1 Banjur padha teka wong – wong Farisi lan Saduki arep nggoda maring Isa Almasih dhéwéké njaluk ben Gusti Yesus nidokna sewijine tenger sekang sewerga. 2 Ningén Isa Almasih ngendika : “ wektu dina peteng merga langit abang, kowé ngomong dinané arep padhang 3 Lan nang ésuk – ésuk merga langit abang lan mendung, kowé ngomong dinané ata. Rupané langit kowé téyéng mbédakna. Ningén tengeré jaman ora téyéng. 4 Rombongan sing jahat lan ora manut kiyé nuntut sewijiné tenger, ningén maring dhéwéké ora arep diwéi seliyané tenger Nabi Yunus.” Banjur Isa Almasih ninggalna wong – wong kuwé kabéh trus lunga. 5 Nang wektu murid – muride Isa Almasih nyabrang nang telaga, déwéké kelalén nggawa Roti 6 Isa almasih ngendika maring wong – wong kue:” sing awas lan sing ati – ati ing bab Raginé wong Farisi lan Saduki” 7 mulané wong – wong kuwé mikir – mikir lan sewijiné wong maring sing liane:” kuwe di ngendikaken nang Isa, merga inyong padha ora nggawa Roti.” 8 lan wektu Isa Almasih ngerti apa sing di omongaken, Isa Almasih ngendika :” kenangapa kowé nggrembug bab ora ana Roti? Héh wong-wong sing cupet ing pengandelé ! 9 Apa kowé durung padha ngerti ? Apa padha ora kéungan maning bab Roti uma kanggo wong lima ngéwu wong lan pirang kranjang sing di kumpulna nang ko ? 10 Apa uga ora kelingan maring roti pitu konggo wong patang ngéwu lan pirang kranjang sing di kumpulna nang ko ? 11 Kepriwé kowé ora ngerti nek udu Roti sing tek karepna. Ingsun ngendika maring kowé : ngati – ati maring Raginé wong paris lan Saduki:” 12 Wektu kuwé mbéné wong – wong kuwé ngerti nek dudu mangsud-é bén wong-wong kuwé ngati – Ati maring Ragi Roti, ningén maring wulangané wong Parisi lan Saduki. 13 Sewisé Isa Almasih teka ing tiatah kaisatea Filipi, panjénengané takon maring murid-É :” omonge wong, sapa sih Anak menungsa kuwé. ?” 14 Sémaure murid-É ana sing ngomongna : Yohanés Pambatis, ana uga sing ngomong: Elia lan Ana uga sing ngomong : Yeremia utawa salah sijine wong sékang para Nabi.” 15 Banjur Isa Almasih Takon Maring déwéke pada apa omongmu, sapa inyong kiyé ? 16 Wangsulana Simon Pétrus :” panjénéngan Yakué Mésias.” Putra ning Allah sing urip !” 17 Ngéndikasé Isa Almasih maring Pétrus : Rahayu kowé simon bin Yunus marma dudu ménungsa sing nidokna kué maring Simon, ningén Ramak-U sing nang Suarga. 18 Lan inyong déwék ngéndika maring Simon Pétrus : kowé kué Pétrus lan nang nduwuré watu karang kié inyong Arép ngéndékna jémaa – Ku lan pati ora bakal nguasani. 19 Maring ko Arép ték wéi kunci kraton Suarga. Apa sing di jirét nang ko nang jagad kié Arep kajirét nang suarga lan apa sing di uculna nang ko nang jagad kiyé bakal ucul nang suarga. 20 Banjur Isa Almasih ménging maring Murid – Ě bén Aja awéh ngérti maring sapa baé nék Déwéké Mésias. 21 Almasih 21 Wiwit wektu kuwé Isa Almasih miwiti nidhokna maring murid-murid-É nék kiyambeké kudu lunga meng Yérusalém lan nandang sengsara pirang-pirang sekang pinituwa, pengarepé imam lan para ahli Torét, banjur di paténi lan urip maning nang dina ketelu. 22 Ningén Pétrus nggéréd Isa Almasih ming pinggir lan ngélingna Kiyambeké, Pétrus ngomong: “Gusti, muga-mugaa Gusti Allah ngedohna bab kuwé! Bab kuwé sepisan-pisan ora bakal ngenani Penjenengan.” 23 Mulané Isa Almasih mléngos lan ngendika maring Pétrus: “Héh, sétan lungaa. Kowé dadi sandungan nggo Inyong, merga kowé udu mikirna apa sing dipikirna nang Gusti Allah, ningén apa sing dipikirna menungsa.” 24 Banjur Isa Almasih ngendika maring murid-murid-É:”Sabén wong sing arep mélu Inyong, kuwé kudu nyingkur awaké dhéwék, manggul salibé lan mélu Inyong. 25 Merga sapa baé mau sing arep nyalatna nyawané, dhéwéké arep kélangan nyawané: ningén sapa baé kélangan nyawané merga Inyong, dhéwéké arep ulih.” 26 Apa gunané wong ulih sekabéhané dunya ningén kélangan nyawané? Lan apa sing bisa diwéhna kanggo ngganti nyawané? 27 Merga anak menungsa arep rawuh nang sejeroné kamulyané Rama-Né di tutna malékat-malékat- É: nang wektu kuwé Intong arep mbales saben wong miturut kelakuané. 28 Inyong ngendika maring kowé: sebeneré nang antarané wong sing teka nang kéné ana sing ora arep mati sedurungé dhéwéké ndeleng Putrané Menungsa rawuh minangka Raja nang njero keraton- É.