Pasal 3

Ukum agama utawa percaya karo Kristus 1 Hai wong-wong Galatia sing bodo! Nang apa koe wisnang pengaruh sapa? Kematian Kristus disalib wisdi terang-terangna sejelas jelase maring koe! 2 Kur kie sing pengin tek ngerteeni kan koe: Apa koe wis nerima Roh Allah merga njalani hukum agama, apa pedah koe krungu kabarapik? 3 Apa koe sebodo kue? Koe wis mulai karo Roh, pengin koe siki ngahiri nang njero daging? 4 Mubah kabeh sing wis koe alami seakehe kue? Apa iya kon sia-sia! 5 Dadi kepriwe siki, apa iya sing nganugrahna Roh meng koe nganti numpuk-numpuk karo sing ngelakukna mukjizat nang antarane koe, gawe kaya kue sebab koe ngelakukna Hukum Toret apa merga koe percaya maring kabare Injil? 6 Cara kaya kue bae Ibrahim percaya maring Gusti Allah, dadi Gusti Allah mritungna perkara kue meng deweke dadi bebeneran. 7 Dadi koe weruh, nek kae sing urip kan iman, koe pada anak-anak Ibrahim. 8 Lan Kitab Suci, sing saurunge ngerteni, satemene Gusti Allah mbenerna wong-wong udu Yahudi merga iman, wis kat ndisit ngabarna Injil maring Ibrahim: "Merga koe kabeh bangsa arep diberkahi". 9 Dadi kae sing urip kan iman, ya wong-wong kae sing diberkahi bareng-bareng karo Ibrahim sing percaya kue. 10 Merga kabeh wong, sing urip kan penggawean Hukum Toret, ana nang ngingsore laknate Gusti Allah. Sebab ana ketulis: “Gusti Allah ngelaknati wong sing ora setia ngelakokni sekabeh perkara sing ketulis nang njero Kitab Hukum Toret.” 11 Lan ora ana wong sing di benerna nang ngarepe Gusti Allah sebab ngelakoni Hukum Toret kue jelas, sebab: “Wong sing bener uripe karo iman.” 12 Tapi dasare Hukum Toret udu iman, tapi sapa sing ngelakukna bakal urip mergane. 13 Kristus wis nebus aku kan laknate Hukum Toret karo dalan dadi laknat merga aku, sebab anan ketulis nang Kitab suci: “Gusti Allah nglaknati wong sing di gantung nang kayu salib!" 14 Gusti Yesus wis gawe kiye, supaya nang njero Selirane berkat Ibrahim tekan maring bangsa-bangsa sejen, supaya nagng njerone iman aku nerima Roh sing wis di janjikna. Ukum Toret utawa janji Allah 15 Sedulur-sedulur, yawis tek gawekna contoh kan urip sedina-dinane. Sijine wasiat sing wis di sahna, senajan kue kang menungsa, ora kena dibatalna utawa ditambahi nang sapa bae. 16 Senajan maring Ibrahim diucapna sekabehane janji kue lan maring keturunane. Ora di omongna “maring keturunan-keturunane" seolah olah dimaksud akeh wong, tapi kur wong siji: "lan maring keturunan mu", yakue Gusti Yesus Kristus. 17 Maksude aku yakue: Janji sing seurunge wisdi sahna Gusti Allah, ora kena di batalna karo Hukum Toret, sing anyar metu patangatus telungpuluh tahun sebanjure, terus tekan janji kue ilang kekuatane. 18 Sebab, angger apa sing dipestikna Gusti Allah tekane kan Hukum Toret, yaora kan janji; tapi justru kan janjine Gusti Allah aweh melas maring Ibrahim. 19 Nek kaya kue, apa maksude Hukum Toret? Sing ditambahna kan pelanggaran-pelanggaran -- tekan teka keturunan sing dimaksud kan janji kue -- lan ditekanna karo lantaran malaikat-malaikat meng njero tangan wong sing ngelantari. 20 Sijine wong lantaran udu kur ngelantari wong siji tok, padahal Gusti Allah kue siji. Peranane ukum agama 21 Nek kaya kue, apa ora padha Hukum Toret karo janjine Gusti Allah? Babarpisan ora. Sebab saumpamane hukum Toret diwekena dadi gambaran sing bisa nguripi, dadi pancen bebenerantekane kan hukum Toret. 22 Tapi Kitab Suci wis ngurung sekabeh perkara nang ngingsor kewasa dosa, supaya merga iman nang njerone Gusti Yesus Kristus janji kue diwekna maring koe kabeh sing percaya. 23 Saurunge iman kue teka aku ana nang ngingsor pimpinane Hukum Toret, lan dikurung tekan iman kue diwujudna. 24 Dadi Hukum Toret kue penuntun go awake dewek kabeh tekan Gusti Yesus Kristus teka, supaya aku kabeh dibenerna merga iman. 25 Siki iman kue wis teka, sebab kue awake dewek kabeh ora ana maning nang ngingsor pendelenge penuntun. 26 Sebab koe kabeh kue anak-anake Gusti Allah merga iman nang njero Gusti Yesus Kristus. 27 Sebab koe kabeh, sing di baptis nang njero Gusti Yesus Kristus, wis nganggo Kristus. 28 Nang perkara kie ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana wong melarat utawa wong sugih, ora ana wong lanang utawa wong wadon, sebab koe kabeh kue sijinang njerone Gusti Yesus Kristus. 29 Nek pancen koe kue duweke Kristus, berarti koe kabeh kue keturunan Ibraham lan ngehaki nerima janjine Gusti Allah.