Pasal 12

1 Wektu dina kue, nang dina sabat Gusti mlaku nang kebon gandum karena kencot, terus penderek pendereke pada ngemeti gandum lan di pangan. 2 Sawise ndeleng kue, wong-wong kue pada ngomong maring deweke: kae delengna, penderek penderekmu, gawe polah singora di ulihna nang dina sabat. 3 Tapi jawabe Yesus karo wong wong kue, kabeh; Apa koe ora maca sing di hakomi nang Daud, wektu kue lan wong kue sing ngetutna kencoten. 4 Keprie deweke mlehu maring jeru jumahe Gusti Yesus, lan kepriwe wong wong kue mangan roti suguhan sing ora ulih di pangan, nang deweke utawa wong wong sing pada ngututna, kecuali penatua. 5 Apa koe ora maca nang sajerone kitab taurat, nang wektu dina dina sabat imam imam melanggar peraturan nang njero bait Allah, tapi ora salah. 6 Inyong ngomong aring kowe: nang kene ana sing nglewiki rumah ibadah. 7 Yen pancen kowe ngerti Firmane kie; sing dikarepna ya kue welas asih lan udu persembahan mesti kowe ora ngukum wong sing ora due salah. 8 Sebab anak menungsa kuwe Tuhan nang dina sabat. 9 Sa wise lunga sekang koro, Gusti Yesus mlebu aring umah ibadate wong wong kuwe. 10 Nang koro ana wong siji sing mati sebelah tangane, wong wong kuwe pada takon aring deweke! Apa ulih nambani wong nang dina sabat? Maksude wong wong kuwe ben bisa nyalah na Yesus. 11 Tapi Yesus ngomong maring wong wong kuwe: Nek wong siji sekang salah sijine kowe pada due domba siji bae lan dombane kuwe tiba aring njero blumbang wektu dina sabat, Apayaora nyekelna utawa ngetokna? 12 Apa menungsa ora lewih penting dari pada domba? Sebabe kuwe ulih gawe apik nang dina sabat. 13 Terus jere Gusti Yesus aring wong kuwe: ulung na tanganmu lan deweke ngulukgna banjur wong kuwe tangane mari lan dadi sehat kaya tangan liyane. 14 Terus wong Farisi pada metu lan rembungan arep pada mateni gusti Yesus. 15 Tapi Yesus ngerteni maksude wong wong kuwe terus lunga sekang kana. Akeh wong ngetutna Yesus lan deweke ngobati/nambani wong wong kuwe kabeh. 16 Gusti Yesus karo ngomongi wong wong kuwe ora olih aweh ngerti yeng kuwe sapa. 17 Supayane genep sabdane Gusti singdi omongna nang nabi Yesaya: 18 Kae delengna pelayanku sing tek pulih, sing tek senengi, maring kae aku percaya. Gusti Yesus arep rohe nang nduwure, lan deweke arep ngapurani ukuman kanggo bangsa bangsa. 19 Deweke ora arep ngeyel lan ora tulung tulung, lan wong ora arep krungu suarane sing nang ndalan ndalan 20 Pring sing tugeh mlengkung ora arep di pedot, lan seles sing rusak murube ora bakal di sirep. Nganti deweke dadi hukum kue menang. 21 Dadi ming karo Gusti Yesus bangsa bangsa kue bisa. 22 Terus wong sing kerasukan setan kuwe di gawa maring Yesus, wong kuwe picek lan bisu, terus Yesus nambani, dadi wong bisu kuwe bisa ngomong lan bisa ndeleng. 23 Mulane kaget banget wong akeh kuwe, jerene; Yesus kie kayane anak Daud. 24 Tapi sawise wong Farisi pada ngrungokna; wong-wong kuwe pada ngomong, karo Beelzebul, pawang setan, Yesus ngurak setan. 25 Tapi Yesus ngerteni pikirane wong wong kuwe terus ngomong maring wong kae saben perkumpulan sing pisah pisah mesti bakale rusak. Ora mungkin bisa tahan sue. 26 Ya kaya kuwe uga nek setan ngurak setan, deweke pisah dewek dewek, kepriwe sik kralone bisa tahan sue? 27 Dadi aku nek ngurak setan nganggo kuasane Beelzebul karo kuasane sapa sih penderek penderekmu? Sebabi wong wong kuwe sing arep dadi saksimu. 