Pasal 2

Paulus karo rasul rasul sing lia 1 Sawise kayakue bareng wis lewih kan patbelas tahun, aku bali meng Yerusalem maning karo Barnabas, Titus be melu tek sengi. 2 Gole aku lunga meng Yerusalem merga Gusti Allah wis nuduhna meng aku nek aku kudu lunga. Lan nang njerone sijine kumpulan sing khusus nang kana, aku njelasna Kabar Apik sing tek sampekna maring wong-wong udu Yahudi. Merga aku emoh usahaku sing mbien utawa sing siki mung sia-sia. 3 Titus, sing mbatiri aku, kue wong Yunani, tapi deweke ora dipaksa ngetutna aturan sepit, 4 senajan ana wong-wong sing meksa perkara kue. Deweke kue wong-wong sing ngemba-emba meng golongane dewek lan nyamar dadi sedulur. Deweke mlebu meneng-meneng nggo nginte kebebasan sing ana nang aku padha merga awake dewek nyawiji karo Gusti Yesus Kristus. Deweke arep mbalekna awaake dewek maring kahanan sing kaya maune dadi budak, 5 Nanging setitik bae aku orag elem ngalah karo deweke, aku kabeh kepengin njaga supaya Kabar Apik kue tetep murni kanggo koe kabeh. 6 Senajan kaya kue, ora ana perkara-perkara sing anayar sing di tuntut kan awaku nang aring wong-wong sing di anggep ndue wibawa -- merutku ora ana bedane nek deweke wong berwibawa utawa ora, sebab Gusti Allah ora ndeleng rupa. 7 Sewalike, wong-wong sing dideleng berwibawa kue pada ngakoni yen Gusti Allah wis ngutus aku kanggo ngabarna kabar Apik maring wong-wong udu Yahudi, padha karo Gusti Allah wis ngutus Petrus kanggo ngabarna kabar apik kue maring wong-wong Yahudi. 8 Sebab Gusti Allah sing wis aweh kemampuan maring Petrus dadi rasul enggo wong-wong Yahudi, padha bhae aweh meng aku kemampuan kon dadi rasul wong udu Yahudi. 9 Yakobus, Petrus lan Yohanes, sing ketone dadi pemimpin-pemimpin jemaat, ngakoni yen Gusti Allah wis aweh meng aku tanggung jawab khusus kie. Terus deweke sesalaman karo Barnabas lan aku minangka tanda seduluran. Terus deweke kue lan aku setuju yen aku arep menggawe nang antarane bangsa-bangsasing udu Yahudi, lan deweke nang antarane wong Yahudi. 10 Siji-sijine jalukane deweke yakue supaya aku padha merhatikna wong miskin. Lan aku malah seneng ngelakoni perkara kue. Paulus negur Petrus neng Antiokhia 11 Wektu Petrus teka meng Antiokhia, aku nentang deweke terang-terangan sebab lakune salah. 12 Awale deweke njagong mangan bareng karoo sedulur-sedulur sing udu Yahudi. Tapi mbasa wong-wong utusane Yakobus teka, deweke ngedoih kan sedulur-sedulur sing udu Yahudi lan ora gelem maning mangan karo wong-wong kae, sebab wedi maring wong-wong sing pengin men kabeh wong di sepiti. 13 Sedulur-sedulur Yahudi sing sejen bae melu ndue sikap munafik kaya Petrus, nganti Barnabas bae kepelu ndueni sikap kaya deweke. 14 Wektu aku weruh nek deweke ora ndueni sikap sing pas karo kebeneran Kabar Apik kue, aku ngomong karo Petrus nangarepe sekabehane wong sing teka nang kono, "Nek koe kabeh dadi wong Yahudi, wis urip kaya wong udu Yahudi, nang apa sedulur siki arep maksa wong-wong liya kon urip kaya wong Yahudi?" Wong Yahudi lan udu wong Yahudi diselametna jalaran percaya karo Gusti Isa Almasih 15 Pancen menurut kelairan, aku kabeh kiye wong yahudi lan udu"wong udu Yahudi sing dosa". 16 Senajan kaya kue aku kabeh ngerti yen wong pulih maning karo Gusti Allah mung merga percaya karo Gusti Yesus Kristus, lan udu merga ngelakoni hukum agama. Aku kabeh bae ya percaya maring Yesus Kristus, supaya aku kabeh pada pulih maning hubungane karo Gusti Allah merga imane aku kabeh kue, udu merga aku kabeh ngelakoni hukum agama. Sebab karo njalanna hukum agama, ora se wong bae bisa pulih maning karo Gusti Allah. 17 Kita kabeh wis usaha mulihna hubungan maning karo Gusti Allah liwat urip nyewiji karo Kristus.Tapine seuwise ngelakoni sing kaya kue, nyatane kita kabeh asih" wong-wong dosa"pada bae kaya wong-wong udu Yahudi, apa kie berarti sebenere Kristus sing ndadekna kita kabeh ndue dosa? Mesti bae ora! 18 Nek aku mulahi ngedegna maning cara hukum agama sing wis tek rusak, maka aku nuduhna nek aku wis dadi pelanggar hukum. 19 Tapi aku wis mati maring aturan hukum agama-dipateni nang hukum kue dewek -- supaya aku bisa urip nggo Gusti Allah. Aku uwis disalibna bareng karo Kristus. 20 Siki udu aku maning sing urip, tapine Kristus sing urip nang njerone awaku. Urip kiye sing tek rasakna siki kue urip merga iman maring Anake Gusti Allah sing melasi awaku lan sing wis ngorbanna Awake nggo aku. 21 Aku ora nyepelekna rohmatte Gusti Allah. Nek hubungane menungsa karo Gusti Allah dadi pulih maning merga njalanna hukum agama, kue berarti matine Kristus ora ana paedaeh!