1 Seuise Isa Almasih rampung karo wulangane kowe kiye, kiyambake mangkat kang galilea lan tekan ing tlatah yudea sing nang sebrang kali yordan. 2 Wong akeh gembrudung ngetutna piambake lan piambake marekaken deweke kabe nangkana. 3 mula pada teka wong-wong parisi maring piambake. Deweke takon “, apa olihna wong megat bojone karo alesan apa bae ,” 4 Wangsulane Isa Almasihh “ apa kowe orak maca yen deweke sing nyiptakena menungsa kawit biyen ndadikaken deweke lanang lan wadon .” ? 5 lan sabdane: mergane kue wong lanang arep ninggalna bapak lan biyunge lan dadi siji karo bojone, mulane kue lorone dadi daging siji. 6 Mulane deweke udu maning loro , anangin siji marga kue apa sing katunggalaken Allah rak uli di pegatna menungsa. 7 Jere deweke maring piambake nek kayak kue apa sebape Musa mrentahkena kanggo menei layang pegat yen wong megataken bojone ? 8 Ngendikane Isa Almasihh maring deweke piambake merga wongkone ati mu Musa ngijini kowe megat bojomu, nanging wiwitan mula ora kaya kue. 9 Nanging inyong ngomong maring ko: sapa bae megat bojone kejaba laku jinah, terus kawin karo wong wadon lia, mula gawe jinah. 10 Murid-murid kue ngomong maring piambake : nek kayak kue masalah hubungan lanang lan wadon lewih apik aja mbojoh.” 11 Ningen Gusti ngendika maring deweke :” orak kabeh wong bisa ngerteni omongan kue, sing di paringi kanugrahan. 12 Ana wong sing orak bisa rabi ningen deweke pancen lair kaya kue sekang rahime biyunge, lan ana wong sing di dadikna nang wong lia, lan ana wong sing di gawe awake kaya kue marga kepenginane deweke mula keratone suarga. Sapa sing ngerti kudune deweke ngerti. 13 Tumuli wong nggawa bocah-bocah cilik maring Isa Almasihh,supaya deweke numpakan astone nang deweke lan ndongakena deweke maning : ningen murid-muridte ngomei wong kue. 14 Ningen Isa Almasihh ngendika :” jorna bae bocah-bocah kue aja ko alang-alangi, deweke teka maring inyong ; merga wong-wong sing kayakue sing ndueni kratone suarga.” 15 Terus kiambake numpangi astane maring deweke lan tumuli kiambake tindak sekang kana. 16 Ana sijine wong teka maring Isa Almasihh , lan ngomong:" gura, pegawean apik apa bae sing kudu inyong lakoni kanggo uli urip kang langgeng ?. 17 Wangsulane Isa Almasihh : apa sebabe kowe takon maring inyong masalah apa sing apik ? Mung siji sing apik , ningen yen kowe kepengin mlebu sajerone urip , manuta karo parentea Gusti Allah. 18 Omonge wong kue maring kiambake”, prentah sing endi ? Ngendikane Isa Almasihh aja mateni, aja jinah , aja nyolong, aja ngomongna seksi sing nglambo. 19 Ngajeni bapakmu lan biyung mu lan neresnani sepadane menungsa kaya awak mu dewek.” 20 Omonge wong enom kue maring kiambake :” kabe mau wis tak lakoni apa maning sing esih kurang? 21 Ngendikane Isa Almasihh maring deweke :” yen kowe kepengin sempurna, lunga dolan kabeh dewek mu lan wehna kue maring wong-wong mlarat, mula kue arap uli banda nang suwarga, terus teka-teki maring ngeneh lan melu maring inyong. 22 Nalika wong enom kue krungu omongan kue, banjur lunga karo sedih, awit akeh bandane. 23 Isa Almasihh ngendika maring murid-murid-e:” inyong ngomong maring ko, sabenere angel banget kanggo wong sugih nggo mlebu nang jerone kraton suarga. 24 Sepisan maning inyong ngomong maring ko, lewih gampang siji unta mlebu ngelewati bolongan dom tinimbang wong sugih mlebu nang jerone kratone Allah.” 25 Nalika murid-murid-e krungu kue banget senenge deweke kabeh lan ngomong :” yen kaya kue sapa sih sing bisa di slametna. 26 Isa Almasihh ndeleng deweke kabeh lan ngendika : “nang menungsa kue ora mohal, ananging kanggo nang Allah kabeh bisa kelakin 27 Terus petrus mangsuli Isa Almasihh:” inyong kabe iki wis ninggalna sakabeeh lan nderek panjenangan : dadi bade angsal menopo? 28 Ngendikane Isa Almasihh maring deweke kabeh:” inyong ngomong maring ko, sabenare nang wektu di dadekna maning Allah, koe sing wis melu aku arep lenggah ing tahta kemulyaning Allah, kowe sing wis melu aku arep lenggah uga nang nduwure rolas tahta kanggo ngadili kang rolas suku Israel. 29 lan saben wong sing merga asma inyong ninggalna umaeh, sedulure lanang utawa sedulur wadon, bapak utawa biyunge, bocah-bocah utawa palegolane , arep nampa maning lipat ping satus lan arep uli urip kang langgeng. 30 Ananing akeh wong sing ndisit arep dadi wong sing keri, lan sing keri arep dadi sing ndisit.