Pasal 21

1 Nalika Isa Almasih lan uis edek Yerusalem lan teka nang Betfage sing perek nang bukit Zaitun. Isa Almasih mrintah murid-murid-e loro. 2 Kanti pesen:”Lungalah meng desa sing nang ngarepmu kue, lan nang kono kowe enggal mrangguli sijine kuldi wadon cancangen lan anake nang cedeke uculna kuldi kue lan gawanen lorone maring inyong. 3 Lan nek ana wong lakon kowem omongna: Gusti mbutuhken kiambake arep tumuli mablekna”. 4 Bab kue kelakin supaya genap Firman sing di omongna nang nabi. 5 ”Omongna meng putri Sion: deleng Rajamu rawuh maring ko, Panjenengan alus pangandikane lan nitih kuldi, sisijine kuldi sing enom”. 6 Mulo murid-murid-e lunga lan nglakokna apa sing di dawuhna Isa Almasih maring dewekne. 7 Dewekne nggawa kuldi wadon lan baren belone, terus dirarabi karo sandangane deweke lan Isa Almasih terh nitih nang nduwure. 8 Wong ake sing banget akeh cacaeh nyebaraken sandangane ing dalan, ana uga sing ngetok pang-pang sekang wir-witan lan nyebarna nang ndalan. 9 lan wong akeh sing mlaku nang ngarepe Isa Almasih lan sing ngetukna sekang mburine bersurak-surak, omonge: “Hosana katur Putrane Daud, diberkahono Isa Almasih kang rawuh sekang asmane Gusti, hosana ing panggenan kang moho luhur!”. 10 Nalika Panjenengane mlebu ing Yerusalem, oreg kabeh kota kue lan wong ngomong “sapa sih wong iki”. 11 Lan wong akeh kue podo mangsuli iku Nabi Isa Almasih sekang Nasaret ing tanah Galilea. 12 Terus Isa Almasih mlebu ing Bait Allah lan ngurak kabeh wong sing dol tinuku nang plataran Bait Allah. Kiambake nggulingaken meja-meja sing ngo nukar duit lan bangku-bangku bakul dara. 13 Lan ngendika maring deweke :”Ono katulis: umah Inyong arep di sebut umah donga ananging kowe didadekaken susu maling”. 14 Mulo pada teka wong-wong picek lan wong-wong dengklang maring kiambake nang njerone Bait Allah kue lan deweke di marekaken nang kiambake. 15 Ananging nalika imam-imam jeoaka kab ahli-ahli Taurat ndeleng mujizat-mujizat sing di gawe kiambake kue lan bocah-bocah sing pada nguwuh-uwuh nang Bait Allah:”Hosana kanggo Putrane Daud:” atine deweke pada jengkel. 16 Terus deweke ngomong maring Panjenengane:”kowe krungu apa sing di omongna bocah-bocah iki:” ngendikane Isa Almasih maring deweke : “Inyong krungu; durung tau kowe maca: Sekang cangkem bayi-bayi lan lare-lare sing nyusu Panjenengan sampun nyawisaken puji-pujian?”. 17 Terus kiambake ngluangani deweke lan lunga meng njaba kota Betania lan nyareh nang kana. 18 Wektu esuk-esuk nang dino Jerone tindake kiambake bali nang kota, Isa Almasih ngrasa luwih. 19 Perek dalan kiambake ndeleng wit anyir terus tindak mengana. Ningen kiambake ora nemoni apa-apa tekan wit kue kejabane godong-godong bae. Pengendikane maring wit kue :”kowe ora arep woh maning selawas-lawase!” lan samana kue uga garing wit anyir kue. 20 Ndeleng kejadian kue gumun murid-murid-e, banjur ngomong: “kepriwe bisa wit anyir kue ijig-ijig dadi garing?”. 21 Isa Almasih mangsuci deweke :”Inyong ngomong maring ko, sabenere yen kowe ngandel lan ora ragu, kowe dudu mung arep bisa gawe apa sing Inyong gawe karo wit anyir iku, ningen uga menawa kowe ngomong maring gunung iki: kontal lan kecempluk nang jerone segara! Masalah kue arep kedaden 22 Lan apa bae sing kowe njaluk ing pang ndonga kanti gandel banget, kowe bakal nampani”. 23 Banjur Isa Almasih mlebu nang Bait Allah, lan naliko kiyambake ngajar nang kono. Pada teka imam-imam lan pina tua bangsa Yahudi maring kiyambake, lan pitakon:”Nganggo kuasa apa Panjenengan ngalkakna masalah iku? Lan sapa sing weh kuasa iku maring Ko?”. 