Saling tulung tinulungan 1 Sedulur-sedulur! Nek salah sijine wong kewenangan ngelakoni salah sijine dosa, kudune koe padha sing urip miturur Roeh Gusti Allah, mbimbing wong ikubalik maning maring dalan sing bener. Tapi koe pada ngelakonana kue kelawan welas asih, lan aja nganti koe dewek ke goda. 2 Padha tulung-tinulungana koe kabeh nanggung kesusahane wong, supaya karo cara kaya kue koe patuh maring prentahe Gusti Yesus Kristus. 3 Nek salah sijine wong nyangka bahwa dirine penting, padahal ora, wong kue ngelemboni awake dewek. 4 Tiap-tiap wong kudu mriksa awake dewek kelakuane apik apa ora. Nek apik deweke ulih ngerasa bangga maring perkara kue. Tapi ora usah deweke mbandingna karo apa sing dilakoni nangwong liya. 5 Sebab tiap-tiap wong kudu nanggung tanggung jawabe dewek-dewek. 6 Wong sing terima ajarane Kristus, kudune mbagi karo gurune kabeh sing maen sing ana nang awake. 7 Aja ketipu! Gusti Allah ora bisa nggo dolanan! Apa sing ditandur yakue sing di unduh. 8 Nek wong nandurmi turut wateke, awake dewek wong kue bakal ngundug kepaten kan wateke dewek. Tapi nek deweke nandur miturut pimpinane Roeh Gusti Allah, deweke bakal ngunduh sejatine urip lan langgeng saking Roeh Gusti Allah. 9 Ojo inyong kabeh aja nganti kemlo gawe apite, menawa wis teka wektune inyong kabeh arep panen, yen inyong kabeh ora dadi kendor. 10 Dadi, semangsa ana kesempatan, kanggo awake dewek, meskine kita ngelakoni perkara sing apik kanggo sekabehane wong, sing utama pisan kanggo dulur-dulur sing seiman. Pepeling lan salam 11 Deleng bener-bener perkara kie sing tek tulis dewek karo hurup sing gedhe-gedhe. 12 Wong-wong sing mamerna awake karo perkara-perkara lahiriyahe, deweke lan sing maksa kita kon nuruti peraturan sepit. Tapi deweke ngelakoni perkara kaya kue supaya deweke ora dianiaya nang wong Yahudi merga salib Gusti Yesus Kristus. 13 Wong-wong sing melu peraturan sepit bae ora ngelakokna hukum agama. Sebenere wong -wong kue kepengin koe disepiti, supaya deweke bisa mbanggakna bahwa koe gelem manut peraturan kue. 14 Tapi aku babar pisan ora arep mbanggakana apa bae, seliyane Gusti kita Yesus Kristus sing wis mati nang kayu salib. Sebab justru marga Deweke wis mati nang kayu salib kanggo nebus dosaku, mangka dunia ora berarti apa apa maning bagiku. Lan maring dunia iku kaya-kaya aku wis mati. 15 Disepiti apa ora kue ora penting menurutku. Sing penting yaiku dadi menungsa anyar. 16 Bagine wong-wong sing urip nang pendiriane kue, lan kaya kue uga kanggo sekabehane umate Gusti Allah, aku ngarepna Gusti Allah bakal aweh katentreman lan rohmate. 17 Seteruse, aja nganti sewong bae nyusahna aku maning, sebab nang awaku ana bukti-bukti bahwa aku iki pengikut Gusti Yesus kristus. 18 Semogalah Gusti kita Yesus Kristus terus mberkahi sedulur-sedulur. Amin. Ormat inyong kabeh, Paulus.