1 Sing tekarepaken inyong: nek ahli waris urung dewasa, ana wong sing ngawasi deweke lan ngurusi kekarepane tekan deweke dewasa sing ditentukena nang bapane. 2 Deweke diperlakukan pada karo hamba, nadyan deweke sebenere sing duwe kabeh banda kue. 3 Pada bae karo dewe: Sasuwene kito durung cukup umure yoben aku dipimpin roh roh sing mbaureksa bumine. 4 Mbesuk yen wis wektune Allah ngutus anak anake ing dunya. Anak anake iku dilairake soko wong wadon sing uripe nang kuasane ukum agama. 5 Mongko wong wong sing uripe nang kuasane ukum agama supayane dadi anak anake Allah. 6 Dene sampeyan iki wis dadi anak anake Allah, Allah ngutus Roh Anak anake supaya mlebu maring njero atine Sedulur lan atiku ngumandangake yaiku Roh sing ngumandangake Bapak, ya Bapakku.” 7 Dadi kabeh mau dudu hamba, nanging anak. Lan sampeyan iki anak Allah, mongko Allah arep maringi sampeyan apa bae sing kanggo keperluane kanggo anak anaKe. Cemase Paulus kanggo wong-wong Galatia 8 Mbiyen sampeyan durung ngenal Allah sebab sampeyan dadi abdine singuasani dianggap ilah nanging dudu Allah. 9 Saiki sampeyan wis ngenal Allah, uga Allah wis ngenal sampeyan. Nangapa sampeyan mbalik maring roh roh ndunya sing lemah lan mlarat? Nang apa sampeyan gelem dadi bature roh roh iku? 10 Sampeyan ngramatake dina dina kusus, wulan wulan kusus, lan taun taun kusus. 11 Aku Paulus kewatir, aja aja kasil kesele aku ora ono gunane. 12 Sedulur-sedulur! Aku Paulus nyuwun sanget sanget supayane koyo aku. Iki aku sing wis dadi koyo sampeyan. Ora nglakokake pakaryan sing salah marang aku. 13 Sampeyan tesih eling sapa sing ndadeake aku sing mau mau ne aweh Kabar Apik maring sapeyan nganti awaku loro. 14 Nalika semono sampeyan ora jijik maring aku mongko awaku lagi dicoba gede sampeyan. Sampeyan malah nrimo aku koyo nrimane malaikat Allah utawa koyo nrimane Kristus Yesus dewe. 15 Sampeyan seneng banget wektu kuwi. Nanging saiki ning endi senengmu iku? Aku ngerti nalika wektu iku sampeyan iklas cungkil mripate sampeyan dewe kanggo aku yen bisa dilakoni. 16 Apa sampeyan saiki wis nganggep aku musuh iki aku mbuktiaken sing bener maring sampeyan? 17 Wong wong sing liyane iku melu seneng nggoleki sampeyan nanging tujuane wong wong mau ora apik. Kepengin mutusake pasedulurane aku karo sampeyan supayane melu kepengin mutusi hubungane aku pasedulurane aku karo sampeyan supayane sampeyan melu marang wong wong iku dadi seneng lan mantep. 18 Ya apik kanggo mantepe perkara sing apik, nanging aja mung lagi ana aku lagi kumpul kumpul bareng karo sampeyan. 19 Putra-putraku sing tak tresnani! Aku saiki lagi sakit soko sampeyan. Aku sakite koyo wong wadon sing lagi nglairake anak. Aku arep sakit terus, yen wulangane Kristus urung di amalake. 20 Aku Paulus kangen banget ono ing tengah tengahe sampeyan iki, supayane aku oleh ngomong karo sampeyan swara sejen, satenane aku wis ora ngerti arep kepiye maning karo sampeyan! Hagar lan Sara kanggone conto 21 Sedulur-sedulur sing gelem urip nang prentahe ukum agama coba mirengake aku! Aku arep maringi ngerti sampeyan apa singsabenere ditulis nang Kitab Hukum Musa. 22 Nang kono katulis Abraham duwe anak loro: binyunge anak sing sijine yakue hamba, lan binyunge anak liane ya kue wong sing mardika. 23 Anak sing kang binyunge dadi hamba biasane lair merga karepe menungsa. Nanging anak sing lair sekang binyung sing mardika lair merga sing dijanjikaken Gusti Allah. 24 Niki saget kanggo wangsalan. Wong wadon loro mau iku diibaratake kalih perjanjian: sing siji asale soko Gunung Sinai -- yakui Hagar; putra-putrane dilahirake soko pemimpin. 25 Hagar yaiku Gunung Sinai ing tanah Arab lan pada karo Yerusalem sing siki, merga deweke urip sajroning pangawulan karo anak-anake. 26 Nanging Yerusalem kaswargau kue wong wadon sing mardika, lan ya kue ibu inyong kabeh. 27 Sebab ono ing njerone Alkitab katulis, “Seneng-senengo he wong wadon mandul, urung tahu ngelahirake anak! Ugo seneng-senengo he wong wadon sing ora ngerasakno sakit ngelahirake anak! Sebab wong wadon sing ditinggalake kakunge arep ulih anak, akeh podo karo wong wadon sing uripe karo kakunge.” 28 Sedulur-sedulur! Abeh sampean iki anak-anak Allah sing dilahirake janjine Allah; sampean podo koyo Ishak. 29 Nalika semono anak sing lahire karepe menungsa, nyiksa anak sing dilahirake soko karepe Roh Allah. Ora beda kaya wektu saiki. 30 Nanging apa sing ditulis sajerone Alkitab? Nang kene tertulis koyo ngene: “Lungoo hae wong wadon karo anake, sebab anakmu ora dadi ahli waris bareng anak soko wanito bebas kuwi. 31 Merga kue sedulur-sedulur, inyong kabeh dudu anak-anakke batur wadon, naming anak-anakke wanita kang mardika.