Pasal 20

1 Anane perihal Kerajaan Suwarga pada bae kano sawijining majikan, sing esuk-esuk banget metu nggolei wong-wong sing nyambut gawe nang kebon anggure. 2 Sawise dewekw setuju karo pegawe-pegawe kuwe nganani upah sedinar sedino, banjur perintah dewekw maring kebon anggure. 3 Kira-kira jam sanga esuk deweke metu maning lan weruh ana wong lia maning nganggur nang pasar. 4 Ngomonge maring dewekw lunga uge kowe maring kwbon anggure nying lan apa sing pantes arep inyong wehna maring kowe lan dewekw banjur lunga. 5 Antara jam rolas lan jam telu sore deweke metu maning lan nglahahena kaya mau maning. 6 Antara jam lima sore dewekw metu maning lan nemohna wong liya uga banjur ngomong maring deweke: Kenapa kowe nganggur bae nang kene sedawane dina?. 7 Wangsulane maring dewekw: soale ora ana wong ngupahi inyong kabeh banjur ngomong maning dewekw lunga uga kowe maring kebon anggre inyong. 8 Wektu wayah mbengi sing duwe kebon kuwe ngomong maing mandore, undang sing pada nyambut gawe kuwi lan bayar upah deweke kawit sing mlebu kene dewe, anganti tuhan sing disit dewek. 9 Mula teka deweke sing mulaih nyambut gawe, kira-kira jam lima, lan deweke saben wong siji di bayar sedinar. 10 Banjur, teka deweke sing meleh disit, sekirane arep oleh akeh nanging deweke nampa saben wong sedinan uga. 11 Wektu deweke nampani, deweke nggrundeng maring sing duwe kebon kuwi. 12 Ngonange: deweke sing mlebu keri kiye lesu nyambut gawe sejam lan kode madahna deweke karo inyong kaleh sing tutug sedina nyambet gawe abot, lan kena soroting srengenge. 13 Ananging sing duwe kebon kuwi mangsuli salah sijine wong sekang deweke: sedulur aku ora tumindah ora adil maring kowe, ananging deweh luis setuju sedinar sedina. 14 Juhut bagiane kowe lan lunga: inyong arep ngawehna maring wong sing mlebu kiye pada karo maring kowe. 15 Ora-ora ne inyong bebas nganggo duweke inyong manut karepe atine inyong? Utawa atine kowe iki, menga inyong eman. 16 Ya kaya kuwe wong sing keri arep dadi disit, lan sing disit arep dadi sing keri. 17 Wektu Gusti Yesus arep lunga maring Yerusalem, piyambake nimbali kerolah manide dewek, lan ngendika maring deweke nang tengah ndalem. 18 Sihi deweh lunga maring Yerusalem, lan anak menungsa arep diwehna maring imam-imam kepala lan ahli-ahli taorat lan deweke arep nibahena piyambahe ukuman mati. 19 Lan deweke arep ngawehna piyambake maring bangsa-bangsa sing ra kenal Gusti Allah, bene piyambake diwadani lan dicaci lan disalibna, banjur dina ketelu piyambake arep di tangehna. 20 Mula uka ibu putra-putra Zebedeus karo putra-putra ne kuwe maring Gusti Yesus, banjur sujud nang ngarepe piyambake kanggo nyuwun samubarang maring Panjenengan. 21 Ngandikane Gusti Yesus, apa sing kowe karepna? Jawabe wehna printah ben keloro anah inyong kiye bisa lingguh mengko nang njero Kerajaane Panjenengan sing siji nang sebelah tengene Panjenengan, lan sing sijine maning nang sebelah kiwone Panjenengan. 22 Ananging Gusti Yesus njawab: ngendikane kowe oaea ngerti apa sing kowe njaluk. Bisae kowe nginum cawan sing kudu inyong ombe, deweke ngomong maning Panjenengane aku bisa. 23 Gusti Yesus ngendikea maring deweke cawane inyong pancen arep kowe inum ananging perihal lungguh sang sebelah tengene inyong utawa nang sebelah kiwone inyong. Inyong ora ngehaki ngawehena. Kuwe arep diwehna maring wong sapa bae. Rama inyong wis nyediakena 24 Krungu kaya kuwe, jengkel sepuluh murid sing liyane maring ke loro sedulur kuwe. 25 Ananging Gusti Yesus nimbali deweke banjur ngendika kowe ngerti lanamoa pemerintah-pemerintah, bangsa-bangsa, perintah nahyale karo tangan wesi lan pembesar? Ngalokna kuasane karo kekerasan kanggo deweke. 26 Olahe kaya kuwe nang antarane kowe, sapa-sapa sing kepengin dadi gede nang antarane kowe, kowe dadi pembantu. 27 Lan sapa sing kepengen dadi pengarep nang antarane kowe kuwi bisae dadi pembantu. 28 Pada kario puhane manungsa rawuh ora kudu diladeni, ananging kanggo ngladeni lan kanggo maringi nyawane Panjenengan dadi utusan kanggo wong akeh. 29 lan waktu Gusti Yesus karo murid-murid Penjenengan metu selang Yerikho, akeh wong pada teka melu Panjenengan. 30 Ana wong loro picek sing lungguh nang pinggir ndalan, krungu lananoa Gusti Yesus liwat, banjur deweke tulung-tulung Gusti putra Daud welasane kawula. 31 Ananging wong akeh kuwi ngelingna deweke lan deweke meneng, nanging deweke tambah sewu guli nomong tulung, Gusti Putra Daud welasane kawulo. 32 Banjur Gusti Yesus mandek lan nimbali deweke inyong ngomong apa sing kowe karepna ben inyong nglakokena kanggo kowe. 33 Deweke ngomong Gusti, Supados maipale kulo saged ndeleng. 34 Mula, trenyuh manahe Gusti Yesus gelang welas asih, banjur pinyandahe ngemah mripate wong loro kuwi sehat kuwe nga dewekw weruh lan melu Panjenengan.