue uga pada teka maring Isa wong-wong sekang Mazhab Saduki sing ndueni pendapat yen kebangkitan wong mati kue ora ana. Seteruse kae kabeh takon maring dewek-Ne, 24 “Ya Guru,miturut Firman sing di tekakna liwat Musa, nek bojo lanang mati ora ninggalna anak,mula sedulur lanange kudu ngawini almarhum kue,supayane ulih keturunan nggo almarhum. 25 Nang antarane inyong kabeh ana sedulur pitu. Turunan sing pertama mati barkawinan merga dewekne ora due keturunan mula randane almarhum kue dikawini nang sedulure. 26 Kaya kue uga karo sedulur sing keloro,sing ketelu,mbangkan nganti sing kepitu. 27 Nang akhire, bar sekabehane mati wong wadon kue uga mati. 28 Nang dinane bangkit ngemben sapa kang aring pitung sedulur kue sing arep dadi bojone wong wadon kue? Merga kabehane wis dadi bojone.” 29 Sabda Isa maring kae kabeh,”Koe sesat, sebab koe ora ngerti isi Kitab Suci apamaning kuasane Allah. 30 Nang dina kebangkitan,wong-wong ora bakal kawin lan dikawinna. Kahanane kae kabeh nang Surga bakal kaya Malaikat. 31 Tapine ngenani kebangkitane wong-wong mati, apa koe urung tau maca apa sing wis di Sabdakna Allah maring koe? 32 Aku kie Gustine Ibrahim,Ishak,lan Yakub.”Dewekne udu Gusti sing disembah nang wong mati,tetapine nang wong urip.” 33 Nalikane wong akeh krungu perkara kue kae kabeh krasa gumun karo wulanga-Ne. 34 Sewektu-wektu wong-wong Farisi ngrungokna, nek Isa wis gawe wong-wong saduki kue meneng,mengko dadi sijilah koe kabeh. 35 Lan salah siji kan deweke, wong sing pinter agama, nakokna kanggo nyontoni deweke. 36 Sing mulang hukum endi bae sing paling maen nang hukum Taurat. 37 Jawabane Isa maring deweke: Asihilah Gusti Allah mu, karo tulus ihlas atimu lan karo awakmu,lan karo polah tingkahmu. 38 Kuelah hukum sing utama lan sing paling disit. 39 Lan hukum sing keloro, sing pada karo kue, yakue asihilah sepadane menungsa kaya maring awake dewek. 40 Maring keloro hukum kiyelah maring sekabehane hukum Taurat, lan kitab para nabi.” 41 Sewektu-wektu wong Farisi lagi pada kumpul, Isa takon maring deweke, Omonge: 42 Apa pengertimu maring Mesias ? Anake sapa Deweke? Omonge wong akeh Deweke anake Daud . 43 Omonge maring deweke:”Nek kaya kue, kepriwelah Daud ulih dipimpin Roh ulih nyebut deweke Ndarane, selagi deweke ngomong. 44 Gusti tes ngomong maring Ndaraku njagong nga nang sebelah tengenku, nganti mungsuh-mungsuhmu disogna nang ngingsor sikilmu. 45 Dadi nek Daud nyebutna Deweke Tuane, lan ora mungkinlah Deweke kue anake. 46 Ora nana salah sijine wong sing bisa njawaba, lan sewektu kue salah sijine wong sing wani nakokna salah sijine.