1 Banjur deweke nudahi maring ali penguripan, gening dane kaya kristal, lan mili metu sekang tahta Allah lan jagongane Anak Domba iku 2 neng tengah-tengah dalam kota iku neng kiwe tengene ana wit-witan penguripan sing woh ping rolas, saben-saben wulan sepisan. Lan godonge kanggo marekna bangsa-bangsa. 3 Mula ora bakal ana laknat. Jagongane Allah lan jagongane Anak Domba arep ana neng njerone lan abdi-abdi ne arep nyembah maring dewekke. 4 Lan koe-padha arep ndeleng raine, lan jenenge arep ditulis neng bathuke kae-padha. 5 Lan wengi ora bakal maning neng kana, lan kae-padha ora perlu, sorote lampu lan sorote srengenge, awit Allah arep madangi kae-padha arep prentah dadi jara tekan sesuwe-suwene. 6 Banjur dewekke ngomon: omongan kiye pas lan bener, lan Tuhan, Allah sing aweh Roh maring para nabi, uwis prentah malekat te kanggo nuduhena maring abdi-abdine apa sing kudu cepet kedader. 7 ”Sejane Inyong teka: begyalah wong sing nurut omongan-omongan nubuat kitab kiye. 8 Inyong Yohanes, inyong sing uwis krungu lan ndeleng kabeh kue. Lan seuwise inyong krungu lan ndeleng inyong tersungkur neng ngarep sikile malekat, sing uwis nudhuhake kabeh iku maring inyong, kanggo nyembah deweke. 9 Nanging deweke ngomong maring inyong: “ojo nglakoni kaya kiya! Inyong iku abdi, pada bae karo koe lan seludurmu-seludurmu para nabi lan sekabene kal pada sing nuruti kabeh omonge kitab iki nymbah Allah. 10 Banjur deweke ngomong maring inyong aja memeterekna omongan-omongan nubuat sekang kitab kiye, jalaran wektune uwis perek. 11 Sapa wonge sing gawe ala, jorna bae kon gawe ala; sapa bae wong sing gawe cemar; jorna bae kon gawe cemar, lan sapa wonge sing bener: ben kon terus-menerus gawe bener; sopo wonge sing suci, ben deweke terus-menerus bersehna awake 12 sebenere inyong tekong secepete. Lan inyong gowowoe inyong kanggo malesna maring saben wong nurut tumin dakane 13 inyong iki Alfa lan Omega seng disit dewek lan sing arep teka, sing disit dewek lan sing keri dewek 14 begyalah kae padha seng ngumbah jubae. Kae padha arep ulih bagian sekang wit-wit panguripan lan melebuh lewat lawang-lawang gapuro maring jero kota kue. 15 Nanging asu-asu lan tukang-tukang sihir, wong-wong tlembuk, tukang mateni seng nyembah setan lan saben wong seng nyenengi goroh lan lakoni manggon neng njaba 16 inyong, Yesus wis prentah malaikatku kang aweh kesaksian babagan kanggo kiye maring kowe kanggo jamangah; Inyong dene tukulan yo kuwe turunane Daud lintan wetang katon gumebyar” 17 ruh lan penganten wadon kue ngomong: “ngenea lan sapa sing krungu, kudune deweke ngomong: “ngeneha” lan sopo sing ngonggor kudune deweke teka, lan sopo sing gelem, kudune deweke njiot banyu panguripan karu gratis!” 18 inyong jelasna maring saben wong sing krungu omongan-omongan nobuat sekang kitab kiye: “nek sijining wong nambaih apa bae maring omongan-omongan kiye, dadi Allah arep nambahna maring deweke pagebluk-pagebluk seng katulis neng njero kitab kiye 19 lan saumpamane sawijining wong ngurang babakan sekang kitab kiye dadi Allah arep njiot bagiane sekang wit panguripan wis lan sekang kota suci, kaya dinising katulis neng jeroh kitab kiye. 20 Dewek-Ke sing ngwehi panjelasan babagan saka behe kiye, berfirman: “ya Inyong teka sajepete!” Amin tekalah Tuhan Yesus. 21 Kemurahane Tuhan Yesus ngiringi koe kabeh! Amin.