1 Nang wektu kue Yesus metu kang umah kue lan njagong nang pinggir telaga. 2 Mula terus akeh wong teka grombolan terus ngubengi Yesus, mulane Yesus munggah nang prau terus njagong nang kono, mulane wong akeh pada ngadeg nang pinggir segera. 3 Terus deweke ngomongaken pirang-pirang perkara nang sejerone gegambaran maring kae kabeh. Omonge: “Anane wong tukang nyebar metu kanggo nyebar. 4 Wektu deweke nyebar, sebagean wiji kue tiba nang pinggir dalan, terus manuk pada teka mangani nganti entek. 5 Sebagean tiba nang lemah akeh watune, sing ora akeh lemaeh terus wiji kue enggal thukul, sebabe lemaeh tipis. 6 Tapine sauwise sengenge metu, deweke dadi alum lan dadi garing sebabe ora ngoyod. 7 Sebayen maning nang tengah tengah suket eri, terus dadi tambah gede suke kue karo nyempedi nganti mati. 8 Lan sebagean tiba nang lemah sing apik terus woh: ana sing lipet satus, ana sing lipet sewidak, ana sing telung puluh lipet. 9 Sapa due kuping, sekudune ngrungokna!” 10 Mulane murid-muride pada teka lan takon karo deweke: Kenang apa kowe omongane maring kae kabeh sejerone gegambaran?” 11 Jawabe Yesus: Kanggo kowe di wenei pengerten kanggo ngerteni wewadine kraton swarga, tapine maring kae kabeh ora. 12 Sebabe sapa sing nduweni, nang deweke arep di wei, nganti deweke kelewih en; Tapine sapa sing ora nduweni, apa baen uga sing ana nang deweke arep di jiot sekang deweke. 13 Mulane guwe Enyong ngomongken sejerone gegambaran maring kae kabeh: mula senajan ndeleng, kae kabeh ora ndeleng lan senajan krungu, kae kabeh ora krungu lan ora ngerti. 14 Mula kae kabeh wis cukup wangsite Yesaya sing onine koe arep krungu lan krungu, tapine ora ngerti koe arep ndeleng lan ndeleng, tapine ora nanggapi. 15 Sebab atine bangsa kie wis kandel, lan kupinge abat ngrungkkaken lan matane ketutup rapet; supaya aja deweke ndeleng karo matane lan krungu karo matane lan krungu karo kupinge lan ngerti karo atine terus mbelek supayane enyong kae kabeh. 16 Tapine beja banget matamu sebabe ndeleng lan kupinge krungu. 17 Sebab enyong ngomong maring kowe: sebenere akeh nabi lan wong bener kepengin ndeleng apa sing kowe deleng tapine ora weruh, lan kepengin krungu tapine ora ngrungokna 18 Sebab kue, rungokna arti gegambaran gue 19 Kanggo sekabene wong sing krungu Firimane soal kraton swarga, tapine ora ngeteni, njur teka si jahat lan ngrebut sing di sebarakan sejerone atine wong kue: ya guwe winih sing di sebarakan nang pinggir dalan. 20 Wiji sing di sebarna nang lemah watuan ya gue wong sing ngrungokna Firmane guwe lan cepetan nampani karo seneng 21 Tapine ora metu oyode lan kuat sedela thok nek umpane teka paksaan utawane penyiksaan sekang Firman gue, wong gue enggal murtad. 22 Sing di sebarane nang tengah suket eri ya gue wong sing ngrungokna Firmane gue, terus kekuatirane dunga die lan akal-akalane kesugiane sing ndadekna Firman kue ora who. 23 Sing di sebenarna nang lemah sing apik ya gue wong ngrungokna Firman gue lan ngerteni, lan sebabe gue deweke ngetokna woh, ana sing satus lipet, ana sing sewidak lipet ana sing telung puluh lipet. 24 Yesus njembreng perkara gegambaran sajen man maring kae kabeh, jereNe: “babagan kraton suarga di gambaraken wong sing nyebar bibit sing apik nang kebonane. 25 Tapine wektu wong pada turu, njur teka musueh nyebarna winih alang-alang nang antarane gandum kue terus lunga. 26 Sewektu gandum kue thukul lan mulai kembang, ketenger banget alang-alang kue. 27 Mula njur teka kuli buruh kue maring jaragane ngomong: Juragan, mbokan winih apik, sing di sebarana nang kebonan ne juragan? Sekang endi anane alang-alang kue? 28 Jawabe juragan kue: Sawijine mungsuh sing nglakokna njur ngomong kuli-kuli kue meng deweke: Dadi apa arep juragan supayane kie kabeh lunga mbeduli alang-alang kue? 29 Tapine deweke ngomong: Aja, sebab mbok gandum, kue melu kebedul sewektu koe mbedul alang-alang kue? 30 Jorna baen loro lorone thukul bareng nganti wektu pamen. Nang wektu kue enyong arep ngomong aring tukang manen. Kumpulaken disit alang-alang kue lan jireti, bekakas-bekakas nggo di otong: Seteruse kumpulna gandum kue nang lambunge inyong. 