Pasal 2

Menungsa Jahat 1 oal tekane Gusti aku koe Isa Almasih Kristus, lan soal arep ngumpulna aku koe nggo netep bareng deweke, nah kie sing aku njaluk sing temenan sekang koe kabeh. 2 Aja sampe cepet cepet bingung karo was was merga anane kabar yen uis teka dinane Gusti Isa Almasih teka maning. Bisa kabar kue asale sekang nubuat, mungkin sing uis di ajarna, mungkin bae dadi ana sing ngucap yen aku koe tau nulis sing kaya kue nang njro salah sijine suratku. 3 Kepriwe bae, aja ngejorna wong ngelombo koe kabeh. Sebabe seurunge teka dina kue, kudune kedadian bab kie lewih ndisit: Akeh wong bakal murtad, ngelemboni Kristus; lan menungsa ora apik sing di takdirna go mlebu meng neraka, arep ngetona awake. 4 Karo sombong deweke arep ngelawan lan njunjung nang duwur sekabeanne sing di sembah nang menungsa, mungkin kabeh sesembahan sing di anggep Allah nang menungsa. Lan kae arep njagong nang Umah Allah lan ngumumna yen kae kue Allah. 5 Emutna yen aku tau aweh ngerti sekabeanne kue pas wektu aku tesih bareng karo koe kabeh. 6 Lan koe kabeh ngerti apa sing siki tesih nyegah dadine sekabeane kue. Mengko pas wektu sing uis di tentukna nang Allah, wong ora apik kue arep mentu. 7 Tenaga sing ngerjak na sing ora maen kue uis mulai kerja karo umpet umpetan, ning tesh di alang alangi. Mengko nek singalangi kue uis disingkirna, 8 nembe keton wong sing ora apik kue. Mengko nek Gusti Isa Almasih teka, kae garep mateni wong sing ora apik kue nganggo ambekan sekan cangkeme lan mateni kae nganggo cahayane tekane deweke. 9 Wong sing ora apik kue arep mentu nganggo kuasane sing gede sekang Iblis. Kae arep nganakna kabeh macem mukjizat lan bab bab sing ora sebaene sing akeh kanggo ngelembo. 10 Kae arep nganggo apa bae tipu daya sing ora apik nggo nyasarna wong wong sing garep mati. Kae pada arep mati sebab moh nerima lan ora nyenengi kabar sing bener sekang Allah sing bisa nulungi kae pada. 11 Nah kue sebabe Allah nekakna aring kae pada kuasa sing nyasarna, dadine kae pada yakin bakal apa sing ora bener. 12 Akibate, kabeh wong sing seneng dosa lan ora yakin maring sing bener kue, bakal di ukum. Koe kabeh dipilih kanggo dislametna 13 Sedulur sedulur sing dimelasi Gusti! Seteruse aku koe kudu ngucap syukur maring Allah soal koe kabeh, sebab sekang awale Allah uis milih koe kabeh kanggo di tulungi. Bab kue dadi nang apa sing dikerjani Roh Allah maring koe nggo ndadekna koe kabeh umate Allah sing suci lan mergane koe kabeh yakin maring kabar sing bener sekang Allah. 14 Nggo kue Allah ngundang koe kabeh liwat Kabar Apik sing aku kabarna maring koe. Allah ngundang koe kabeh, merga kae gelem ben koe kabeh melu ngerasakna keagungane Gusti nyong koe Isa Almasih Kristus. 15 Mulane kue, sedulur sedulur, ngadeglah sing yakin (kuat) lan cekelan trus maring ajaran ajaran sing wis nyong awehna maring koe, apik lewat omongan karo apa sing ditulis. 16 Moga Gusti nyong koe Isa Almasih Kristus dewek, lan Allah Bapa deweke kabeh nyenengna lan nguatna atimu, ben koe kabeh ulih nggarap lan ngabarna apa sing apik. 17 Sebabe Allah ngasi'ih nyong koe, lan merga kemurahan atine kae nggawe nyong koe tetep sabar, karo ngarepna sing apik.