24 Wangsulane Isa Almasih maring deweke ;”Inyong uga arep ngajogna siji pitakon maring ko lan menawa kowe aweh jawabane maring inyong , inyong arep ngomongaken uga maring ko nganggo kuasa apa Inyong ngalkoni masalah-masalah iku. 25 Sekang endi baptisan Yohanes? Sekang suarga utawa sekang menungsa? Deweke rembugan ing antarane dewekw, lan ngomong :”yen dewek ngomongna sekang suarga kiyambake arep ngomong maring inyong kabeh: nek kaya kue, nang apa kowe ora ngandel maring deweke?. 26 Ningen menawa dewek ngomongna : Sekang menungsa, inyong kabeh wedi maring wong akeh, merga kabeh wong nganggep Yohanes iku nabi”. 27 Terus deweke mangsuli Isa Almasih :”Inyong ora ngerti”. Lan Isa Almasih uga ngomong maring deweke :”yen kaya kue, inyong uga ora ngomongaken maring ko nganggo kuasa apa inyong nglakukno masalah-masalah iku”. 28 Ningen apa penemumu bab iki : ana wong ndue anak lanang lan loro. Inyong lunga maring bocah sing mbarep lan ngomong: Anakku, lunga lan nyambut gawe dina kiye nang kebun anggur. 29 Wangsulane bocah iku : nggih, romo, ningen deweke ora lunga. 30 Terus wong iku lunga maring bocah sing nomor loro lan ngomong kaya kue uga. Lan anak iku mangsuli : Inyong ora gelem, ningen sauise deweke ngajok terus lunga uga. 31 Sapa ing antarane wong loro iku sing ngalkokna karepe Bapake?”wangsulane deweke :” seng keri”. Ngendikane Isa Almasih maring deweke :”Inyong ngomong maring ko, sebenere tukang-tukang njaluk pajeg lan wadon-wadon tuna susila arep ndisiti kowe mlebu jeroning kratoning Allah. 32 Mergo Yohanes teka kanggo nidokaken dalan kang bener maring ko, lan kowe ngandel maring deweke. Ningen tukang-tukang njaluk pajeg lan wong wadon tuna susila ngandel maring deweke. Lan senajan kowe waruh, ningen mbanjurkowe ora ngajok lan kowe uga ora ngandel maring deweke”. 33 ”Rungakna ono pasemom liane, ana seijine wong kang gawe kebon anggur lan nandur pager mubeng deweke ngeduki blumbang kanggonan meres anggur lan ngedekken panggonan jaga ing jerane kebon iku seuise deweke nyewakna kebon kue maring tukang sewa terus mangkal negeri lia. 34 Naliko meh tekan masa panen, deweke prentah bature maring tukang sewa ku nggo nampani asile sing dadi bagiane. 35 Ningen tukang-tukang sewa iku nyeket bature iku : deweke nggebugi sing siji wong mateni sing lia lan mbalangi sing lia uga karo watu. 36 Sauise majikane iku prentah maning batur sing lia lewih akeh katimbang sing disik, ningen deweke kabeh nglakoni kaya batire deweke. 37 Wusono deweke prentah anake maring deweke, omonge : Anakku arep deweke ngandel 38 Ningen pas tukang-tukang sewa iku ndeleng anake iku, deweke ngomong maring wong siji lan liane: deweke iku ahli warise, ayo deweke pateni kae, supaya warisane dadi dueke dewek. 39 Deweke nyekel lan diuncalaken maring njaba kbon anggur iku terus di pateni 40 Mulo semangsa sing ndue kebon anggur iku teka, apa sing arep dilakokna maring tukang-tukang sewa iku?”. 41 Omonge deweke maring ka-e:”inyong arep mbinasakena wong-wong kejem iku lan kebon anggur-e arep disewakna maring tukang sewa liane, sing arep nyerahken hasile maring deweke nang wektune:” 42 Ngendikane Isa Almasih maring deweke :”durung perna kowe mbaca jerone kitab suci: waktu kang dibuang nang tukang-tukang bangunan uis dadi watu nang pojokan : masalah iku wis kedadian sekang pihak Tuhan. Sijine kedadean kang elok ing pendelongan dewek. 43 Mulane, Inyong ngomong marang koe yen kratone Allah bakal di pundut sekang ing kowe lan arep diwehna maring sawijine bangsa sing arep ngasilaken woeh kraton iku. 44 Lan sapa bae sing tibo ing waktu iku bakal ajur lan sapa bae sing ketiban watu, iku bakal reuk”. 45 Nalika pangarep imam-imam lan wong-wong Farisi krungu pasemon-pasemon Isa Almasih deweke ngerti sing di maksud-na. 46 Lan deweke mbudi daya kanggo nyekel panjenengane, ningen deweke wedi karo wong akeh merga wong akeh iku nganggep kiyambake nabi.