31 Yesus njembreng salah siji gegambaran sejen maring kae kabeh, jareNe: Soal kraton swarga kue kaya dene wiji sesawi, sing di jiot lan di sebarana wong nang kebonane. 32 Pancan wiji kue sing paling cilik ketimbang wiji liane, tapine nek wis thukul, wit sesawi kue paling gede ketimbang jangan lea, malahan dadi wit, mulane manuk-manuk mabur njur, nyusuh nang pang-pange. 33 Lan deweke nyritakna gegambaran kie uga maring kae kabeh: soal kraton swarga kue kaye dene ragi sing di jiot. Sekang wong wadon lan di kolehna sejerone glepung terigu telung sukat nganti koleh sekabe ane.” 34 Sekabe ane kue di tekakna Yesus maring wong akeh sejerone gegambaran, lan ora karo gegambaran, apa baen ora di tekak Na, maring kae kabeh. 35 Supayane pas Firmane sing di tekakna sekang nabi: Enyong arep mbukak cangkeme enyong ngomongna gegambaran, enyong arep ngucapana perkara sing ngumpet wiwit denga di dadekna. 36 Mulane Yesus uga ninggalna wong akeh terus bali, panderek-penderek keteka lan ngomong aring deweke: “Jajal jelas na maring enyong kabeh gegambaran babagan alang-alang nang kebonan kue.” 37 Deweke njawab omoNge: wong sing nyebarana wiji apik ya kue anake menungsa 38 Kebonane ya kue dunga bibit sing apik kue bocah-bocah kraton lan alang-alang bocah-bocah si jahat. 39 Mungsuh sing nyebaraken bibit alang-alang yakue iblis. Wektu panen ya kue ahir zaman lan tukang manen kue malaikat. 40 Mula kaya alang-alang kue di kumpulna lan di bakar sejerone geni, kaya kue uganang ahir zaman. 41 Anake menungsa arep mrentah malaekat-malaekat te lan kae kabeh arep ngumpulna sekabeane sing nasaraken lan kabeh wong sing nglakokana kejahatan sekang njero kraton Ne. 42 Kabeane arep di buang meng sejerone geni pawon; nang kono arep ana getun lan kerote untu. 43 Lah nang wektu kue wong-wong bener arep mencorong kaya sengenge sejerone krotone ramane kae kabeh. Sapa ndue kuping, kudune deweke ngrongokna. 44 Babagan kratena suarga kue di gambaraken dunga sing kependem nang kebonan. Sing di temukan wong, terus di pendem maning nang deweke. Mula saking senenge njur lunga deweke adol kabeh deweke terus tuku kebon kue. 45 Kaye kue uga babagan kroten suarga kue di gambarana siji wong dodolan sing nggoleti mutiara sing maen. 46 Seuwise deweke nemukna mutiara sing pengaji banget, deweke uga lunga adol sekabehan deweke terus tuku mutiara kue. 47 Kaya kue ugu perkara kraton swarga kue gambarane jaring sing di pasang nang segara, terus ngumpulna pirang-pirang werna jinis iwak. 48 Sewise kebek, jaring kue di sered wong meng pinggir, terus pada njagong kae kabeh lan ngumpulna iwak sing apik meng njero jembangan lan iwak sing ora apik ke kabeh mbuang 49 Kaya kue uga nang ahir zaman: Malaekat-malaekat arep teka misahano wong jahat sekang wong bener. 50 Terus ngontalna wong jahat meng njero geni pawon: nah nang kono arep ana ngajong lan kerote untu. 51 Ngertenana koe sekabenane kue? “Kae kabeh nyauri: “Ya, enyong ngerteni.” 52 Mula Yesus njur ngomong maring kae kabeh.” “Sebabe kue kabeh ahli taurat sing nampani wulangan sekang babangan kraton sorga kue gambarane tuan rumah sing ngetokna dunga sing anjar lan sing lawas sekang simpanane. 53 Sawise Yesus rampung nyritakna gegambaran-gegambaran kue. Deweke uga lunga sekang kono. 54 Setekane nang panggonan Asale, Yesus mulang wong-wong nang kono nang papan pangibadaeh kae kabeh. Kae kabeh gumun kae kabeh lan ngomong: Sekang endi pekolih pengerten kue lan kuasane kanggo nganakaken mukjizat-mukjizat kue. 55 Mbok deweke kie anake tukang kayo? Mbok ibu Ne jengenge Mariam lan sedulur-seduluRe: Yakobus, Yusuf, Simon, lan Yudas? 56 Lan mbok sedulur-sedulur Ro wadon sekabeane ana bareng enyong pada? Dadi sekang endi anane sekabeane kue?” 57 Terus kae kabeh getun lan nampik Deweke. Mulane pengucape Yesus maring kae kabeh: “Siji wong nabi di ormati wong endi-endi kejaba nang tempat asale dewek lan wong umaeh.” 58 Lan sebabe nggone ora percayane kae kabeh ora akeh mujijat di anakna deweke nang koro.