1 Banjur inyong ndeleng langit anyar karo bumi anyar, awit langit sing sepisan uwis langka secepete ya ora ana maning. 2 Lan inyong ndeleng kota sing sucii Yerusalem sing anyar mudun sekang suwerga sekang Allah sing dandan kaya penganten wadon, sing dandan kanggo bojone. 3 Banjur inyong krungu suara seru banget sekang tahta kuwe delengen tarube Allah ana neng tengah-tengahing menungsa lan deweke arep mangan bareng karo menungsa kabeh. Arep dadi umaeh deweke lan dewek arep dadi Allah kae kabeh. 4 Lan deweke arep ngilangna kabeh lueh sekang matane kae kabeh lan pati ora bakal ana maning; ora bakal ana maning kesusahan lan tangisan utawa nelangsa jalaran sekabehing sing uwis sue kue ilang. 5 Dewekke jagong neng tahta kue ngomong: “delengena inyong ndadekna sekabehe iku anyar! Lan omongna: “tulisna jalaran sekabehing omongan kiye pas lan bener”. 6 Omongane maning maring inyong: “sekabehing uwis klakon. Inyong kiye Alfa lan Omega, sing disit dewek lan keri dewek. Wong sing ngelak arep tak wei nginum kanti gratis sekang tuking banyu penguripan. 7 Sing sapa menang deweke bakal oleh sakabeing iki lan Inyong bakal dadi Allahe lan dewek bakal dadi anak Inyong. 8 Ning wong-wong sing wedih, wong-wong sing ora percaya, wong-wong sing kejem, wong-wong sing mateni, wong-wong telembuk, tukang-tukang sihir, penyembah setan, lan kabeh tukang nglomboni, kae arep olih bagian neng jero segara geni lan belerang; ia kiye kepaten sing kepindo. 9 dadi teka sijining malekat sekang antarane malekat kepitu mau sing nyekel cangkir, sing kebek karo petaka sing keri dewek banjur deweke ngomong maring inyong kaya kiye: “ayo pada ngeneh, inyong arep nuduhne maring kowe penganten wadon bojone Anak Domba.” 10 Banjur sejeroning roh deweke nggawa inyong neng nduwure gunung sing gede lan duwur lan nudokna maring inyong kota sing suci kuwe Yerusalem mudun sekang suwerga sekang Allah. 11 Kota kue kebeh kemulyaning Allah lan padhange kaya permata sing paling indah kaya dene permata yaspis bening kaya Kristal. 12 Lan temboke gede tur duwur lan lawang gerbange cacae rolas lan senduwure. Lawang-lawang gerbang kue ana malekat rolas lan neng dure ketulis jenenge rolas suku Israel. 13 Sing sisih wetan ana lawang gerbang telu, neng sisih lor ana telung lawang gerbang, nang sisih kidul ana telu lawang gerbang, lan nag sisih kulon ana telu lawang gerbang. 14 Lan tembok kota kue duwe lan desan rolas watu dasar lan neng duwure ditulis jenenge rolas rasul Anak Domba kue. 15 Lan deweke, sing ngomong-ngomong karo inyong, nduwe tong ukuran sekang emas kanggo ngukur kota kue bareng lawang-lawang gerbange lan temboke. 16 Kota kue wujude segi papat persegi, dawane padha karo ambane. Lan deweke ngukur kota kue karo tongkat kue; rolas ewu kikis stadia dawane lan ambane lan duwure padha. 17 Banjur deweke ngukur temboke: satus patang puluh papat hasta, mi turut nurut ukuran mangsa, sing ugah ukurane malekat. 18 Tembok kue sekang permata yaspis; lan kota kue dewek sekang mas tulen kaya kaca asli. 19 Lan lendasane tembok kota kue dihiasi karo warna-warni watu permata. Landesan kepisan watu yaspis, lendesan kapindo watu nilang landesan kaping telu watu mirah lendesan kaping papat watu jamrud. 20 Landesan kaping lima watu unam landesan kaping enem watu sardis landesan kaping pitu watu ratna cempaka, landesan kaping wolu watu beril kaping sanga watu krisolit kaping sepuluh watu krisopras kaping sewelas watu lazuwardi lan kaping rolas watu kecubung. 21 Lan rolas lawang gerbang kue ya kue rolas mutiara: saben lawang gerbang sekang mutiara siji lan dalan-dalan kota kue sekang emas murni kaya dene kaca bening. 22 Lan inyong ora deleng bait suci neng jerone; jalaran Allah, sing Mahakuasa kue, bait sucine semeno uga Anak Domba kue. 23 Lan kota kue ora perlu srengenge lan rembulan kanggo madangi, jalaran kemulyane Allah sing madangi lan Anak Domba kue dadi lampune. 24 Lan bagsa-bangsa arep mblaku neng sejeroning padhange lan raja-raja neng bumi nggawa bandane maring deweke; 25 lan lawang-lawang gerbange ora arep ditutup awan lan bengi jalaran wengiora bakal maning ana neng kana. 26 Lan kesugian lan ormat bangsa-bangsa arep digawa maring Deweke. 27 Nanging ora bakal mlebu apa bae sing najis, utawa wong sing lakokna kekejian utawa tukang lombo, kur wong kae padha sing arane ketulis sejeroning kitab penguripan Anak Domba kuwe.