Pasal 5

Kamardikan Kristen 1 Ben inyong kabeh bener-bener merdika, Kristus wis merdikaken inyong kabeh. Merga iku ngadega sing jejg lan aja gelem maring dikalungi pasangan panga wulan. 2 Sebener-benere, aku, Paulus ngomong maring koe: saumpama koe di sepiti, Gusti Yesus Kristus bakal ora berguna babar pisan munggueh awakmu. 3 Sepisan maning tek omong na maring saben saben wong sing disepiti, bahwa wong kuwe wajib ngelakoni sekabehane aturan-aturane Hukum Toret. 4 Koe dadi metu kan aring Gusti Yesus Kristus, saumpama koe ngarah keterima bener kan aring aturan-aturane Hukum Toret; koe urip nang njabane kasih karuniane Gusti Allah. 5 Marga kan aring Roh, lan awit kan percaya, kita ngati-ati maring bebeneran sing di arap-arap nang dewek. 6 Merga tumraping wong wong sing ana sajroning Kristus Yesus bab sepit ora ana paedahe, mung iman sing tumindak kalawan kasih. 7 Mbien gole koe lunga kue maen. Sapa sih kang ngalang-ngalangi koe, sahinggo koe ora manut maning maring kabeneran? 8 Meesti sing ngelakoni kue udu Gusti Allah sing wis nyeluk koe. 9 Ragi sing setitik ngembang na kabeh adonan, “jere wong. 10 Senajan kaya kue aku asih percaya sabenere koe ora bakal nganut keyakinan sejen, sebab kito wis nyawiji karo Kristus. Lan aku yakin sapa bae sing ngerussak pikiranmu, bakal diukum nang Gusti Allah. 11 Tumrap aku sedulur-sedulur, nangapa aku terus bae dimusuhi senajan aku asih ngabarna bahwa aturan sunat kue perlu? Nek pancen aku ngabarna kaya kue, maka pengabaranku perkara salib Kristus ora dadi masalah. 12 Mendingan wong-wong sing ngerusak pikiranmu kue langsung bae metu kan jemaat! 13 Sedulur wis di celuk dadi wongsing bebas. Tapi aja nganggo kebebasan kue ngo terus terusan ngelakoni apa bae sing pengin dilakoni nang koe. Sewalike koe kudu silih melasi lan ngelayani. 14 Kabeh hukum agama kumpul nang njerone perentah sing siji, “Kue koe cinta maring sepadanmu menungsa kaya cinta karo awakmu dewek.” 15 Tapi nek koe pada kerengan, awas, mengko koe pada-pada rusak. Kepenginane Roh Allah lan kepenginane menungsa 16 Maksudku kaya kie: Men bae Roeh Gusti Allah sing mulang dewek lan aja urip ngetutna hawa napsune menungsa. 17 Sebab kepenginane menungsa musuhan karo kepenginane Gusti Allah, lan kepenginane Roeh Gusti Allah musuhan karo kepenginane manungsa. Loro-lorone padha musuhan mula koe kabeh ora bisa ngelakoni apa sing dikepenginin awakmu. 18 Tapi nek Roeh Gusti Allah mimpin awakmu, mangka koe kabeh ora diperbudak nang hukum agama. 19 Kepenginane napsune menungsa keton lan lan kelakuan-kelakuane sing njijiih, kotor lan ora pantes; 20 nang aring nyembah patung lan ngilmu pedukunan; nang aring musuh musuhan, gelut, iri, cepet kesuh, lan mentingna awake dewek; pecah belah lan mihak-mihak, 21 serta iri ati, mendem-mendeman, pesta pora lan sepadhane. Maring kue kabeh aku pesen meng awamu siki kaya kepriwe aku mesena maring koe kabeh gemiyen, satemene wong-wong sing ngelakukna perkara kaya kue orabakal dadi anggotane umate Gusti Allah. 22 Sewalike nek wong-wong dipimpin nang Roeh Gusti Allah, hasile kue: Deweke padha melas-melasan, seneng, nduweni katentreman ati, deweke sabar lan tatakrama, deweke apik maring wong liya lan setiya, 23 deweke andap asor lan bisa nahan diri. Ora nana hukum agama kang ngelarang perkara-perkara kaya kue. 24 Wong sing wisdadi duweke Gusti Yesus Kristus, wong-wong kue wis matekna hawa napsu menungsane, lan sekabehe kepenginane. 25 Roeh Gusti Allah wis aweh maring awake dewek urip sing nyar; merga kue kabeh panjenengan kudu ngereksa uripe dewek dewek. 26 Kita ora ulih dadi sombong, lan saling ngelarani ati, sarta iri ati karo sejene.