Pasal 3

Ndedonga kanggo inyong kabeh 1 Ahire sedulur sedulur, dongalah nggo aku. Dongalah ben kabar sekang Gusti ben trus nyebar lan cepet ketrima apik, pada kayane sing wis di alami nang koe mbien. 2 Dongakna bae ben Allah nylametna aku sekang wong wong sing bejad. Sebabe ora kabeh wong yakin maring kabar sekang Gusti kuwe. 3 Ning Gusti setia. Kae bakal nguatna koe kabeh lan nglindungi koe kabeh sekang wong Jahat. 4 Lan aku yakin penuh maring Gusti, soale koe kabeh, yen koe kabeh agi nglakoni lan bakal trus nglakoni apa sing aku usulna maring koe. 5 Mugo Gusti mbimbing koe kabeh ben lewih ngerti yen Allah ngasi'ih koe kabeh lan yen Kristus aweh kesabaran maring koe. Kewajibane kanggo nyambut gawe 6 Sedulur sedulur, berkat kuasane Gusti Isa Almasih Kristus, aku prentah ben koe kabeh ngadoih kabeh sedulur, sing urip males malesan, lan sing ora manut ajaran ajaran sing aku aweh maring koe. 7 Koe dewek ngerti yen koe kabeh kudu niru conto aku. Aku ora males malesan pas aku ana nang tengah tengah koe kabeh. 8 Aku ora mangan panganan wong sing arep ora mbayar. Sebalike awan mbengi aku kerja mbanting tulang ben aku ora nyusahna sapa bae nang antarane kae. 9 Aku nglakoni kuwe dudu merga aku,ora berhak nuntut ben koe kabeh nulung aku, ning merga aku arep dadi contoh nggo koe. 10 Pas wektu aku tesih ana nang tengah tengah koe kabeh, aku aweh aturan kie, “Wong sing ora gelem kerja ora ulih mangan.” 11 Inyong kabeh ngomongna kie sekabe inyong kabeh krungu yen ana wong-wong nang antarane koe sing urip pada males-malesan. Kae kabeh ora nglakokna apa-apa, sibuk nyampuri urusane wong lia. 12 Sekang kuasane Gusti Isa Almasih Kristus inyong kabeh prentahna wong wong kue lan aweh pringatan, supayane kae kabeh kerja karo tentremlan golek nafkah kae kabeh dewek. 13 Tapine koe kabeh aja bosen gawe apik. 14 Mbok menawa mengko ana wong sing ora gelem nuruti apa sing inyong omongna jroning layang kie. Ngati-ati maring wong sing kaya kue lan aja kembul karo deweke men deweke isin. 15 Tapine aja nganggep deweke kaya mungsuh; nanging omongi deweke kaya sedulur. Omongan omongan sing keri 16 Gusti yakue sumbere sejahterane inyong kabeh. Moga-mogaha Deweke selalu ngaweih maring awakmu sejahtra sajeroning segala babagan. Moga-mogaha Gusti nyertani sedulur kabeh. 17 Salam sekang inyong, Paulus. Inyong dewek sing nulis bagian kie. Yakie tenger sing inyong delehna nang kabeh layange inyong. 18 Moga-moga Gusti deweke kabeh Isa Almasih Kristus mberkati sedulur sekabeh ane. Ormat inyong kabeh, Paulus.