Pasal 18

1 wektu semua murid- murid Gusti yesus teka nemoni Gusti yesus lan takon sapa sing paling gede nang jerone kerajaan surga. 2 Mulane Gusti yesus ngudang bocah cilik, lan ngbruknak nang tengah-tengah deweke. 3 Terus ngendika inyong ngomong maring koe , sebenare nek koe orak mareni lan dadi kayak bocah cilik kiye, koe orak arep mlebu nang jerone kerajaan surga. 4 Ningeng sapa bae andep asor lan dadi kayak bocah cilik kiye, deweke sing paling gede nang jerone kerajaan surga. 5 lan sapa bae sing nampani bocah cilik kayak kiye, sakjeroning jenenge inyong dewekke nampak inyong. 6 Lengen sapa bae sing nyelakani salah sijini, sekarang bocah cilik kiye, sing gugu maring inyong , lewih apik ngo koe siji watu kilangan di jiritnak maring gulune, ujar di kirimnak maring njero segara. 7 cilakah ndunya karo kabe sing kesasar kudu ana. 8 Angger tangane utawa sikil mu koe kesasar sebab luwih apik koe mlebu sajak jerone urip karo tangan tugel utawa timpang, sekang pada utuh, kelorone tangan lan kelorone sikil di buang sak jerone geni geni langgeng. 9 Yen arep meripate kesasar koe dicungkil lan di buang, sebab luwih apik tumerap koe mlebu sak jerone, urip karo ndeleng mataaen loro. 10 Eling aja nganggap endep sawijine wong sekang bocah-bocah cilik kiye, sebab aku ngomong maring koe ana. Ana malaikat sekang surga ,sing gawene ndeleng rupane, bapaku sing nang surga. 11 Mulane anak menunsa teka karo nyelamatna sing ilang. 12 Keperewey tanggapanne koe ? Angger wong nduweini satus iji. Wedus nang salah sijine ilang apa arap ninggalna sing sangangpuluh siji nang gunung, lan lunga ngoleti sing ilang koe. 13 lan aku ngomong maring koe sabenare, angger deweke olih asil nemokena luwih gede senang mu, timbang sing siji koe pada karo sing sangangpuluh saga iji sing orak ke sasar. 14 Semena uga ramamu nang surga orak kepengen salah siji sekang anak-anak sing ilang. 15 Anger sedulure koe ngaweh dosa , elingna nangisor di bawa papat meripat. Anger ngerongokena pititure koe , koe wis olih bali. 16 Angger deweke orak ngerongokena aku, gawa kena siji utawa wong loro maning , supaya keterangane loro utawa telu wong saksi. Perkara kiye orak diragukena maning. 17 Anggar koe orak gelem ngerongokena deweke wehnak persoalane maring jemaat, lan angger orak gelem bae ngrongokena jemaat, delengan kayak wong sing orak kenal allah utawa wong bakul duit. 18 Inyong ngomong maring koe , sebenare apa sih yang koe jiret nang dunya kiye, arep kejiret nang surga, lan apa uculna nang dunya kiye arep di uculnak nang surga. 19 lan aku arep ngomong karo koe, angger wong loro sekang koe nang dunya kiye, setuju njaluk apa bae deweke arap di kabulkena. 20 Sebab nang ndi bae loro utawa teluwong kumpulan sak jeroning jenangku angkaana aku ana nang tengah-tengah deweke. 21 Banjur teka petrus lan ngomong maring Gusti yesus , nganti ping pira, aku kudu ngapurani sedulure yen deweke ngaweh dosa maring aku nganti ping pitu? 22 Gusti yesus ngendika dudu ngomong maring koe, orak ngati ping pitu, sak leane nganti ping pitu puluh ping pitu. 23 Sebab prihal kerajaan suwarga saumpama wong raja sing arep nganakake pertunangan karo hamba-hambane. 24 Sawise deweke ndisiti nganakena pertunagan koe, diadepna maring sing utang sepuluh luwih talenta. 25 Sarehning wong kuwe orak mampu ngelunasi utange, raja kuwe prentah kon deweke didol karo anak bjone lan kabeh sing dideweni kanggo mbayar utange. 26 Mulane sujudlah hamba kuwe nyembah deweke , ngomongi sabar disit, kabeh utang ku arep aku lunasi. 27 Banjur terenyuhlah atine raja kuwe,nang piwelase hamba kuwe .deweke membebasna lan melunasi utange. 28 Ananing wektu hamba kuwe metu deweke ketemu karo salah sijine wong hamba kuwe,sing nduwene utang satus dinar maring deweke. Deweke nangkep lan nekeh kancane kuwe lan ngomong bayar utangne kuwe. 29 Mulane kancane kuwe sujud lan njaluk maring deweke sabar disit, utange aku arep tek lunasi. 30 Ananging deweke molah lan ngawekena kancane kuwe maring sajeroning kunjara nganti utange lunas. 31 Ndeleng kuwe kanca-kancane sing liya susah banget , terus nyampaina sekebeh segala sing kedadean maring majikane. 32 Raja kuwe mrentah nyelak wong kuwe lan ngomong maring deweke “, he hamba sing jahat, kabe utang mu wis tak ilangna deweke. 33 Orane kowe kon kudu neresnani kanca mu kayak inyong wis nerisnani kuwe. 34 Mula jengkel majikane kue lan masrana maring algojo nganti kuwe nglunasi kabe utange. 35 Mula rama inyong sing nang suarga arep gawe kayak kuwe, maring kuwe menawa kuwe kabeh orak ngapurani sedulurmu nganti tulus atimu.