Salam dari Paulus 1 Dari Paulus, yang menjadi rasul bukan karena manusia atau melalui manusia , melainkan melalui Kristus Yesus dan Allah Bapa yang membangkitkan Dia dari antara orang mati. 2 Juga, dari semua saudara seiman yang bersama-sama dengan aku, untuk jemaat-jemaat di Galatia. 3 Anugerah dan damai sejahtera bagi kamu dari Allah Bapa kita dan Tuhan Yesus Kristus 4 Nuruti kekarepane Gusti Allah Rama kita, Kristus ngurbanna awake kanggo tebusan dosa-dosane kita, supaya kita diselametna sekang jaman sing jahat iki. 5 Mulya Gusti Allah selawase! Amin. Siji-sijine Kabar Apik 6 Aku aneh maring sedulur-sedulur! Koe padha diceluk nang Gusti Allah merga rahmate Gusti Yesus Kristus, tapi siki koe kabeh kecepeten ngungkurna Gusti Allah lan ngetutna ‘kabar apik’ sing liya ketimbang Kabar Apik sing asale kan Gusti Allah. 7 Sabenere ora ana “kabar apik sing liya”. Mung ana wong-wong sing ngabarna maring koepadha “kabar apik” perkara Yesus Kristus sing wong-wong iku wolak walik ngantekan morat marina koe padha. 8 Wong sing mbritakna “kabar apik” sing sejen karo sing tek sampekna, men bae deweke diukum nang Gusti Allah -- najan wong kue aku dewek atawa malaikat kan sewarga sangawe! 9 Aku wis ngomongna gemiyen, siki aku ngomongna sepisan maning: Wong sing mberitakna maring koe padha “kabar apik” sing liya dari padha Kabar Apik sing wis koe kabeh tampa kan kita, wong kue semogalah diukum nang Gusti Allah! 10 Apa marga kue kaya-kaya aku kepengin diakoni nang menungsa? Babar pisan ora! Aku kur ngarepna pengakuan kang Gusti Allah. Apa aku agi keton usaha go njiot atine menungsa, supaya disenengi wong? Nek aku asih ngelakoni kaya kue, aku udu rewange Kristus. Kepriwe Paulus dadi rasul 11 Sedulur-sedulur kudu ngerti sabenere Kabar Apik sing tek sampekna kue udu asale kan menungsa. 12 Aku ora nerima kabar kue kang menungsa, lan ora siji- sijia bae wong kang mulangna meng aku. Gusti Yesus Kristus dewek lan sing mbukakna Kabar Apik kue maring aku. 13 Mesti koe kabeh wis kerungu uripku dadi penganut agama Yahudi, koe kabeh ngerti kepriwe kejeme aku ngelakokna jemaate Gusti Allah lan kepriwe kejeme caraku ngajurnane. 14 Nang njerone perkara njalanna agama Yahudi, aku ngelewihi seakehe wong Yahudi sing seumuran karo aku. Aku semangat banget nang ngelakoni aturan adat istiadat leluhurku. 15 Tapi merga keapikane atine Gusti Allah, Panjenengane milih aku sedurunge aku lahir lan nyeluk awaku kon ngelayani Panjenengane. 16 Allah mbuktikna Anake maring aku supaya Kabawar Apik ngenani Anake bisa tek sampekna maring wong-wong sing udu Yahudi. Nang wektu kue aku ora lunga meng endi-endi kanggo golet nasehat. 17 Aku uga ora lunga maring wong-wong nang Yerusalem sing wis lewih disit ketimbang aku dadi rasul. Tapi aku lunga meng negari Arab, terus kan kono balik maning meng Damsyik. 18 Telung tahun seuwise aku lunga meng Yerusalem kanggo kenalan karo Petrus.Aku tinggal karo deweke mung limolas dina (15) suwene. 19 Aku ora ketemu karo rasul-rasul sejene kecuali, Yakobus sedulure Gusti Yesus. 20 Apa sing tek tulis kie bener. Gusti Allah ngerti yen aku ora ngelemboni! 21 Sawise kaya kue aku lunga meng daerah-daerah nang Siria lan Kilikia. 22 Sampee tekan wektu kue jemaat-jemaat Kristen nang Yudea esih urung kenal aku secara langsung. 23 Wong-wong kue mung padha ngerungokna wong ngomong, “Wong sing mbien nganiaya akukabeh siki nyampekna kabar kepercayaan sing gemien arep dihancurna. 24 Mula wong-wong kue kabeh muji meng Gusti Allah mergane aku.