28 Tapi yen nyong ngurak setan nganggo jenenge Allah mula sing seberene kerajaan Allah wis ana nang awakmu. 29 Kaprie sih wong bisa mlebu umahe wong sing kuat lan ngrebut banda dunyane yeneora di jiret disit wong kuwat kuwe. 30 Sapa sing ora bareng Gusti Yesus, lan sapa sing ora gelem kumpul karo aku, deweke arep ngobrak abrik. 31 Kue sebabe nyong ngomong maring kowe, sekabeh ane dosa lan kutuk menungsa arep di ampuni. Tapi kutuk sing maring Roh kudus ora bakal di ngapurani. 32 Umpamane wong ngucapna cerita anak menungsa, deweke arep di ngapurani, nang ndunya kie ora, 33 Yen ana wit kowe ngomong apik, ya apik juga wohone, yen ana wit kowe omongna elek, ya wohone uga ora apik, sebabe sekang wohene wit mau uga wis di kenal. 34 Hai wong wong sing jahat kenang apa kowe bisa ngomong barang sing Apik? Sedeng kowe dewek wong jahat, sebabe sing di omongna kue metu sekang atine. 35 Wong sing elek ngetokna omongane sing elek sekang unek uneke atimu sing apik lan wong sing jahat ngetokna omongan sing elek jahat sekang unek uneke ati sing jahat. 36 Tapi aku ngomong meng kowe, saben omongan sing ora ana gunane lan omongane kudu ana tanggung njawabe nang dina pengadilan. 37 Sebab yen menurut omongmu kowe arep di bener na, lan yen nurut omonganmu bae kowe arep di ukum. 38 Nang wektu kuwe ana pira wong ahli taurat pada ngomong lan wong Farisi maring Yesus; Guru, yong kabeh pada kepingin weruh tanda-tanda sekang Gusti Yesus. 39 Tapi Jawabe maring wong wong kuwe, kumpulane sing wong ora pada peercaya yakue tanda, tapi maring wong wong kuwe ora arep diwei tanda nabi Yunus 40 Sebab kaya Yunus manggon nang njerone weteng iwak paus telung dina telung mbengi, kaya kuweuga anak menungsa arep manggon nang njero weteng bumi telung dina tulung mbengi. 41 Nang wektu dina pengadilan, wong wong ninewe arep menyat bareng kumpulan kie lan nyiksa uga, soale wong wong ninewe kuwe tobat sa wise di wei ngerti nang Yunus, lan sebenere sing ana nang kencana ne ming kau Yunus. 42 Nang wektu pengadilan kuwe, ratu sekang kidul kuwe arep menyat bareng karo wong kumpulane kie, lan deweke arep nyiksa uga soale ratu kie teka sekang pol polane bumi kanggo ngrungokna pengertiane Salomo, lan sebenere sing ana nang kene ya kuwe ming Salomo. 43 Umpamane Roh jahat metu sekang menungsa; deweke uga kelayaban maring panggonan panggonan sing garing nggolet go mandeg tapi deweke ora nemu. 44 Terus deweke ngomong, nyong arep kali meng ngumah sing wis tek tinggalna kuwe, terus deweke mangkat ngerti yen umatie kosong resik lan teratur. 45 Terus deweke metulan nggawa batir pitu akehe Roh jahat liane sing lewih jahat sekang deweke, lan setan setan kuwe mlebu terus meneng nang kono lewih elek sekang sekang asal maune. Kaya kuwe uga arep kanggo nang kumpulane sing jahat kie. 46 Wektu Yesus esih ngomong karo wong akeh. Kuwe, beyunge lan dulur dulure pada nyadegnang. Njaba lan kepengin ketemu Yesus. 47 Terus wong kuwe ngomong maring Gusti Yesus, kae delengen: Beyungmu lan sedulur dulurmu ana nang nyaba lan kepengin banget ketemu Gusti Yesus. 48 Tapi jawabe Yesus maring wong sing nyampekna kabar maring Gusti Yesus. Sapa beyungku? Lan sapa sedulur dulurku? 49 Terus jerene! Karo nunjuk maring penderek penderek. Kie beyungku lan kie sedulur dulurku kabeh. 50 Sebab sapa bae sing nglakoni karepe Gusti Allah nang sorga, kae sedulurku lanang kae uga dulurku wadon, lan beyungku.