1 Enem dina sewisé Guwsti Yésus nggawa Pétrus karo Yohanes seduluré kabéh, munggah gunung sing duwur banget, nang kana dhéwékan. 2 Banjur Yésus ngerubah rupa, nang wong telu kuwé, rainé mencorong kaya srengéngé lan klambiné rubah dadi putih. Mencorong kaya padhang. 3 Wong telu kuwé weruh Musa karo Élia lagi ngomong karo Gusti Yésus. 4 Pétrus ngomong maring Yésus: ”Aku seneng banget nang kéné, apa Gusti Yésus Gelem tek gawékna kémah telu, siji nggo Gusti Yésus, Musa lan siji nggo Élia.” 5 Wektu dhéwéké lagi ngomong, teka awan sing padhang nutupi dhéwéké, neng jeroné awan ana swara, “Kiyé bocah sing tek éman maring Gusti Yésus Inyong ngandel, rungokna dhéwéké. 6 Krungu swara kuwé muridé Gusti Yésus tiba lan kewedén. 7 Banjur Gusti Yésus maring muridé, ngemék maring dhéwéké karo ngendika, “Ngadeg aja wedhi.” 8 Lan muridé njunjung siraéh, muridé ndeleng ora nana sapa-sapa kur ana Gusti Yésus dhéwékan. 9 Sewisé mudhun kang gunung Gusti Yésus weling karo muridé, Gusti Yésus ngendika, “ Aja crita-crita karo wong apa sing kowé weruh. Sedurungé anak menungsa diuripna maning sekang antarané won mati. 10 Banjur murid-muridé takon maring Gusti Yésus, ”Kepriwé ahli taurat kiyé ngomong Élia kok kudu teka disit.” 11 Gusti Yésus ngendika, “Pancén Élia arep teka muliakaken segala-galan Élia. 12 Inyong ngomong maring kowé Élia wis teka, ningén wong ora kenal dhéwéké lan lakokna karepé dhéwék. Semana uga, anak menungsa, arep sengsara nang dhéwéké. 13 Wektu kuwé murid Yésus ngerti lan ngomong bab Yohanes Pembaptis. 14 waktu isa almasih lan murid murid te bali maring wong akeh . Ana salah siji newong sing ngreongkenah isa almasih nemokna lan nyembah. 15 déwéké”ngomong”gusti welas ono anaké inyong déwéké séring tiba nang géni uga nang jéroné,banyu,inyong wis gawa murid,panjenengan maring deweke ora gawe mari.mulane ngendika isa almasih. 16 inyong wis gawani maring murid murid jenengan.nanging deweke ora teyeng marikna. 17 mulane gusti yesus ngendika,hay kue wong wong sing ora ngandel lan keblinger (nyasar)pira suene maning nyong kudu sabar maring kue?gawa ngeneh anake. 18 karo seru gusti yesus ngelingna,deweke banjur setane,metu sekang deweke banjur anak kue mari sekal. 19 banjur murid murid gusti yesus teka maring gusti yesus dewekan,kpriwe enyong kabeh ora teyeng ngurak setan kue. 20 gusti yesus ngendika maring deweke mulane kue ora ngandel,mulane enyong ngomong aring kue sebenere, kirane kue due iman gedene sewiji sesawi bae.kue teyeng ngomong maring gunung kie,pindah sekang kanggonan kie,meng nganah mulane gunung kie arep pindah lan ora nana sing ora mungkin nggo koe. 21 setan kie ora teyeng di urak kejaba donga lan puasa. 22 Wektu Gusti Yésus lan murid-muridé bareng-bareng nang Galiléa, Gusti Yésus ngendika maring dhéwéké Anak Menungsa arep diwéhna sejeroné tangan menungsa. 23 Lan dhéwéké arep maténi Gusti Yésus arep ditangékna, mulané atiné murid-murid-É padha susah banget. 24 Wektu Gusti Allah karo murid-murid- É teka nang Kapernaum. Teka tukang narik pajak Bait Allah, nemoni Pétrus banjur takon: “Guruné kowé ora mbayar rong dirham? 25 Jawabé: ”Pancén mbayar.” Wektu Pétrus mlebu ngumah, Gusti Yésus nglancangi dhéwéké karo pitakonan: “Apa penemuné kowé Simon? Sekang ngendi raja-raja jagad kiyé njaluk béa lan pajak? Sekang rakyaté apa wong liya? 26 Pétrus njawab, “Sekang wong liya! Mulané Gusti Yésus ngendika maring Pétrus: “Dadi rakyaté bebas.” 27 Ningén bén dhéwék ora dadi perkara nang wong. Kowé lunga mancing maring telaga. Lan iwak sing olih ndisit sing kepancing, jukuta lan bukak cangkemé, mula kowé arep nemokna duit patang dirham nang jeroné, jukut lan bayar maring tukang pajaké, nggo aku karo kowé.